Pujabhakti Buddha Jawa Suku Tengger

Ritual khas saka kapitayan kang wis ana wiwit jaman kuna ing Nuswantara, Buddha, isih diurip-urip dening suku Tengger sing medunung ing Ngadas, kabupaten Malang. Kang paling ajeg ditindakake yaiku pujabhakti. Lan yen disetitekake, ana unike.

Nalika ritual pujabhakti, umat Buddha Tengger manganggo busana adat Jawa. Sing lanang beskapan, clana panjang lan sarung, uga nganggo blangkon. Dene para pawestri nganggo kebaya lan jarikan, uga sanggulan. Beskap lan kebayake wernane ireng, ginawe saka kain katun utawa sutra. Sadawane ritual, pangucape paritta alias pandongane uga nganggo basa Jawa. Mula lumrah yen sok ana sing nyebut umat Buddha Jawa. 

Ing Ngadas, umat Buddha Tengger nindakake pujabhakti ing wihara Paramita saben dina Rebo. Dene yen ngepasi Rebo Legi, dibacutake sedhekah bumi lan asung sesaji. Dene yen ngarepake riyaya Waisak, pujabhakti kagelar kanthi luwih rumasuk.

Saben tataran pujabhakti ditindakake minangka wujud rasa syukur awit kanugrahan basuki lan katentreman ing padinan. Wiwitane, umat manembah, yaiku mbungkukake badane kanthi anjali tangane (epek-epek ditangkupake ing ngarep dhadha). Iku katindakake ping pitu. “Tegese ngaturake puji syukur dhumateng Gusti awit wis paring kasarasan,” ujare Mistono, sesepuh umat Buddha Tengger, Ngadas. Banjur dibacutake asung pakurmatan ngadhep keblat papat (lor, kidul, kulon, wetan). 

Sawise iku, umat timpuh lan sujud. Sungkem, minangka tandha pakurmatan marang bumi. Mungguhe suku Tengger, bumi padha karo ibu, kang wis aweh maneka werna kanggo butuh padinan. Lan maneh, diregedi, dipidak, malah sok uga dirusak, bumi tansah nrima. 

Conto kang paling prasaja wae, nalika warga tetandur. Nandur kenthang siji bakale tumangkar dadi sepuluh iji nalika panen. Semono uga nalika nandur bawang, kobis, lan liya-liyane, kang sabanjure dadi sumber pametune warga suku Tengger tekane saiki.  

Wis dicukupi rejeki, imbuhe Mistono, yen ora gelem ngajeni, wegah nglegakake kanggo sungkem, ya ora pener. Umat Buddha Tengger nduwe unen-unen kang dadi srana pitutur magepokan karo bab iku. yaiku, “sasat kalah karo asu pangertine”. 

Asu, jlentrehe Mistono, yen diwenehi pangan, buntute kipat-kipit. Iku wujud tandha atur panuwun marang sing menehi. Mula manungsa wis kanugrahan berkah yen ora gelem sujud lan sungkem rak ya kalah pakertine klawan asu. 

Umat Buddha Jawa suku Tengger desa Ngadas dumunung ing kecamatan Poncokusumo, klebu kabupaten Malang. Desa iki mapane 2200 meter kaukur saka laut. Jembare udakara 395 hektar. Manut tutur tinulare para sesepuh, umat Buddha Jawa wis ana ing papan iku wiwit taun 1774. Leluhure, saka kraton Majapahit. Olehe padha ngibadah manut piwulang saka kitab werna kuning kang arane Adam Makna. (lie)

Panulis: D.S. Elisabet Novililiana
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Admin Panjebar Semangat
Admin Panjebar Semangat
Articles: 14

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *