Geneya Pitik Cemani Wernane Ireng?

Sasuwene iki, akeh mitos bab pitik cemani kang kerep dipigunakake minangka syarate nganakake maneka ritual dening masyarakat Jawa. Wiwit saka media ngundang makhluk gaib, nekakake kasekten, engga nulak santhet.

Ya, pitik ireng njanges iki pancen dadi primadona ing kalangan masyarakat Jawa. Apa kuwi wulune, balunge, daginge, lan getihe amarga awarna ireng. Lan, merga unik lan gunggunge kang ora akeh kaya pitik biasa, regane pitik Cemani iki uga dadi larang banget.

Nanging, geneya ta pitik Cemani iki wulune, balunge, daginge, lan getihe padha ireng wernane? Pranyata ana penjelasan ilmiahe kok ing suwalike warna ireng pitik Cemani utawa pitik Goth iki.

Manut IFL Science, pitik cemani nduweni dominasi warna ireng merga anane mutasi genetik kang nyebabake muncule kondisi kang disebut fibromelanosis utawa hiperpigmentasi tumrap kulite.

Mutasi iki iki kedadeyan ing gen EDN3 kang gedhe cawe-cawene jroning mbentuk protein penghasil melanosit. Melanosit dhewe yakuwi sel pigmen kang ngasilake melanin, pigmen kang menehi warna marang kulit, rambut, lan mata.

Tumrape pitik cemani, anane mutasi gen EDN3 nyebabake produksi protein penghasil melanosit kang luwih-luwih. Akibate, sel-sel ing sakujur awake pitik cemani, klebu wulune, kulite, daginge, matane lan balunge, padha mroduksi melanin kang akeh banget. Bab iki kang ndadekake pitik cemani mau warnane ireng njanges, kepara nganti getihe barang uga warnane ireng.

Mula kuwi, mitos kang sasuwene iki ana ing masyarakat kang ngandhakake yen pitik cemani nduweni kekuwatan magis kuwi mung gugon tuhon wae. Secara ilmiah, pitik cemani ora nduweni kekuwatan magis apa-apa. Pitik cemani mung pitik hias biasa kang unik merga warnane kang ireng kabeh.

Pitik kang asale saka Kedu Jawa Tengah, iki wis dibudidayakake wiwit atusan taun kepungkur. Pitik cemani nduweni rega kang cukup larang, yaiku nganti yutan rupiah saben pitik siji.

Merga kahanane kang langka kuwi pitik cemani kerep digathuk-gathukake karo bab-bab mistis, upamane minangka kewan kang nggawa rejeki utawa kewan kang bisa kanggo tamba penyakit.

***

Panulis: d
Panitipriksa: Keanu Ibrahim

Bagikan artikel ini
Keanu Ibrahim
Keanu Ibrahim
Articles: 9

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *