Ing tengahing bebrayan ana geguyonan kang ngandhakake aja kakehan mangan terong mundhak lemes. Iku keprungu ing kalane ibu-ibu kang lagi ngrubung bakul sayur nalika blanja. Yen pinuju ana tanggane lagi milih-milih woh kang wujude lonjong dawa, wernane ijo utawa wungu. Gego- jegan kaya mangkono kang ajeg keprungu. Wiwit jaman Tiongkok kuna sing jeneng sayuran terong (Solanum melongena) wis dikonsumsi masyarakat ing kana. Malah, miturut kang cinathet ing buku obat tradhisional Cina, kanthi memangan terong sing seger (durung dimangsak) pawongan kang keracunan krana memangan jamur bakal bali waras-wiris sanalika kaya sadurunge.
Saiki ing negara Eropa, Amerika lan Jepang sing jeneng sayuran terong lagi munggah pamore. Ing negara-negara maju iku terong dipigunakake kadidene panganan rendah kalori mligine kang lagi nindakake diet. Miturut panaliten saka US Departement of Agriculture, daging terong mung ngandhut kalori 19-24, protein 1 gram, lan lemak 0,2. Saperangan gedhe mung arupa banyu (94,3%), saka 100 gram terong Vit C-ne mung 5 gram, dene Vit A-ne 30 SI.
Para maos PS mesthine isih emut yen ing negara-negara kang wis maju uripe masyarakate tambah makmur. Masyarakat kang makmur anggone memangan protein lan lemak (gajih) hewani sajak ora ukuran. Akibate, akeh kang padha nandhang lara hiperglikemia (kadar lemak getih dhuwur) merga saka pakulinan memangan panganan kang ngandhut lemak dhuwur.
Ing babagan iki kang nandhang hiperglikemia pancen ora kudu rawat inap ing RS (kejaba ana komplikasi penyakit liyane). Adate dokter aweh iguh pratikel kudu diet, nyuda memangan lemak jenuh diganti lemak ora jenuh saka iwak laut, kacang-kacangan utawa serealia. Uga kudu luwih akeh memangan sayuran lan woh-wohan.
Kanthi memangan terong kang nyata-nyata kalorine mung sethithik, kanthi ajeg ibarate “dewa penyelamat” mungguhing kang nandhang lara hiperglikemia.
Uga ana panaliten kang nyebutake menawa terong nduweni tugas ngendhokake urat saraf. Dadi kanggone sing nandhang hipertensi (tekanan darah tinggi) terong banget murakabi.
Jinis terong
Ing padesan, miturut kadang tani terong mujudake jinis sayuran kang regane murah lan gampang golek-golekane. Paribasan wiwit lapak pasar krempyeng nganti swalayan mesthi anane.
Jarene ana telung jinis terong. Sing sepisanan kang umum digawe sayur lodheh utawa semur disebut terong kopek. Wernane ijo semu putih lan wungu, ukurane dawa-dawa.
Kaping pindhone terong glathik. Gedhene mung saukuran bal pingpong, wernane ijo ana semburate putih umume mung kanggo lalapan. Sing kaping telune yaiku terong klapa. Wangune bunder lan gedhene saukuran kepelan tangan wong diwasa. Biyasane kanggo cocolan sambel tomat.
Terong mujudake tanduran kang asale saka India. Nalika abab 8 digawa pedagang Arab menyang Mediterania sakiwa tengene Laut Tengah, lan pungkasan bisa tekan nuswantara.
***
Panulis: Syt
Panitipriksa: Keanu Ibrahim







