Surabaya Siji-sijiné Wakil Indonesia ing Tokyo Global Forum on Children 2026

Kutha Surabaya bali ngukir prestasi ing tingkat global kanthi dadi siji-sijiné wakil Indonesia ing Tokyo Global Forum on Children (TGFC) 2026 sing dianakaké ing Tokyo, Jepang, tanggal 4–6 Februari 2026 mentas iki. Forum internasional iki dianakake déning Pemerintah Metropolitan Tokyo kanthi ngundang 20 kutha donya kang kagabung jroning jaringan Child Friendly Cities Initiative (CFCI) UNICEF kanggo andum kawicaksanan, praktek sing apik, sarta inovasi kanggo mepaki hake bocah lan remaja.

Kepala Bappeda Kutha Surabaya, Irvan Wahyudrajad, nerangké yen ing forum kasebut Pemkot Surabaya oleh kehormatan presentasi langsung kawicaksanan lan model pembangunan kutha ramah bocah ing sangarepe 20 kutha donya, ing antarane Auckland, Berlin, Brussels, Cardiff, Copenhagen, Helsinki, Houston, London, Malmö, Milan, Munich, New Taipei, New York, Petaling Jaya, Singapura, Taipei, Toronto, Vienna, lan Irlandia.

“Tekane Surabaya mapanake kutha iki sajajar karo kutha-kutha donya sing dadi rujukan global babagan kebijakan bocah lan remaja,” kandhané Irvan, Minggu kepungkur (8/2/2026).

Dhéwéke nerangké, presentasi Surabaya njlentrehake pendekatan layanan bocah sing holistik lan integratif, diwiwiti nalika isih bayi, dibacutake nganti umur sekolah lan remaja, nganti sacara aktif ana cawe-cawene wong tuwa, klebu bapake, minangka bagean penting ekosistem ngurus lan ndidik ing kutha.

“Pendekatan iki nandhesake yen kebijakan ramah bocah ing Surabaya ora sektoral, nanging nyambung lintas umur lan lintas peran ing kulawarga apadene masyarakat,” jelasé.

Sauntara kuwi, Ketua Tim Kerja Pembangunan Manusia Bappeda Kutha Surabaya, Puspita Ayuningtyas Prawesti, sing makili Pemkot Surabaya ing forum kasebut, nerangké yen Surabaya mbangun kutha ramah bocah kanthi njamin anane layanan publik sing cedhak, komplit, lan lestari. Layanan kasebut kalebu pendidikan, kesehatan, perlindungan sosial, kesehatan mental, pengembangan karakter, sarta penguatan kapasitas kulawarga nganti tingkat komunitas liwat Balai RW.

“Surabaya njamin pemerintah ana sajege bocah isih bayi, ndhampingi fase remaja sing krusial, lan nguwataké peran wong tuwa lan bapak jroning ngurus anak. Bocah ora mung dilindungi, nanging aspirasiné uga kudu dirungokaké lan diajeni ing saben proses pembangunan kutha,” ujaré Puspita jroning presentasiné.

Model pembangunan bocah sing dipresentasekaké Surabaya entuk pangalembana langsung saka Pemerintah Metropolitan Tokyo lan peserta forum saka maneka negara. Pendekatan Surabaya dianggep sukses nerjemahaké konsep Child-Friendly City menyang praktek nyata sing komprehensip, lestari, lan adhedhasar komunitas, sekaligus bisa njawab tantangan global babagan karaharjan lan kesehatan mental bocah lan remaja.

“Melune Surabaya ing TGFC 2026 disengkuyung déning rekam jejak sing kuwat. Surabaya wis kaping pitu terus-terusan entuk predikat Kota Layak Anak tingkat nasional, sarta dadi kutha kawitan lan siji-sijiné ing Indonesia sing mlebu CFCI UNICEF,” kandhané.

Saliyane perwakilan saka Pemkot Surabaya, forum iki uga munculake swara bocah sacara langsung liwat Revalina Fernanda, murid SMPN 1 Surabaya, anggota Forum Anak Surabaya lan ORPES (organisasi pelajar) Kutha Surabaya, sekaligus Eco Student (Junior) of the Year 2025 lan Putri V Lingkungan Hidup 2024.

“Muncule Reva nggambarake praktek partisipasi kang ngemu teges bocah sing sasuwene iki tumangkar ing Surabaya, aktif nelakake gagasan, pengalaman, lan pangarepé marang kutha panggonane tumangkar,” tambahé.

Sasuwene presentasi, Revalina nyritakaké pengalamane ‘urip’ ing Surabaya minangka kutha ramah anak, klebu akses marang ruang aman, pendidikan lingkungan, partisipasi bocah jroning melu njupuk keputusan, lan dukungan kutha marang maneka inisiatif nom-noman.

Partisipasi Surabaya minangka wakil siji-sijiné Indonesia ing Tokyo Global Forum on Children 2026 nandhesake yen pembangunan kutha berkelanjutan kudu diwiwiti saka bocah lan kulawarga.

“Lumantar pendekatan kang holistik, integratif, lan adhedhasar komunitas, Surabaya nuduhaké yen kutha ing Indonesia bisa ngadeg sajajar lan aweh kontribusi nyata ing diskursus global babagan masa depan generasi mudha,” pungkasé.

Panulis : Donny Toenggoel

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 330

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *