Reca Jaka Dholog: Tlacake Kertanegara Nglairake Surabaya

Von Faber jrone bukune kang asesirah Er Werd Een Stad Geboren (1953) mratelakake menawa reca Jaka Dholog dadi seksi bisu lair lan ngrembakane peradaban kutha Surabaya.

Sawenehe peziarah lagi ‘caos’ ing reca Jaka Dholog.

Ganda wangi kutug hio nyogrok irung sanjeroning area situs purbakala reca Jaka Dholog (ing papan jenenge katulis Joko Dolog), Jalan Taman Apsari, Surabaya, Jawa Timur, Rebo awan, 9 April 2025. Ana priya telu lan wanita siji sing katemben manekung. Siji ing antarane priya kuwi katon khusuk sembahyang kanthi nemplelake dupa ing bathuke kanthi posisi ngadeg.

Nadyan mapan ana tangahing kutha Surabaya sing reja tur modern, ewasemono reca watu werna ireng gedhe njenggeleg kang pinageran wesi mubeng iku kuwi ora kelangan kesakralane. Saben dina, ora mawang esuk sore utawa awan bengi, ajeg ana wong mara kanthi maneka tujuwan. Akeh-akehe kepengin ngalap berkah.

Ing dina-dina tinamtu, mligine tanggal 1 Suro lan malem Jumuah Legi, saya akeh pengunjung sing laku tirakat ana kono. Nalika Dina Nyepi durung suwe iki, wong sing mara menyang papan kuwi wimbuh akeh.

Marang Panjebar Semangat, salah sijine priya kasebut ngaku lagi nindakake laku tirakat. Manut priya umuran 55 taun sing ora gelem disebutake jenenge kuwi, kunci nglakoni tirakat ana petilasan kuna kaya dene reca Jaka Dholog ngono mung siji, yaiku ati kudu sumeleh. “Pasrah marang kang Mahakuwasa,” ujare.

Reca raseksa kang nggambarake blegere manungsa pawakan lemu lagi sila methekel iku ditemokake ana Desa Kandhang Gajah, Bejijong,  Kecamatan, Trowulan, Kabupaten Mojokerto dening arkeolog Walanda. Versi liya ngandharake menawa satemene reca Jaka Dholog iku sekawit mapan ana Candhi Jawi, Pasuruan. Nanging sawise candhi kasebut disamber bledheg, reca Jaka Dholog ilang.

Gapura mlebu area reca Jaka Dholog.

 Taun 1817, Residen Surabaya, Baron A.M. T.h. De Salis, nedya nggawa reca kuwi menyang luwar negri. Nanging embuh geneya rancangan mau akhire gagal. Wekasan reca kuwi dipapanake ing Stadelijk Historische Museum van Soerabaia sebelahe Huiz van Simpang (saiki Gedung Negara Grahadi).

Stadelijk Historische Museum van Soerabaia dibangun dening kolektor bendha purbakala asal Jerman, Godfried Hariowald Von Faber. Samengko museum kuwi dadi gedhung lembaga pendidikan SMA Trimurti. Wondene reca Jaka Dholog kang disebut-sebut minangka perwujudane nalendra Singasari Prabu Kertanegara, dipindhah menyang Taman Kruisenpark udakara 300 meter sakidule museum.

Ora mung Jaka Dholog sing dipindhah menyang Kruisenpark, dalasan reca-reca sing luwih cilik koleksine museum kuwi uga katut dielih. Saiki Kruisenpark  mung kari taman cilik kang edhum dening royoming godhong wit ringin sakembaran.

Reca Jaka Dholog dhewe awangun Budha Akshobhya. Dikira-kira yasan taun 1289 dening sawenehe seniman reca aran Nada. Dawane 166 cm, amba 138 cm, lan kandele 105 cm. Reca mau asirah gundhul lan kanthi posisi lungguh asikep Bhumiparsa mudra. Tangan kiwa tumumpang pangkon,lan tangan tengen tumumpang dhengkul. Sikep kaya ngono mau werdine ngundang bumi minangka seksi.

Sendhenane reca Jaka Dholog arupa prasasti Wurare 19 pada (bait) abasa Sansekerta. Isine babagan rebut kuwasa marang pangedume tanah Jawa dadi wewengkon Panjalu lan Jenggala. Prasasti kuwi iya nyebutake bab pangedume Kerajaan Kahuripan dening Prabu Airlangga, sarta wisudhane Prabu Kertanegara minangka Budha Mahaksobhya

Rikala sugenge, Prabu Kertanegara nggilut agama Siwa-Budha. Sawise tinggal donya mbarengi mbledhose kraman Adipati Gelang-gelang, Jayakatwang, taun 1292, awune Kertanegara disimpen ana Candhi Jawi, Pandaan, Kabupaten Pasuruan. Candhi Jawi ‘perpaduan’ saka Siwa-Budha senadyan candhine awangun Hindu.

Kraman Kanuruhan

Von Faber jrone bukune kang asesirah Er Werd Een Stad Geboren (1953) mratelakake menawa reca Jaka Dholog dadi seksi bisu lair lan ngrembakane peradaban kutha Surabaya. Er Werd Een Stad Geboren (laire sawijining kutha) ngemot materi bab sejarah Surabaya ing mangsa-mangsa wiwitan. Antara liya nyritakake sambunge Raja Singasari Prabu Ranggawuni (Wisnuwardhana), Kertanegara lan Surabaya.

Ranggawuni duwe anak loro lanang kabeh saka garwa prameswari lan garwa selir. Sing patutan kalayan garwa prameswari ya Kertanegara iku, dene kang saka garwa selir winastan Klana Baya. Nadyan sacara umur kapernah enom, nanging merga linairake dening garwa prameswari, wekasan Kertanegara sing dipilih dening ingkang rama Ranggawuni mbacutake ngemonah paprentahaning Singasari.     

Keputusane Ranggawuni mau njalari Klana Baya runtik atine. Dheweke banjur brontak marang panguwasane Kertanegara taun 1270. Dahuru mau disebut uga Kraman Kanuruhan. Klana Baya munjerake basis kekuwatane ing Glagah Arum (dinuga saiki dadi kampung Pandean-Peneleh ing tepine Kalimas Surabaya).

Reca-reca luwih cilik sumebar sakiwa tengening cungkup reca Jaka Dholog. (Foto-foto Ksw)

Pembrontakan Kanuruhan ora umur suwe. Ing taun iku uga prajurit Singasari kasil numpes Klana Baya saandhahane tanpa sisa. Dening Kertanegara kamenangan prang mungsuh wadya kraman iku mbabarpisani digunakake kanggo ngedegake ‘monumen’ pangeling-eling arupa laire sawijining kutha. Peradaban anyar kuwi manggon ana sapinggire kali.

Taun 1275 Kertanegara njembarake wilayahe kutha anyar iku kanthi ngadani pembangunan saeloring Glagah Arum (saiki wilayah sing dibukak Kertanegara iku dinuga dadi kampung Pengampon-Semut-Bunguran). Kawasan kang winatesan Kalimas ing sisih kulon, Kali Pegirian ing sisih wetan, ilen-ilen ing sisih kidul (saiki dadi kampung Jagalan), lan ilen-ilen ing sisih lor (saiki Stasiun Kota Surabaya), diwenehi jeneng Curabhaya.

Sutresna sejarah Surabaya, Nanang Purwono, ngandharake Von Faber duwe kepentingan mapanake reca Jaka Dholog ing museume jalaran dheweke ngerti menawa mungguhe panggilut Budha, patung kasebut dipercaya minangka pangejawantahane Kertanegara sing ‘nglairake’ kutha Surabaya. Mula Von Faber ya seneng-seneng wae nalika Residen De Salis wurung nggawa reca mau menyang mancanegara. Miturut Nanang isine buku Er Werd Een Stad Geboren minangka sumber sajarah durung akeh sing meruhi. Kepara Pemerintah Kota Surabaya dhewe, kandhane Nanang, uga durung nyumurupi isine kanthi gamblang. Mangka mungguhe Nanang isining buku kasebut otentik.

***

Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Ahmad Rizky Wahyudi
Ahmad Rizky Wahyudi
Articles: 23

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *