Nduwe sandhangan satumpuk, rupane uga werna-werni, ananging potongane padha kabeh. Kira-kira, kepriye miturut para maos? Amarga lumrahe mono mungguhe pawestri, seneng nduwe busana maneka werna modhele, beda-beda tiba ing badane. Angkahe ora liya amrih bisa katon mentes nyelarasake swasana lan adicarane. Uga gonta-ganti, kanthi ancas sinawang merak ati. Tibake ana lho, pawestri sing mantep nganggo busana sakmodhel thok! Yaiku kebaya potongan kuthubaru. Ayo tetepungan karo:

(Instagram/@wisni_wdrupadi)
YEN nlesih memburi, Wisni Indarto Drupadi wis 11 taun suwene, milih kuthubaru minangka busanane ing padinan. Nyata-nyata ing padinan, yaiku nalika nindakake pakaryan ing omah, mergawe ing kana-kene, dodolan, lunga menyang papan ibadah, dolan, blanja menyang pasar, uga teka ing maneka acara. Adicara resmi, santai, dhewekan utawa ngampingi sisihane. Kuthubaru tetep dadi piandele Wisni.
Geneya kok mangkono? Wisni nuturake, kang dadi jalarane yaiku nalika ndhisik dheweke kerep saltum alias salah kostum. Wektu semana, critane, Wisni dijak sisihane ngestreni adicara. Rumangsane, dheweke wis milih busana kang pas. Apik lan rapih. “Tibake sisihanku sing pancen nggatekake busana, kandha yen panganggoku ora cocog,”kandhane.
Kedaden bola-bali anjalari Wisni gelem ora gelem nyinau carane milih busana kang pas. Lan awit kapribadene sing ora seneng ribet, Wisni banjur milih potongan busana kang “aman”. Yaiku, bisa dinggo ing maneka swasana lan cocog kanggo acara werna-werna.
Kuthubaru, iku kang dipilih Wisni. Jalaran, miturut pawestri klairan Sukabumi kasebut, potongane prasaja, nganggone uga gampang. Ananging, mesisan bisa katon merbawani. “Ringkes,” ujare, nggambarake yen dheweke bisa nganggo kuthubaru nalika nindakake padinan, mesisan ing acara resmi.
Wisni sing rumangsa cocog uga mongkog marang busana khas Nuswantara kasebut banjur netepake karep melu ngleluri kebaya kuthubaru. Dheweke, sing sejatine titel-e Sarjana Akuntansi, ora wigah-wigih nyinau kaprigelan anyar: nggawe pola lan njahit klambi. Sawise bisa banjur ada-ada nggawe busana siap pakai kang diwenehi tenger Saung Batik Drupadi.

(Instagram/@wisni_wdrupadi)
Liwat media sosiale pribadi lan uga akun dodolane, Wisni kerep andum carane nganggo jarit lan kain bathik liyane. Yen tapihan mlipit lumrahe akeh sing kangelan, mula Wisni andum kreasine amrih jarit lan kain tradhisional liyane bisa dinggo ananging ora nyrimpedi. Angkahe ora liya amrih tansaya akeh warga ngakeh, apamaneh nom-noman, melu bebusana khas Nuswantara ing padinan. (lie)







