TPU Keputih Dijembarake, Pemkot Surabaya Nyiapake Blok Makam Muslim lan Nonmuslim

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nertibake bangunan liar (bangli) ing kawasan Tempat Pemakaman Umum (TPU) Keputih minangka bagean saka upaya njembarake area makam, Senen durung suwe iki (3/8/2026). Pekarangan kang jembare 1.800 meter pesagi sing kasil diamanake bakal dibalekake manut fungsiné minangka fasilitas makam kanggo warga kutha Surabaya.

Kepala UPTD Pemakaman Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kota Surabaya, Khoirun Nisa, ngandhakake yen lahan sing ditertibake mujudake aset pamrentah kota sing bakal dimanfaatake kanggo nambah kapasitas TPU Keputih.

“Asset iki duwèké Pemerintah Kota Surabaya. Kita balekake menyang fungsiné minangka makam umum. Ambané area iki kurang luwih 1.800 m2,” ujare Khoirun Nisa, Selasa (4/8/2026).

Sawisé proses penertiban rampung, Pemkot Surabaya bakal ngratakake lahan sadurunge digunakake dadi area makam anyar. “Pangajabku sawisé kegiatan iki rampung, kita garap bareng karo PD (Perangkat Daerah) sing sabanjure bakal kita olah, diratakake, terus digunakake kanggo kuburan,” tuturé.

Miturut Nisa, TPU sing diambakake kuwi bakal dipérang dadi blok makam muslim lan nonmuslim kanggo kabèh warga Kota Surabaya. “Rencana sabanjuré yaiku bakal kita gawekake blok kanggo makam nonmuslim lan uga muslim kanggo kabèh warga Kota Surabaya,” jarene.

Pihaké ngajab, proses nata lahan bisa rampung sadurunge rendheng supaya area makam anyar bisa wiwit dimanfaatake taun ngarep.

“Pangajabku taun ngarep wis bisa (dienggo). Merga iki ndhisiki mangsa rendheng, dak ajab bisa enggal nyedhiyakake fasilitas pemakaman kanggo masyarakat Kota Surabaya,” ujare.

Ing babagan liya, Khoirun Nisa uga nyritakake proses penertiban lumaku kondusif amarga pendekatan persuasif wis ditindakake wiwit taun kepungkur. “Alhamdulillah (penertiban) aman merga kita wis ngabari dhisik, surat peringatané wiwit taun 2025, kira-kira wulan Agustus,” tambahe.

Saliyane kuwi, pihaké wis nindakake pendekatan marang kira-kira limang kepala keluarga (KK) sing manggon ing kawasan kuwi supaya mbongkar bangunané kanthi mandiri.

“Kita wis miwiti pendekatan persuasif marang kira-kira lima KK sing manggon ing kono. Dadi sing manggon wis padha miwiti mbongkar kanthi mandiri,” kandhane.

Nisa njlentrehake, ambané TPU Keputih dinane iki kira-kira 35 hektare lan wis meh kebak. Kahanan kuwi dadi alesan Pemkot Surabaya wiwit nyiapake area tambahan kanggo kabutuhan pemakaman ing mangsa ngarep.

“Area makam TPU Keputih iki saiki 35 hektar, wis kisen meh kebak. Dadi kita kudu miwiti prédhiksi, sabanjuré nyiapake area-area ing sakupengé supaya bisa dimanfaatake dadi makam,” jelasé.

Mula iku, Khoirun Nisa ngajak masyarakat sing isih ngedegake bangunan liar ing sakupenge TPU Keputih supaya mbalekake fungsi lahan minangka aset pamrentah kota kanggo kapentingan bebarengan. “Tumrap bangli-bangli ing sakupenge TPU, dak suwun legawa atiné, dak suwun supaya bisa enggal paling ora mbalekake apa sing pancèn duwèké pamrentah kota lan kanggo masyarakat Surabaya,” tandhese.

Nisa nambahake menawa kabèh aset Pemkot Surabaya sejatiné kanggo kapentingan masyarakat. “Amarga apa sing ana ing pamrentah kota kuwi dudu kanggo pamrentah kota dhéwé, nanging kanggo masyarakat Surabaya kabeh,” jelase.

Khoirun Nisa nerangake, anané bangunan liar ing sakupenge TPU kuwi mujudake kahanan sing wis lumaku cukup suwe. Malah, anané bangunan liar ing kono ora mung ana ing sawijining titik wae, nanging uga sumebar ing sisih kidul lan wetan area TPU.

Saliyane nertibake bangunan liar, DLH Surabaya uga ngajak para pengepul barang bekas ing sakupenge TPU Keputih supaya nata area usahané ben ora ngrembaka menyang kawasan pemakaman. “Saliyane bangli, dak ajab tumrap pengepul (barang bekas) kuwi nek bisa uga nata, ben ora mlebu menyang area makam,” pungkasé. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 47

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *