SGE 2026 Nyathet Transaksi Rp7,75 Miliar, UMKM Surabaya Ngincer Pasar Luwih Jembar Maneh

Surabaya Great Expo (SGE) 2026 nyathet lakuning ekonomi Rp7,751 miliar sajrone limang dina digelar. Pameran sing dianakake ing Exhibition Hall Grand City Surabaya tanggal 5–9 Agustus 2026 kuwi ora mung dadi papan transaksi, nanging uga diarahake kanggo nguwatake ekosistem usaha liwat pemasaran produk, legalitas, jejaring bisnis, nganti mbukak kalodhangan pasar sing luwih jembar.

Gelaran SGE ka 15 mau nyathet 48.022 pengunjung. Saka total mutere ekonomi kuwi, transaksi langsung nggayuh Rp5,05 miliar, dene potensi transaksi bisnis ora langsung Rp2,701 miliar. Asil kuwi ngluwihi target awal Pemkot Surabaya sing mromosekake transaksi Rp7 miliar kanthi jumlah pengunjung 47.650 wong sajrone limang dina.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi ngandhakake, kabutuhan ruang pemasaran kanggo UMKM katon saka akumulasi transaksi SGE sajrone patang taun pungkasan. Wiwit 2022–2025, SGE nyathet perputaran transaksi luwih saka Rp30,3 miliar. Ing periode sing padha, kira-kira 370 UMKM binaan Pemkot Surabaya wis difasilitasi liwat kegiatan kuwi.

“SGE iki wiwit sawetara taun kepungkur wis ngubengake dhuwit luwih saka Rp30 miliar. Saben pameran rata-rata ubenge Rp7 miliar nganti Rp9 miliar,” ujare Wali Kota Eri nalika mbukak SGE 2026 ing dina Rebo (5/8/2026).

Miturut Wali Kota, fasilitasi ksb ora mandheg jroning nyedhiyani stan. Kira-kira 450 legalitas usaha uga dijurung liwat penerbitan Nomor Induk Berusaha (NIB), sertifikasi halal, nganti pendaftaran merek. “Iki nuduhake yen papan kanggo UMKM kanggo masarake produk pancen banget dibutuhake,” ujare.

Nanging, Pemkot Surabaya ora pengin fungsi SGE mandheg ing kegiatan promosi. Wali Kota Eri nandhesake yen UMKM butuh dukungan sing luwih dhasar supaya bisa tuwuh lan mlebu pasar sing luwih jembar.

Mula kuwi, legalitas usaha dadi bagean penting jroning konsep pengembangan UMKM liwat SGE. Luwih saka kuwi, produk sing dipasarake dikarepake ora mung menarik saka babagan kemasan lan kualitas, nanging uga nduweni fondasi usaha sing bisa ndadekake pelaku UMKM ngembangake pasar.

“Pameran iki ora mung babagan nampilake lan adol produk. Kepriye kita menehi sertifikat halal, mbantu sertifikat merek, iki sing banget dibutuhake UMKM. Tugase pemerintah yaiku menehi fasilitas” ujare.

Wali Kota Eri uga nandhesake, SGE mujudake momentum kanggo ngenalake produk lokal Surabaya marang masyarakat lan wisatawan. Miturut Pak Eri, kualitas produk lokal kudu terus dikenalake supaya masyarakat nduweni pilihan luwih akeh sarta ningkatake kabutuhan produk UMKM Surabaya.

“Pemkot uga kudu dadi marketing kanggo UMKM. Produk lokal Surabaya, apa kuwi klambi utawa panganan, kudu kita tuduhake marang masyarakat yen kualitasé luar biasa lan bisa dadi pilihan warga lan wisatawan,” jelase.

Pendekatan ksb uga mesisan njembarake jejere Pemkot Surabaya ing ekosistem UMKM. Pemkot ora mung duwe tugas nggawe kebijakan lan menehi bantuan, nanging uga mbukak akses supaya produk sing diasilake pelaku usaha bisa ketemu karo pasar.

Konsep sing padha ditrapake ing SGE 2026 liwat gabungan aktivitas dedagangan karo layanan publik. Pengunjung ora mung bisa ndeleng lan tuku produk, nanging uga oleh layanan perizinan, pendampingan sertifikasi halal, pendaftaran merek, nganti layanan paspor.

Wali Kota Eri njelasake yen konsep ksb minangka “one stop shopping”. Kanthi konsep kaya iku masyarakat bisa nyukupi kabutuhan konsumsi sarta ngurus sawetara kabutuhan administrasi ing sawijining papan.

“Dadi wong bisa nenikmati panganan, ndeleng lan tuku klambi, mesisan oleh layanan publik. Mengkone, kegiatan kaya ngene iki bakal luwih sering kita gerakake kanggo masarake UMKM Surabaya,” ujare.

Tantangan sabanjure yaiku mesthekake akses pasar ksb ora mung tinarbuka sajrone limang dina SGE. Pemkot Surabaya wiwit nyiapake Surabaya Urban Creative Hub (Sub Expocenter) ing kawasan eks Hi-Tech Mall minangka salah siji ruang kanggo nggathukake pelaku usaha klawan pasar.

Fasilitas kuwi diarahake kanggo nampung nom-noman ing bidang ekonomi kreatif lan industri digital. Produk lokal, kreativitas, sarta pengembangan bisnis mawa basis teknologi bakal dipapanake ing sawijining ekosistem.

“Ing Sub Expocenter mengko nom-noman sing aktif ing ekonomi kreatif lan digital bakal kita fasilitasi. Produk lokal Surabaya, kreativitas nom-noman, lan ekonomi kreatif bakal dikumpulake ing kana,” jlentrehe.

Wali Kota Eri malah njurung supaya pola pameran UMKM bisa dianakake kira-kira telung wulan sapisan. Kanthi frekuensi sing luwih rutin, pelaku usaha ora perlu ngenteni setaun maneh kanggo oleh ruang promosi. “Dadi ana papan kanggo nampilake barang-barang UMKM, dideleng masyarakat, lan dipasarake. Nalika kita wenehi fasilitas, pergerakan ekonomi kuwi bakal mlaku dhewe,” jlentrehe.

Kanthi mangkono, Pemkot Surabaya cukup mbukak akses lan nyedhiyani ruang. Sabanjure, pelaku usaha diajab bisa nggunakake kesempatan ksb kanggo ngembangake bisnis kanthi mandiri. “Yen pemerintah wis aweh fasilitas, UMKM sing bakal obah dhewe. Mula kuwi kita kudu sering nganakake kegiatan sing sifaté menehi fasilitas” tuture.

Kepala Dinas Koperasi, Usaha Kecil dan Menengah serta Perdagangan (Dinkopumdag) Kota Surabaya, Mia Santi Dewi nambahake, SGE dadi salah siji ruang strategis kanggo nemokake pelaku usaha, pembeli, lan masyarakat.

Liwat tema Surabaya Business Start, Pemkot Surabaya pengin ndadekake SGE minangka ruang sing ngasilake jejaring bisnis produktif, dudu mung saderma aktivitas perdagangan sesaat.

“Kita ngajab dampake ora mandheg mung ing transaksi sajrone pameran wae, nanging terus ing pertumbuhan usaha sing berkelanjutan,” ujare Mia.

Pandangan kuwi dadi luwih relevan sawise SGE ditutup ing Minggu (9/8/2026) wengi. Miturut Mia, rampunge kegiatan sacara fisik ora kena ditegesi minangka rampunge peluang bisnis sing wis kabentuk.

Mula kuwi, dheweke njurung pelaku UMKM ngukuhi kontak bisnis, nerusake rembugan kerja sama, sarta ngembangake produk adhedhasar respons pasar sing dipikolehi sajrone pameran.

“Muga-muga sawise SGE rampung, malah bakal muncul luwih akeh transaksi, kolaborasi, pelanggan anyar, lan mesthi wae luwih akeh UMKM sing munggah kelas,” pesene Mia.

Ing sisih liya, Mia uga nandhesake yen ukuran kasuksesan UMKM kudune dideleng saka perkembangan usaha sawise melu pameran, kalebu perluasan pasar, nganti peningkatan omzet. “Kita pengin SGE ora mung dadi event taunan, nanging dadi mesin penggerak ekonomi lan etalase produk-produk paling apik ing kutha Surabaya,” tandhese Mia.

Pengembangan UMKM jroning SGE 2026 uga diusung menyang sektor ekonomi kreatif. Salah sijine liwat kolaborasi desainer karo bocah-bocah Rumah Anak Prestasi (RAP) kanggo ngasilake desain bathik. Saliyane pameran, SGE 2026 diisi pagelaran seni lan tari, talkshow, workshop, fashion show, hiburan, kompetisi, kegiatan komunitas, sarta aktivitas sing nglibatake donyaning pendidikan.

Ruang layanan publik lan konsultasi uga kasedhiyakake kanggo masyarakat lan pelaku usaha, kalebu layanan keimigrasian, BPOM, pendaftaran merek, sertifikasi halal, informasi lan proses ekspor, nganti layanan kesehatan.

Sauntara kuwi, Direktur PT Dayapromo Mitra Tama (Dyandra Promosindo), M. Kushendarman, minangka penyelenggara njelasake, capaian SGE 2026 mundhak dibandhing penyelenggaraan taun sadurunge. Miturut dheweke, indikator keberhasilan pameran ora mung dideleng saka nilai transaksi langsung.

“Capaian kuwi dadi salah siji indikator yen Surabaya Great Expo ora mung menehi ruang promosi lan transaksi, nanging uga menehi peluang kemitraan, business networking, pengembangan pasar, sarta kerja sama jangka panjang kanggo para peserta pameran,” ujare Kushendarman.

Dheweke uga njlentrehake yen penyelenggaraan SGE 2026 dieloni 106 peserta kanthi total 142 stan. Para peserta asalé saka perangkat daerah, BUMD, BUMN, pelaku UMKM, koperasi, perusahaan swasta, asosiasi usaha, nganti pelaku usaha saka maneka daerah ing Indonesia.

“Keragaman peserta ndadekake SGE minangka ruang kanggo nemokake pelaku usaha, pemerintah, lan masyarakat jroning mbangun interaksi sarta peluang kolaborasi. Kita ngaturake panuwun atas dukungane kabeh pihak,” pungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 49

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *