Dhanu Priyo Prabowo sapanemu karo Arieyoko menawa karya sastra AI ora perlu diwenehi papan panggonan ing majalah. Redhaktur dijaluk tliti amrih ora kecolongan.
Ambalwarsa Pamarsudi Sastra Jawi Bojonegoro (PSJB) kaping 44 kaleksanan kanthi rancag ing Warung Bucu Coffe (WBC), Trucuk, Bojonegoro, Rebo Kliwon, 22 Juli 2026. Prasaja nanging khidmat. Tinengeran kanthi tigas tumpeng dening Ketua PSJB Nono Warnono, kaaturake marang Wakil Bupati Bojonegoro Nurul Azizah kang kanthi mirunggan kepareng angrawuhi pasamuwan kasebut.

Para anggota PSJB sing karya-karyane wis akeh ngrenggani kalawarti iki uga padha mahargya ambal warsa mau. Kejaba Nono Warnono, katon sesepuh PSJB J.F.X Hoery kang kalebu pengarang generasi angkatan PKJT Sasanamulya. Uga Mas Gampang Prawoto, Herry Abdi Gusti, Jmv Sunarjo, Arieyoko, Emi Sudarwati, Totok Martono, Agus Buchori lan sapanunggalane. Acara wimbuh regeng merga rawuhe puluhan guru Musyawarah Guru Mata Pelajaran (MGMP) Basa Jawa sa-Bojonegoro anganthi para siswa-siswine.
Mucuki atur sambutan, Nono Warnono ngandharake menawa sasuwene 44 taun leladi marang jagading kasusastran Jawa, PSJB wis akeh nerbitake buku novel, antologi crita cekak lan antolologi geguritan. Para anggotane aktif lelumban ing udayana abasa Jawa lan surat kabar abasa Indonesia kang nduweni sisipan kaca basa Jawa.
“Anggota PSJB ugi sampun kathah ingkang nampi pangaji-aji sastra, saking pamarentah, saking Rancage Bandung, tuwin saking Sutasoma Balai Bahasa Jawa Timur,” tuture pengarang sing duwe asma asli Suwarno iki.
Ing kalodhangan rawuhe wakil bupati mau mesisan digunakake dening Nono Warnono kanggo nothog korine pamarentah dhaerah amrih PSJB diajak kerja bareng nenuntun siswa SD-SMP ing babagan nyinau basa Jawa, klebu nyusun buku ajar kanggo pandhuan pamulangan.
“Sampun pitung warsa laminipun PSJB kados-kados lost contact kalihan pamarentah daerah,” kandhane Nono Warnono.
Nanggepi Nono, Nurul Aziah kanthi senenging ati ngendikake menawa Pemkab Bojonegoro lumantar Dinas Pariwisata, ora kabotan ngajak PSJB kerja bareng. Senajan prekara mau isih arep diaturake marang bupati, nanging Nurul yakin ndhuwurane mau ora kabotan karo lekas pinujine PSJB. Luwih-luwih para sesepuhe PSJB wis akeh sumbang surunge marang kabupaten.
J.F.X Hoery upamane, duking nguni tau nyusun buku sejarah Bojonegoro bareng karo ramane Nurul. Nono Warnono aktif ing gerakan Pramuka tingkat kabupaten bebarengan karo Nurul. “Yen mau Pak Nono ngendika menawa pitung taun pungkasan iki PSJB lost contact karo pemkab, saiki ayo dicedhakake maneh amrih sinyale ora ilang,” ngendikane Nurul.
Nurul nuturake Pemkab Bojonegoro duwe komitmen kuwat ngukuhi seni budaya Jawa amrih ora ilang. Sebab ing sanjerone seni budaya mau uga ana wulang wuruk bab unggah-ungguh, katrapsilan, sarta ngajeni marang wong kang luwih tuwa.
“Pasinaon unggah-ungguh kang diwenehake wiwit tataran dhasar, klebu sinau basa, bakal mbentuk karaktere bocah ing dina tembene,” ujare Nurul.
Wujud saka komitmene pemkab marang ajaran Jawa, ngendikane Nurul, yaiku kanthi memundhi wewarah-wewarah luhure Samin Surosentiko. Kepara durung suwe iki pemkab wis kasil mindhah lemah pesareyane Samin Surosentiko ing tanah pembuwangan Sawahlunto, menyang Bojonegoro.
“Kulawarga anak turune Samin Surosentiko nelakake panuwun lan kandha leluhure mau kaya-kaya wis bali menyang sacedhake,” kandhane Nurul.
Ngawekani Sastra AI

Sawise acara seremonial pahargyan ambalwarsa rampung, dibacutake sarasehan bedhah buku Kembang Panguripan lan santiaji Sastra Jawa kanthi pamicara Kukuh S. Wibowo saka Panjebar Semangat lan Widodo Basuki saka Jaya Baya. Ana kang narik kawigaten saka dhiskusi mau nalika sawenehe guru wanita asma Nurilla saka SMPN 5 Bojonegoro ngandharake masalah sing diadhepi sajrone mulang basa Jawa marang murid-muride.
Miturut Nurilla, yen ditugasi ngarang nganggo basa Jawa, mung sethithik wae muride sing gelem serius nulis kanthi idhe-idhene dhewe. Wondene sebageyan gedhe padha dipek gampange, yaiku nggunakake kecerdasan imitasi utawa kang karan kanthi sebutan AI. Nurilla pitakon apa tugas-tugas sing digarap murid-muride mau bisa dikirimake menyang Panjebar Semangat lan Jawa Baya.

Becik Kukuh apadene Widodo prinsipe tetep ngutamakake karangan asli tinimbang karangan asil garapane AI. Senajan karangan asli mau basane isih grothal-grathul paribasane, sarta durung bisa mbedakake kapan kudu nganggo huruf a, o, d, dha, t lan th, nanging yen materine dirasa pantes kanggo dipacak, redhatur bakal ndandani tulisan mau amrih dadi bener.
Arieyoko kang dadi modherator dhiskusi, sarujuk menawa mung karya-karya asline bocah wae sing becike dimuat ing majalah. Apik utawa ala diregani waton tugas ngarang mau digarap dhewe dening si bocah. “Tulisan sing digawe AI luwih becik disingkirake wae,” ngendikane Arieyoko.
Dhanu Priyo Prabowo, budayawan asal Yogyakarta kang uga ngrawuhi pahargyan ambalwarsa PSJB kaping 44 mau mitungkas marang redhaktur Panjebar Semangat sarta Jaya Baya amrih ngati-ati nampa naskah karya sastra fiksi. Karya mau kudu ditliti tenan, bener-bener karya asline pengarang apa mung digawekake AI.

“Terkadhang asil karyane pengarang karo karya sastra gaweyan AI ora bisa dibedakake. Ing kene redhaktur kudu ati-ati nalika nyeleksi naskah marih ora kecolongan,” kandhane Dhanu. Dhanu nyujanani ana salah siji crita cekak sing lolos pemuatan digawe dening AI. Titikane, tulisan mau krasa wagu yen dibandhingake karo tulisan-tulisane pengarang kondhang kasebut ing biyen-biyene. Dhanu sapanemu karo Arieyoko menawa karya sastra AI ora perlu diwenehi papan panggonan ing majalah.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



