Pemkot Surabaya Njamin UHC Tetep Maksimal, Kesehatan Warga Prioritas Utama

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nandhesake yen warga Kota Pahlawan ora perlu kuwatir bab akses layanan kesehatan. Pak Eri njelasake yen komitmen Pemkot Surabaya jroning njamin kesehatan warga liwat skema Universal Health Coverage (UHC) tetep lumaku maksimal.

UHC mujudake sistem penjamin kesehatan sing mesthekake kabeh warga duwe akses adil tumrap layanan kesehatan promotif, preventif, kuratif, lan rehabilitatif sing bermutu tanpa alangan finansial. Program iki diragadi déning pemkot saka Anggaran Pendapatan lan Belanja Daerah (APBD).

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, nerangaké yen warga cukup nuduhaké KTP amrih bisa oleh layanan kesehatan. Kalebu kanggo warga sing melu BPJS Kesehatan PBI (Penerima Bantuan Iuran) nonaktif uga bisa nggunakaké KTP amrih entuk layanan kesehatan.

“Surabaya wis UHC. Kita jamin cukup nganggo KTP. Yen ana sing PBI-né nonaktif, mula nalika ing Surabaya bisa nggunakaké KTP kanggo berobat,” jelase Wali Kota Eri Cahyadi Minggu kepungkur (15/2/2026).

Nanging senajan mangkono, Wali Kota Eri Cahyadi ngajab wargané sing ékonominé cukup, utamané sing mlebu kategori desil 8 nganti 10, supaya nggunakaké jalur BPJS Mandiri, lan ora njupuk jatah warga sing luwih mbutuhake.

“Aku njaluk tulung warga Surabaya sing mlebu desil 8 nganti 10, ayo gotong royong mbantu liyane kanthi ora njupuk jatah warga desil 1 nganti 5, utawa warga prasejahtera. Mengo sing bener-bener ora mampu malah kangelan,” ujaré Wali Kota Eri Cahyadi.

Masyarakat ing desil 1 nganti 5 mujudake kelompok kanthi tingkat kesejahteraan rumah tangga paling endhek saka total sepuluh kategori. Data iki umumé digunakaké pemerintah minangka acuan kanggo nemtokaké target sasaran penerima bantuan sosial kang luwih akurat.

Pak Eri uga ngelingaké perusahaan-perusahaan ing Surabaya supaya tetep nindakake kewajibané ndaftaraké lan mbayar iuran BPJS kanggo pegawene.

Kanggo mesthekaké bantuan tepat sasaran, Pemkot Surabaya arep nganakake validasi ulang data warga prasejahtera. Petugas bakal mudhun menyang lapangan kanggo verifikasi data ing tingkat RW liwat program Kampung Pancasila.

“Bakal kita balekaké manèh menyang warga apa ana sing ora mbenerake bab data warga prasejahtera ing saben RW. Kita bakal jlentrehake, bener ora warga prasejahtera semene, sing sejahtera semene. Yen datané wis bener, sing mampu dak ajab supaya mbayar dhéwé (BPJS-é),” jelasé Pak Eri.

Miturut Wali Kota Eri Cahyadi, langkah iki dijupuk amarga anggaran pemerintah kota winates lan kudu diprioritaské kanggo wong-wong sing bener-bener butuh bantuan.

“Pemerintah kota ora bisa mbantu kabeh kanthi total. Sing ora mampu dicekel pemerintah, nanging sing mampu tak dongakake tambah sugih, tambah rezekiné,” tandhese.

Sauntara iku, Kepala Dinas Kesehatan (Dinkes) Kota Surabaya, Nanik Sukristina, nambahake, peserta PBI JK warga Surabaya sing dinonaktifaké ana 45 éwu. Puluhan éwu data iku, saikine isih jroning proses pembaruan lan lagi ditindaklanjuti déning Kemensos.

“Masyarakat ora usah panik, saiki lagi ditindaklanjuti lan diowahi déning Kemensos kanggo jaminan kesehatan warga Kota Surabaya,” kandhané Nanik.

Senajan mangkono, Nanik nyebutaké, warga sing datané dinonaktifaké sauntara isih bisa berobat gratis saka Pemkot Surabaya. Amarga pemkot duwe program UHC. Program iki kanggo nyengkuyung kesehatan warga sing duwe KTP Surabaya.

Perlu dimangerteni, penonaktifan sementara PBI JK iku adhedhasar Surat Keputusan Menteri Sosial Nomor 3/HUK/2026 sing ditrapaké wiwit tanggal 1 Februari 2026. Penonaktifan sementara iku ditindakake déning Kemensos kanggo pémbaruan data kepesertaan PBI JK.

Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 321

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *