Nyulap Uwuh Dadi Emas

Saperangan taun kepungkur, kawasan Kudus nate nemahi pasulayan krusial bab uwuh. Ewasemana, solusi nembe muncul kanthi tumekane Bank Sampah Muria Berseri ing Desa Gondangmanis, Kecamatan bae. Madeg wiwit taun 2012, bank uwuh iki dadi papan kang nyaranani para warga anggone setoran uwuh kaya dene kerdhus lan botol plastik kang diijoli karo emas utawa dhuwit

Bank Sampah Muria Berseri ing Desa Gondangmanis, Kecamatan Bae, Kabupaten Kudus

Anut katrangane Indah Nuryati, warga Perumahan Muria Indah, krisis uwuh nate tinemahan ing saindenge laladan Kudus. Nenumpuke uwuh dumadi ing ngendi-endi, wiwit saka sauruting pinggire dalan, pekalen, lan plataran omah. Ambu sing nggeganda nyegrak tamtu tan bisa siningkrihi.

Mungguhe Indah, pakulinan setoran uwuh kanthi ajeg dudu mung bisa sabiyantu kanggo nyenyuda limbah, nanging uga nyata bisa njurung dayane pigunane ekonomine para warga.

Bank Uwuh, Solusi Krisis-e Uwuh ing Kudus

Mula tumekane Bank Sampah Muria Berseri wiwit taun 2012 ing Desa Gondangmanis, Kecamatan Bae dadi solusi tumanja kanggo ngawekani krisis uwuh ing Kudus. Wiwit sepisanan madege, bank iki nindakake operasi kanthi nglumpukake uwuh organike warga kadi dene platik, kertas, lan logam, kang sabanjure didol menyang pehak katelu.

Ing kawitan, pendataane uwuh saka warga pancen ditindakake kanthi manual nganggo buku besar lan buku tabungan uwuh duweke nasabah. Pretungane tabungane nasabah kuwi uga dilakoni kanthi manual, didata siji mbaka siji uwuh kang disetorake. Bank Sampah Muria Berseri ngladeni nasabah saben dina Rebo lan Minggu saka tabuh kaping sanga esuk nganti sewelas awan. 

Saben nasabah ing Bank Sampah Muria Berseri antuk pengasilan tambahan saka milah lan nyetorake uwuh bale pomahan. Upamane Indah, kang rikala kuwi katonnggegawa maneka jinis uwuh. Katelah uwuh setorane Indah rikala kuwi arupa 0,7 kg plastik kreseg, 1,1 kg umplung, 1,8 kg dupleks, 5 kg kerdhus, lan 1,3 kg botol plastik.

Kerta ajine saben-saben uwuh kang disetorake ora padha. Upamane kerdhus, diregani Rp.1.800/kg. Dene botol plastik bisa nganti Rp.4.500/kg. Saka total setorane dina kuwi, Indah bisa ngolehake Rp.15.000. Mungguhe Indah, pancen nominale iki cilik, nanging pigunane luwih saka saderma redana. Mungguhe Indah, kegiyatan iki nyata bisa memangun kasadharan lan tanggung jawabe warga kanggo ngemonah uwuh kanthi permati.

Bank Sampah Muria Berseri kanthi ajeg ngetokake dhaftar 10 besar nasabah kanthi saldo tabungan gedhe dhewe minangka wujud pamecut. Sajrone setaun, pencairan tabungan bisa dilakoni ping pindho. Sasuwene periodhe Januari nganti Juni 2025, Hani Sulistyowati cinathet minangka nasabah kanthi tabungan dhuwur dhewe, angkane yeku Rp1.243.500. 

Ngijolake Uwuh karo Emas

Ndeleng potensi kuwi, pehak panitilaksana lumakune Bank Sampah Muria Berseri duwe gagasan apik. Para nasabah, ora mung bisa oleh kauntungan arupa dhuwit tunai wae saka sampah kang disetorake, nanging uga emas. Wiwit 2018, bank uwuh iki wiwit makarya bebarengan karo Pegadaian Kudus.

Ibu-ibu panitilaksana program Bank Sampah Muria Berseri

“Yen mung diijolake dhuwit tunai, lumrahe bisa langsung entek kaenggo. Mula, kita wiwit nindakake inovasi kanthi anane setor-ijol emas. Uwuh kang ditabung bisa diijolake emas. Iki mono rak bisa dadi investasi uga mungguhe para warga. Apamaneh kerta ajine emas saben wayah tartamtu tansah mundhak,” ature Siti Munjayanatun, bageyan Divisi Operasional Bank Sampah Muria Berseri.

Siti nyethakake lamun mekanisme setor-ijol emas ing Bank Sampah Muria Berseri mono prasaja banget lakon-lakonane. Kerta ajine uwuh kang disetorake ora langsung dicairake, nanging dikonversi dadi saldo emas ing Pegadaian.

“Unike maneh ing kene, nasabah bisa nabung wiwit saka 0,01 gram. Saldo kang kasil diklumpukake bisa diwujudake dadi emas wilahan saora-orane yen bobote wis nggayuh angka 1 gram,” ujare Siti.

Nasabah Uga Bisa Antuk Rabuk Kompos Organik Gratis

Ora mung emas, para nasabah kang sregeb nabung uga bisa antuk rabuk kompos organis yen diperlokake. Siti ngandharake, rabuk ompos iki minangka wewehane Bakti Lingkungan Djarum Foundation, kang pancen duwe program pangolahan uwuh organik dadi rabuk kompos.

Bakti Lingkungan Djarum Foundation kinarya papan pangolahan aneka jinis uwuh organik. Papan iki nampung puluhan ton limbah organis kadi dene sisa-sisan panganan, gegodhongan garing, engga kethokane pang-pange wit. Kabeh uwuh kasebut sabanjure diproses kang migunani tumrap lingkungan.

“Ing kene, uwuh anorganike bisa ditabung dadi dhuwit lan diwujudake emas. Dene sing orgaik, dijupuk dening Bakti Lingkungan Djarum Foundation banjur diolah dadi kompos, warga bisa ngolehake kompos yen merlokake,” imbuhe Siti nambahi katrangan bab pangemonahe uwuh organik ing Bank Sampah Muria Berseri.

Mungguhe panitilaksanane program iki ing Bank Sampah Muria Berseri, uwuh-uwuh organik kuwi disetorake saka bale pomahan, rumah makan, sekolahan, hotel, pasar, pondhok pesantren kang dadi mitrane Bakti Lingkungan Djarum Foundation. 

Sawise disetor, panitilaksanane banjur nyacah uwuh-uwuh kasebut nganggo mesin modheren lan dicampurake karo bakteri pinilih supaya bisa dadi rabuk organik. Rabuk organik kuwi kang mengkone bakal diwenehake menyang masarakat Kudus kang mbutuhake. Klebu nasabahe Bank Sampah Muria Berseri.

Daya Pigunane Bank Sampah tumrap Lingkungan lan Komunitas

Siti ngaku lamun dheweke seneng ndeleng kasadharane warga, utamane bab pamilahan uwuh. Anane fenomena warga padha gumregut tandang nabung uwuh uga tansaya grengseng. Kabukti saka Bank Sampah Muria Berseri kang saiki nduweni luwih saka 500 nasabah.

“Ya kuwi mono kang karan wong nabung. Kala-kalane ana kang sregep, ana sing salumrahe wae, ana kang anut grubyug melu liyan, tur uga ana kang arang setor, sepisan setor langsung tetumpukan akehe. Ewasemana program iki nyata bisa agawe warga saya perduli marang sampah. Luwih-luwih marang pangemonahe,” ujare Siti.

Daya pigunane wusanane karasa nyata. Mungguhe Siti, program iki ora mung saderma njurung daya piguna ekonimi wae, nanging uga bisa sabiyantu marang pamrentah kanggo nyeyuda sampah ing Kudus.Salah siji kasile gumelare program Bank Sampah Muria Berseri katelah saka anane apresiasi saka Duta Besar Denmark kanggo Indonesia, Sten Frandsen. Sten mbombong marang pangemonahe uwuh ing Kudus lan gumun marang inisiatif-e Bank Sampah Muria Berseri kang wis kasil agawe warga padha rumangsa open marang uwuh. Tur iki beda kalawan para warga Denmark kang malah kudu mbayar kanggo bebuwang uwuh.

Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *