Ngukuhi pakem, mungguhe dhosen ISI Surakarta, Aris Setiawan, sah-sah wae. Nanging yen kerosan anggone nggondheli, malah nuwuhake risiko. Risiko sing paling abot yaiku ditinggal generasi mudha sing wis ora cocog maneh karo cak-cakane pakem kang kaku.

Ngangkat lakon Rara Tangis Rara Jiwa, pentas wayang topeng Panji malangan ing Gedhong Cak Durasim kompleks Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali 85 Surabaya iku krasa regeng, Jumuah bengi, 7 Maret 2025. Dhasar crita sing dijupuk saka epos Panji iku dikemas kanthi lucu, mula penonton sing ngisi setengah saka kapasitas kursi, bola-bali ngguyu kekel nalika muncul banyolan-banyolan ing ndhuwur panggung.
Ora mung masyarakat umum, pentas seni pertunjukkan topeng Panji sing digelar dening Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Timur iku uga ditonton dening mahasiswa jurusan seni budaya, dhosen, budayawan sarta seniman. Nganti titi purnane pentas 1,5 jam wong-wong mau ora mingket saka palungguhane.
Wayang topeng Panji malangan ora beda karo wayang uwong gagrag jawa tengahan. Kejaba ana suluke dhalang, antawecana jroning dhialog uga nyastra banget. Ora keri joged alusan lan joged kekiprah minangka ciri khase wayang uwong uga dikibarake. Bedane mung manggon ana iringan gendhing sarta sastrane. Wayang uwong malangan iringan gendhinge luwih akeh nganggo gagrag jawa timuran. Wondene ing bab sastrane dhialog, wayang topeng Panji nyeselake dhialek-dhalek basa Malang.
Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Timur Evy Avianasari mratelakake pentas kasebut mengku karep amrih masyarakat mangerteni menawa wayang topeng Panji mujudake kesenian tradhisional khas Jawa Timur sing patut dilestarekake. “Mligine marang generasi mudha, Disbudbar Jatim kepengin nepungake jinis kesenian topeng Panji iki minangka bukti menawa kita iki propinsi sing sugih kesenian lan kabudayan,” kandhane Evy.
Sadurunge pentas bengi kuwi, sorene dianakake semiloka kanthi tema Mengenal Epos Panji, Kenapa Gengsi: Topeng Malangan, Cerita Panji dan Resonansinya pada Gen Z kanthi narasumber Suroso (Ketua Dewan Kesenian Malang), sarta Aris Setiawan (dhoden seni tari Institut Seni Indonesia/ISI Surakarta).

Ngrembakane Seni Panji
Suroso, sing uga seniman wayang topeng malangan nuturake, seni tradhisional iki diarani wayang topeng Panji awit babon critane kajupuk saka jaman kerajaan-kerajaan Kediri, Jenggala lan Sabrang. Landhesan pakeme kapirid saka kisahe Panji Asmara Bangun lan Dewi Sekartaji, kang dikembangake dadi varian-varian crita carangan. Upamane Laire Panji Laras, Umbul-umbul Mojopuro, Asmara Bangun Madeg Ratu, Sayembara Sada Lanang, Gunungsari & Ragilkuning Krama lan sapanunggalane.
Suroso aweh tuladha, lakon Rara Tangis Rara Jiwa sing dimainake bengi kuwi uga dikreasi saka pakem. Nyritakake pakartine nalendra Sabrang kang kepengin ndhustha pusaka Kraton Kediri kanthi malih rupa dadi Raden Panji Gunungsari. Nanging wekasan tumindake kejodheran dening Panji Asmara Bangun.
Ing laladan Malang, kandhane Suroso, wayang topeng Panji bisa kaperang dadi rong wilayah: wetan lan kidul. Saben wilayah duwe ciri khas gerak tari lan antawecana. Upamane joged kiprahe wilayah kidul luwih sigrak (gagah) dibandhingake wilayah wetan sing alusan. Manut Suroso bedaning joged mau ana sambung rapete karo panggonane grup kasebut mapan. Wilayah kidul katon luwih sigrak lan “kasar” jalaran cedhak karo pesisir. Wondene wilayah wetan luwih alus awit lingkungane cedhak karo kutha. Prabedan istilah Malang ‘kidulan’ lan ‘wetanan’ iku muncul, miturut Suroso, jalaran rumuhun tokoh utawa paraga sing ngrembakakake wayang Panji beda. Nanging ing bab lakon, kabeh padha, yaiku njupuk sumbere saka epos Panji.
“Ana grup wayang topeng sing ngangkat lakon wayang purwa jaman Mahabarata lan Ramayana. Nanging biyasane ngono kuwi merga ngladeni panjaluke wong sing nanggap,” kandhane Suroso sabubare semiloka marang Panjebar Semangat.
Suroso nambahake wayang topeng Panji malangan wiwit gumregah maneh keri-keri iki merga regenerasi pemain sing terus ditindakake. Kober meh kentekan penerus ing awal taun 2000’an, samengko muncul ora kurang saka 15 grup wayang Panji sa-Kabupaten Malang. Sok ngonowa pentase ora bisa rutin jalaran winatese tanggapan.
“Aku iki klebu generasi kaping lima ing seni wayang topeng Panji Kecamatan Pakisaji. Wiwit Mbah Ja, Mbah Pariyo, Mbah Karimun, bapakku, banjur aku. Ana generasine bapakku sing isih sugeng lan njoged nganti seprene,” kandhane Suroso.
Nut jaman kelakone, pentas wayang Panji saiki digarap luwih ringkes lan padhet. Paling suwe telung jam. Tujuwane supaya penonton ora bosen. Bab iki beda karo jaman biyen nalika dhurasine pentas bisa nganti sedina sewengi. Wanci awan digelar jam 13.00-17.00. Bengi dibacutake maneh wiwit jam 20.00 nganti parak esuk. Kena diarani sing nanggap lan masyarakat sutresna katog banget anggone nonton.
Pentas kanthi wektu sing dawa mau dinane iki wis arang kadhing dileksanani jalaran masyarakat kepengine sing sarwa praktis. Nanging ora ateges tradhisi mau ilang babar pisan. Merga ing desa-desa wewengkon Kabupaten Malang pedhalaman sok isih ana warga masyarakat sing duwe gawe nyunatake anake rila nanggap wayang topeng sewengi natas.
“Isih ana kapercayan menawa bocah sing disunat mau bengine kudu melekan nganti byar padhang. Lha, nanggap wayang topeng iku werdine kanggo ngancani melek si bocah mau,” tuture Suroso.
Pira prabeyane nanggap wayang topeng Panji? Miturut Suroso kabeh mau gumantung karo adoh cedhake panggonan sing diparani awit gegayutan karo akomodhasi. Yen ing wewengkon Malang wae ongkose Rp 15 – Rp 20 yuta. Ragad samono mau wis komplit sagamelan, dhekorasi pentas, sarga opah kanggo kru sing cacahe udakara 50. Nanging sound system, panggung lan terop dadi tanggungane sing nanggap.
Suroso optimis wayang topeng Panji malangan bisa terus lestari waton isih ana sutresnane. Ing dina-dina iki, kandhane Suroso, tanggapan wayang topeng siji loro isih ana. Biyasane dipasake karo kegiyatan rutin tradhisi sedhekah bumi, nyadran, ngluwari ujar, lan pahargyan wong duwe kajat mantu utawa nyunatne anak. “Ing Pakisaji ana gebyag rutin saben 36 dina sepisan kanggo nguri-uri. Dadi senadyan ora ana tanggapan tetep bisa main,” tuture Suroso sing uga pimpinan grup wayang topeng Asmara Bangun.
Pakem
Sauntara kuwi Aris Setiawan darbe panemu, kanggo luwih ngrembakakake wayang Panji, becike kesenian mau wiwit mbukak dhiri marang owah-owahan jaman sarta ora kaku banget-banget jroning nggegegi pakem. Sasuwene iki, miturut Aris, nalika diangkat menyang karya ilmiah sarta dienggo kajian dhiskusi ana kampus-kampus seni, kaya-kaya wayang Panji iku anane ya mung ngono-ngono kuwi. Yen ora ngono ateges dudu wayang Panji. Panemu sing mengkono mau, miturut Aris, njalari wayang topeng Panji dadi statis.
Mangka minangka kesenian sing urip ana satengahing masyarakat egaliter, ora ana alane yen wayang Panji ngowahi dhirine dadi luwih luwes karo tekane owah-owahan jaman. Upamane kanthi nglebokake lakon ‘kekinian’ sarta nyelesake instrumen musik modern ing antarane wirama gamelan tradhisional.
Ngukuhi pakem, mungguhe Aris uga sah-sah wae. Nanging yen kerosan anggone nggondheli, malah ana risikone. Risiko sing paling abot yaiku ditinggal generasi mudha sing wis ora cocog karo cak-cakane pakem sing kaku. Nanging Aris uga sadhar menawa kakehan ngothak-athik pakem tundhone wayang topeng mau malah kelangan jati dhirine. Dianggep nyebal pake, sing tundhane keasliane kesenian kasebut luntur. “Nah, tantangan kita saiki piye rong prekara kuwi bisa kompromi. Oke, pakem tetep kita kukuhi ing diksi-diksi tinamtu, ing bageyan-bageyan tinamtu, nanging bisaa uga lentur ora alergi nampa owah-owahan saka njaba. Masalah iki kudu dijembatani,” ujare Aris.
***
Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi








Menapa mboten dipun muat Crita Cekak nggih? Cergam lawas nggih purun lho.