Bocah Gumoh?

Ngetokake panganan utawa cairan saka lambung liwat cangkem sinebut gumoh/mukok (mutah). Adate, balita sing ngalami gumoh balita bisa kaperang dadi loro, kang ora mbebayani lan kang mbebayani.

Gumoh Kang Ora Mbebayani

Balita gumoh bisa dumadi kapan wae, lan ora mesthi frekuensine. Malah, sedina wae bisa nganti kaping papat utawa kaping enem. Bisane wong tuwa langsung panik weruh putrane mangkono, krana dheweke mbandhingake karo wong diwasa normal kang jarang mutah. sing perlu dipahami balita gumoh yen:

Wektu nyusu, puting susu (penthil) lan bunderan (aerola) sakitere puting ora kabeh mlebu tutuke bayi. Iki bakal njalari bayi nyedhot hawa, saengga weteng dadi kembung, lan pungkasane kepancing kanggo gumoh. Sing becik, puting susu ibu lan bunderane mlebu kabeh menyang tutuke bayi.

Wektu menehi susu formula nganggo botol, aja ing posisi horizontal/ malang. Wektu botol ing posisi malang, penthile dhot ora kisen susu kabeh saengga kecampuran hawa. Akibate, bayi bakal nyedhot susu lan hawa sacara bebarengan kang nyebabake weteng kembung lan pungkasane mutah. Sing becik, yaiku kanthi cara vertical/jejeg, saengga dhot-e bakal kisen susu kabeh lan ora kecampu-ran karo hawa.

Ana jinis bayi kang alergi karo susu, dadine yen ngombe utawa weruh susu ana sing langsung pengin gumoh. Yen dumadi ngene, becike konsultasi karo dhokter utawa diganti nganggo sari dhele.

Yen bayi rewel lan nangis, age-age ditulungi. Digatekake apa sing dadi pe-nyebabe, jalaran yen dijarake wae bakal nggampangake hawa mlebu menyang weteng lan nyebabake bayi gumoh.

Krana faktor psikis ana jinis balita yen ing kahanan atress bakal langsung gumoh minangka ekspresine, tuladhane wektu sepisanan mlebu sekolah wektu kanca-kancane nganggu dheweke utawa ora cocog karo gurune. Ing bab iki, wong tuwa kudu plega marang owah- owahan kang ujug-ujug dumadi.

Gumoh ing ndhuwur kasebut kego- long ora mbebayani, sasuwene kesehatane balita panggah apik lan bobote ora mundhun (malah tambah). Nadyan balita asring gumoh, aja kuwatir. Iki wis biasa dumadi, gumantung kepiye wong tuwa anggone nggoleki panyebabe. Nanging, iki mung lumaku sasuwene mutah ora dibarengi gejala sing mbebayani. Tuladhane, awak panas, bobot mudhun, utawa gejala liyane.

Gumoh Kang Mbebayani

Wong tuwa perlu waspada yen ing minggu-minggu wiwitan sawise babaran, bayi wiwit gumoh. Ing umur iki, gangguan alat-alat pencernaan lan saluran pencernaan makanan durung nduweni fungsi sacara maksimal. Biasane, ditandai kanthi tansaya asring frekuensine gumoh, utamane sawise ngombe. Pungkasane bobot bayi mudhun terus ing sawetara minggu.

Bayi kang nandhang gangguan salu-ran penceranaan makanan, bakal gumoh sacara proyektil. Tegese, panganan lan cairan kang ana awak diwetokak kanthi cara nyembur. Yen gumoh mang- kene ora usah ditunda maneh, age-age menyang dokter kanggo penanganane.

Geneya wong tuwa perlu waspada? Krana gumoh bisa ngidentifikasi maneka macem jinis penyakit kang ana. Ing antarane yaiku infeksi saluran kencing, infeksi saluran pernafasan, infeksi radang otak, infeksi usus/saluran pencernaan, utawa infeksi hati/liver. Tamtu wae bayi ora mung gumoh, ning dibarengi gejala liyane. Tuladhane, awake panas lan sirah mumet (yen infeksi radang otak) mencret (yen infeksi saluran pencernaan) utawa uyuh lan mripate malih kuning (yen infeksi hati).

Carane Ngatasi

Amrih enggal ketulungan kanthi tindakan kang cepet saka ahli kesehatan, identifikasi jinis gumoh. Bab-bab kang perlu diidentifikasi yaiku: sedina gumoh ping pira, akehe panganan lan cairan sing diwetokake. Jarake wektu antarane mangan lan ngombe karo gumoh, lan werna panganan sing dimutahake.

Uga nggatekake bab-bab liyane, kaya ta: sawise ngombe, posisi bayi langsung ditegakne amrih hawa ing weteng bisa diwetokake. Sawise sawetara wektu bayi bisa langsung diturokake. Frekuensi nyusoni bayi bisa diowahi, yen maune saben 4-5 jam, malih saben 3 jam kanthi kosentrasi susu sing dikurangi. Kanthi cara iki bisa ngurangi kemungkinan bayi gumoh.

Yen gumohe akeh, posisi bayi diwalik nggantung/dijungkirne karo nyekel sikil ing perangan dhuwur, lan sirah ing ngisor. Kanthi cara iki, bayi sing gumoh terus-terusan bisa langsung diwetokake tanpa kuwatir yen mlebu paru-paru. Uga dicukupi cairan kanggo kabutuhan bayi, krana bayi bakal ngalami dehidrasi.

Aja sepisan-pisan nggantungake marang jinis obat gumoh, krana durung mesthi bayi gumoh mung saderma gumoh wae, ning ora nutup kemungkinan nandhang penyakit liya sing nduweni gejala gumoh.

Yen bayi gumoh dibarengi gejala-gejala sing mbebayani, becike age-age digawa menyang dokter.

***

Panulis: Budiono SPd
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *