Wawancara Peter Carey (1) : Prang Jawa wis Diramal dening Sunan Kalijaga

Tanggal 8 Januari 2026 genep 171 taun Pangeran Diponegroro murud mring kasedan jati. Panjenengane seda ing pakunjaran Beteng Rotterdam Makassar, tanah pembuwangan Sulawesi kidul. Ewasemono putra pambayun Sultan Hamengkubuwono III iku ninggal warisan semangat perjuwangan kang nganti seprene ora tau mati.
Gegambaran Prang Jawa.

Prang Jawa kang dikobarake Diponegoro 1825-1830 dadi tunggak sejarah wigati tumrap kuwanene kaum pri­bumi lumawan panindhesane kolonial kang nyecamah lelu­hur kraton sarta narik pajeg nekak gulu. Diponegoro kecong­gah ngirup pangombyong kang ora sethithik gung­gunge ing laladan Yogyakarta, Kedu, Bagelen, Surakarta, Ba­nyumas, Wonosobo, Banjarnegara, Weleri, Pekalongan, Tegal, Sema­rang, Demak, Kudus, Purwodadi, Parakan, Magelang, Ma­diun, Pacitan, Kediri, Bojonegoro, Tuban lan Surabaya. Ing tlatah-tlatah kasebut semangat Dipongeoro kaya-kaya terus “urip” ing sanubarine warga.

Sejarawan kang nduweni dharah Inggris, Peter Carey, banget eram marang Diponegoro. Ing atase panjenengane mono turasing nalendra, nanging kersa urip amor wong cilik sarta wani brontak merga sabela marang panandhange ka­wula. Mataun-taun Carey ngentekake wektune kanggo nliti trajange Diponegoro wiwit isih timur nganti sasedane ing pengasingan. Ngudi nglumpukake dhokumen sarasilah, dho­­kumen “perlawanan,” ngimpun paseksen, sarta nliti buk­­ti fisik gegayutan karo Diponegoro engga ndadekake run­­tutan crita sejarah sing detil.

Kepara panguripane wong Jawa sa­pungkure Diponegoro uga ora uwal saka panalitene Carey. Asile panaliten mau ka­tulis jroning buku versi basa Indonesia asesirah Kuasa Ramalan: Pangeran Dipo­ne­goro dan Akhir Tatanan Lama Jawa 1785-1855 (2011), lan Takdir: Riwayat Pangeran Diponegoro (2014).

Peter Carey nalika diwawancarai sacara daring.

Kanggo mengeti njebluge Prang Jawa 200 taun kepungkur, Panjebar Semangat mawancarai sejarawan kang miyos 30 April 1948 mau sacara daring. Wawancara ditindakake dening Kukuh SW, Ahmad Rizky Wahyudi lan Ardhi Athallahfi tang­gal 8 Desember 2025.

Kenging menapa Prang Diponegoro keconggah ngirup panyengkuyung ing­kang ageng, sarta dados ‘inspirasi’ kang­ge dhaerah sanesipun ngangkat senjata, ing antawisipun Prang Padri ing Sumatra Barat?

Legendaris Prang Diponegoro mujud­ake kahanan sing satemene banget ndhe­seg. Yen Diponegoro dhewe lan pamane sing sabiyantu, Pangeran Mangkubumi, dikenal minangka priyayi sing meneng, ora nduweni ambisi babar pisan. Sekawit pejabat Landa yakin Diponegoro ora mungkin mbangkang. Sebab, watake Diponegoro dikenal blak-blakan, wani ngritik kekuasaan kanthi tinarbuka. Nanging prekarane ora sepele kaya ngono. Iki dudu ambisi pribadine Diponegoro. Dudu geni mureng sanjerone merang sing ujug-ujug njeblug. Geni panglawan iku yektine wis disiapake suwe, wiwit saka Parangkusumo utawa ‘tigang dasa warsa wiwit bubrahing tanah Jawa.’ Lagi 17 taun candhake Prang Jawa njeblug.

Kawontenan menapa ingkang ndayani Prang Jawa dipunrancang wiwit dangu?

Kahanan Pulo Jawa, utamane Jawa Te­ngah iring kidul sawise Landa dipulihake 19 Agustus 1816, bener-bener wis ora bisa dibendung. Pakarti sing banget wengis mi­tu­nani uripe kawula, ekonomine kawu­la dikuras merga watake Landa kang srakah lan nggragas. Situasi kasebut kaya-kaya wis di-setting, mer­ga ana unsur etnis pranakan ‘ingkang sampun mahir’ saka Tiongkok dharatan. Dadi iki swasana sing ora adil, ora manusiawi, saengga ora bisa ditahan maneh. Swasana sing kaya mengkono mau wis suwe nglimputi panguripane wong cilik. Sawenehe pejabat Landa sing tau dadi Residhen Solo kandha: ‘Wong Jawa iku kondhang semanak. Nanging aku yakin bakal teka sawijine mangsa kala njebluge kahanan kang dhahsyat. Wong Jawa iku dikenal duwe watak nrima ing pandum. Nanging watak nrima iku ana watese. Yen wates kesabaran iku dilangkahi, bakal gumregah anglawan.’ 

Gegambarane Pangeran Diponegoro.
Salajengipun menapa ingkang kedadosan?

Lan apa sing dikandhakake tilas Residhen Solo mau dadi kasunyatan nalika tanggal 20 Juli 1825  Diponegoro di­kepung serdhadhu ing Tegalrejo. Ing kana ana wong telung ewu kang teka saka meneka kalangan sakiwa tengene Giyanti, antara liya Solo, Yogya. Kabeh sawega mbelani gustine. Tumrap kawula mau, gusti sing dibela iku dudu sembarang gusti, nanging prayagung kang wis pitung taun linggar saka kraton lan ndherek eyang buyute putri, Mbok Ratu Ageng, salebare 1792. Dheweke dipek dadi anak pupon. Diponegoro mudha digembleng, digedhekake minangka satriya lelana, asring sanja menyang karang pradesan, go­tong royong karo wong cilik. Ora kumalungkung. Diponegoro pindhane Dewi Kwan Im sing kuwawa ngrungokake jerite kaum papa. Blegere Diponegoro sing welas asih mau dite­pungi jembar ing satebane Jawa Tengah iring kidul. Anta­rane taun 1816-1822 Diponegoro mlaku sikil saka Delanggu tekan Ungaran saperlu nggoleki anake mbarep sing dadi siswane Kyai Mojo.

Menika ingkang ndadosaken Pangeran Diponegoro dipuntresnani kawula alit?

Diponegoro dudu priyagung sing ujug-ujug mudhun saka ‘menara gadhing.’ Dheweke wis suwe urip nyawiji ana do­nyaning wong cilik. Dierami dening sasama merga nduweni ‘integritas’ kang dhuwur. Apamaneh Diponegoro dudu klan suksesi kapisan, kapindho, lan katelu saka Jawa, kaya dene Surapati apadene Trunojoyo sing ngobarake prang merga darbe niyat ngrebut ‘wilayah sawijine kraton.’ Diponegoro lumawan Landa merga kepengin mulihake martabate wong Jawa. ‘Mangun manunggaling agami Islam wonten ing tanah Jawa sedaya.’ Dadi, ora mung martabate ajaran Islam wae sing nedya dipulihake Diponegoro ing tanah Jawa, nanging uga tatanan moral. Mbrastha dlemokan-dlemokan rereged awit pakartine sistem kolonial.

Ateges timbulipun Prang Jawa menika sampun dipunramal saderengipun?

Sejatine ana rong ramalan ngenani bakal pecahe Prang Jawa. Salah sijine yaiku ramalan gaib saka Sunan Kalijaga nge­nani kahanan ing Parangkusumo. Lan ana ramalan ma­neh sing satemene wajar-wajar wae minangka sa­wijine lapu­ran. Yaiku lapurane Residhen Solo sing ditugasi nitik ka­hanan tatanan ing masyarakat. Dheweke lapuran marang gubernur jendral: ‘Aku sumelang banget, Tuan Besar, sebab situasine wis ora bisa ditahan. Wong Jawa pancen nrima, na­nging yen wates kesabaran kuwi ilang, sedhela ma­neh njeblug prang gedhe.’ Ramalan-ramalan iku wekasan dadi kasunyatan.

Menapa leres Prang Jawa kaslomot namung de­ning pakartinipun Welandi mathoki siti kagung­an leluhuripun Pangeran Diponegoro?

Satemene Diponegoro wis sawatara suwe nya­maptakake njebluge Prang Sabil. Wancine uga wis ditetepake, yaiku wiwit tanggal 15 Agustus 1825. Diponegoro mawas, ing tanggal kasebut wis sa­pan­tese masyarakat nyumurupi Ratu Adil. Nanging ka­selak didhisiki dening ekspesidi pangepungan kantor residhen. Asisten residhen ora sanggup nyi­rep kahanan. Prekara kuwi njalari Prang Jawa nje­blug luwih awal. Nanging pancen ora bisa diselaki menawa kasus-kasus rumit sing kedadeyan, melu andhil njalari timbule prang. Sepisan, rancangane Landa njembarake lurung saka Yogya tumuju Sle­man ing area Magelang. Proyek dalan iki dhem­pet karo area pesareyane kulawarga ageng Diponegoro ing sawijine desa. Tanpa nduweni sopan santun, tanpa njaluk palilah, Landa terus wae masang pathok-pathok. Kanthi wicaksana Diponegoro ko­ber njaluk marang pendhereke, Mangunharjo, am­rih njabuti pathok-pathok mau tanpa nuwuhake pasulayan. Yen Landa bali masang, ya dijabuti maneh. 

Welandi mboten trimah pathok-pathok dipunja­buti?

Suwe-suwe kahanan wimbuh panas, nuli dadi bentrokan antarane pendhereke Diponegoro karo petugas Kepatihan. Lan masalah kuwi dadi salah sijine pradondi. Saka sengketa mau muncul ekspe­disi sing dikirim Landa saka Yogya arupa serdha­dhu, ditambah prajurit kraton sarta garnisun Indo pengawale sultan, supaya ngepung Diponegoro ing Tegalrejo. Nanging Diponegoro, Mangkubumi lan pendherek cacah telung ewu kasil lolos. Nyidhat dalan tumuju Sentolo, lan saka Sentolo menggok menyang Selarong. Garwa lan putrane Diponegoro wis digawa luwih dhisik menyang Selarong tanggal 18 lan 19 Juli 1825.

Prang Jawa gangsal warsa dangunipun nda­dos­aken Welandi kerepotan, kapitunan ingkang sinandhang ageng awit betah prabeya mboten sekedhik kangge ngragadi prang. Menapa leres Welandi meh bangkrut jalaran Prang Dipo­ne­goro?

Satemene nalika akhir Prang Napoleon, ing Perjanjen Wina 1815, Landa diwenehi area lahan state loro kanggo mulihake ekonomi lan pamore maneh minangka salah sijine negara adidaya ing laladan Eropa. Sepisan, Landa diwenehi Nederland kidul sing biyene dikuwasani Austria. Lan ka­pin­dho diwenehi Pulo Jawa minangka salah sijine jang­­kar kanggo mulihake ekonomine Walanda li­wat taneman ekspor, kaya dene kopi lan liya-liyane. Iki siasat sing satemene disalahgunakne Walanda dhewe. Merga ora mung ana Asia Tenggara lan Nu­san­tara wae, nanging uga timbul pembrontakan ing Belgia kasebab dening sikepe Walanda sing ora adil mau. 

Kenging Menapa Belgia saged uwal saking cengkeremanipun Welandi?

Tanggal 25 Agustus 1830 penonton teater wayang uwong ing kutha Brussels metu saka gedhong pertunjukan banjur ngancam garnisun Walanda supaya ditarik. Tuntutane Belgia mau entuk pa­nyeng­kuyunge negara-negara adidaya Eropa, Ing­gris lan Prancis. Belgia kasil mandhiri  minangka sawijine negara sing nduweni kedaulatan, nem sasi sawise brontak. Upama Belgia lan Jawa bisa akur, mbokmenawa Walanda kalah. Nanging kanggo Jawa, ora ana pambiyantu saka negara adidaya Ero­pa nundhung Walanda. Tumrapku, Landa pan­cen pantes ditundhung saka Pulo Jawa jalaran pakartine ora manusiawi. Wengis, lan nguras kas­ka­yane wong pribumi kanthi srakah. Kawruhana, ing abad 19, sapratelon saka total kasugihane Ne­gara Landa, asale saka Pulo Jawa. (Ana Candhake)

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Candhake:
https://panjebarsemangat.id/wawancara-peter-carey-2-keris-naga-siluman-nyimpen-crita-klawu-tumrap-diponegoro/

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *