Tampile kesenian-kesenian kang kairing wirama orkestra gamelan mau ora mung angger, nanging mengku surasa mirunggan sing bisa dijarwakake.
Sawijining festival musik lintas generasi digelar ana Gedhung Cak Durasim Taman Budaya Jawa Timur, Jalan Gentengkali 85 Surabaya, Jumuah bengi, 18 April 2025. Ngangkat tema For You, festival kasebut ngudi nyambungake kolaborasi antarane musikus senior kang tatarane wis maestro, karo musikus junior kang lagi napaki dalan keseniane. Kolaborasi mau diundha jroning panggung orkestra sing megah.

Tim orkestra pengiring kang tampil mujudake gabungan saka mahasiswa Universitas Negeri Surabaya (Unesa), Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta (STKW), sarta siswa Sekolah Menengah Kejuruan Negeri 12 Surabaya. Orkestra mau njumbuhake antarane alat musik biola, trompet, gitar, piano lan drum karo gamelan saprangkat. Kanthi aransemen kang pas, rong klompok alat musik beda genre iku tetela bisa ngasilake wirama sing kepenak dirungu.
Saselaning orkestrasi musik lan gamelan, ditampilake maneka kesenian, wiwit saka jula-juli kidungan, joged wayang uwong, joged topeng Panji Malangan, teatrikal lan nyanyian. Kolaborasi senior-junior kuwi katon saka tampile maestro seni pertunjukkan Elly D. Luthan, maestro seni gamelan gagrag Jawatimuran Bambang SP, maestro seni musik Joko Winarko alias Joko Porong, sarta penyanyi sing lagi kombul jenenge, Arya Galih lan Octavalica HN.

Tampile kesenian-kesenian kang kairing wirama orkestra gamelan mau ora mung angger, nanging mengku surasa mirunggan sing bisa dijarwakake. Joged topeng Panji Malangan upamane. Surasa kang kawengku ing sanjerone, lamun diterjemahake ora liya ngenani lakon pangumbarane Panji Inu Kertapati, tresna asih antarane Inu Kertapati karo Dewi Sekartaji ya Galuh Candrakirana, sarta ngenani pengabdian. Bab kuwi jumbuh karo babon kesenian Panji Malangan sing dijupuk saka jaman Kerajaan Daha lan Jenggala.
Pentas binuka kanthi joged budhalan prajurit kang rancak, nuli kanthi urut-urutan kasambung kidungan, joged Panji, teatrikal, banjur dipungkasi dhuet nyanyian dening Arya Galih lan Octavica HN. Elly D. Luthan kober gawe âefek kejutâ kanthi kemunculane kang ujug-ujug saka tengah kursi penonton kang peteng. Sekawit ora ana sing nggatekake penari senior klairan Jember nanging suwe urip ing Jakarta kuwi.
Karo nari kadhang luwes gemulai, kadhang kebat, dheweke kadya widadari tumurun laku jinjit tumuju panggung. Ing kana Joko Porong wis ngenteni. Sabacute wong loro nindakake tatrikal seni kanthi iringan musik kang nganyut-anyut.
Saka panyawange Panjebar Semangat, festival kasebut antuk respons positip saka penonton. Interaksi antarane penampil lan penonton becik. Ora nggumunake yen penonton kang ngebaki Gedhung Cak Durasim ora ngalih saka kursine sasuwene pentas 1 jam 40 menit iku kaleksanan.
Nyawijekake Nom lan Tuwa
Joko Porong kang jejer minangka kurator seni sing uga tim kreatif acara festival mau mratelakake, For You pancen konsep kolaborasi lintas generasi tumrap para pelaku kesenian Jawa Timur. Kolaborasi iku diwujudake menyang panggabungan alat musik tradhisional-modern, sarta campuran penampilan seni tradhisi lan seni kekinian.
âSing dipentingake ing kene yaiku konsep lebur dadi siji. Ora perlu ana dikotomi seniman tuwa-enom, gamelan-nongamelan, nanging nyawiji dadi pertunjukan kolaborasi,â tuture dhosen Seni Musik Unesa kuwi.
Kegiyatan festival mau, imbuhe Joko Porong, uga ngudi nggathukake antarane rong kutub pelaku seni. Kutub sing siji duwe idhealisme dhuwur kanthi ngugemi prinsip âseni kanggo seni.â Wondene kubu sijine duwe prinsip âseni kanggo industri.â Miturut Joko rong kutub mau sasuwene iki pancen mlaku sairing, nanging sacara prinsip angel digathukake jalaran duwe adeg-adeg sing beda.
âNah, jroning kegiyatan festival iki rong kubu mau coba dijembatani supaya ketemu. Saengga kepriye para idhealis lan para pelaku industri kuwi bisa lebur nyawiji,â kandhane Joko Porong.
Ami, komposer mudha sing ngaransemen sakabehe iringan festival, ngandharake ora ngrekasa banget-banget jroning nylarasake unine gamelan lan alat musik modern. Manut dheweke nadyan ora kulina bareng, nanging sejatine kabeh duwe sense (rasa) seni musik sing padha.
âTantanganku sakanca gari kepriye bisane ngomposer musik rong aliran iku dadi nadha-nadha sing cocog kanggo gen Z. Merga bocah-bocah saiki kuwi senengane musik sing wiramane rumit, nanging ora rumit. Lho, rak angel ta,â kandhane nom-noman klairan Surabaya iku banjur ngguyu amba.
Nadyan tinemu unsur musik lan tari ing njerone kolaborasi mau, nanging Elly D. Luthan ora sarujuk menawa bab kuwi diarani gamblokan antarane musik lan tari. Miturut Elly, yen digatekake kanthi premati, sejatine kabeh kesenian mono lair saka teater tradhisi kang ana sambunge karo unsur musik sarta unsur obahe awak (gerak) sing dudu tari.
Jrone kegiyatan Festival Musik For You kuwi, kandhane Elly, para generasi sepuh kaya dene dheweke mung bebasan mawa mrengangah sing ajak-ajak generasi mudha utawa gen Z murub bebarengan banjur ngrembaka bebarengan. Banjur kepengin tumuju ngendi gen Z mau sawise murub lan ngrembaka, gumantung marang sing nglakoni.
âNadyan duwe semangat kang gedhe, nanging kepriyea wae gen Z isih mbutuhake omah, banyu, lan hawa. Ing omah kuwi isih ana senior-senior kaya aku ngene iki, sing tansah sawega nyengkuyung arah lan tujuwane,â kandhane Elly.
Bambang SP nambahake, kolaborasi sing nom lan sing tuwa kuwi uga mbudidaya ngluluhake pakem sing ngiket, saengga nuwuhake kaendahaning âsilaturahmi.â Wiwit biyen, kandhane Bambang, ana kapitayan menawa generasi tuwa ngukuhi pakeming tradhisi kanthi rosa awit sumelang kelangan jati dhiri yen ora dijaga.
Kosok baline, generasi mudha condhong emoh diatur-atur nganggo pakem sing dianggep ngregoni kamardikane. Generasi mudha luwih seneng bebas ngunggar kreativitas lan inovasi supaya seni tradhisi manjing menyang alam samengko kanthi nut jaman kelakone. Nanging mungguhe generasi tuwa sing kaku, apa sing ditindakake generasi mudha mau patrap sing kurang ajar.
âIng festival iki sekat bates mau coba kita ilangi, saengga aja ana kutub tuwek lan kutub enom merga kabeh nggegegi panemune. Nanging yektine kabeh tradhisi kuwi wis duwe bingkai saengga kebebasan kasebut akhire dadi semu. Sing wigati energi tuwa lan energi mudha bebarengan ngasilake kekuwatan anyar,â kandhane Bambang SP.
Kepala Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Timur Evy Afianasari mratelakake kerep oleh usulan saka para pelaku kesenian supaya ngedhuk potensi seni sing dibungkus kekinian. Bab kuwi perlu ditindakake jalaran samengko gen Z mujudake klompok mayoritas pemerhati seni. âNah, tantangane saiki kepriye kita bisa gawe suguhan seni tradhisional sing bisa dikolaborasi karo kesenian sing isih ngrembaka ana satengahe masyarakat,â kandhane Evy.

Minangkani usulan-usulan mau, Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Jawa Timur banjur nggodhog konsep kolaborasi sing ora mung antar-generasi, nanging uga antar-kesenian. Panggodhoge konsep mau uga ngajak para pelaku kesenian, kalangan kampus sing duwe jurusan seni, lan SMKN 12 Surabaya sing pancen mligi sekolah menengah khusus seni. Kesimpulane, supaya pentas iku narik kawigatene generasi mudha, kudu digawe kanthi âkolosalâ lan megah. Mula dibutuhake tambahan tata lampu sing ngedab-edabi sarta multimedia ora beda layare film bioskup. âSabanjure maneka jinis kesenian iku disuguhake sapanggung,â kandhane Evy.
***
Panulis: Kukuh S. Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi








This piece of writing will help the internet people for creating new website or even a
weblog from start to end.
Excellent article. I certainly love this website. Continue the
good work!
Clear explanation
Loved this piece
I do not know whether it’s just me or if everyone else encountering issues with your blog.
It seems like some of the text in your posts are running off the
screen. Can someone else please comment and let me
know if this is happening to them too? This could be a problem with my web
browser because I’ve had this happen before. Cheers
Hmm it appears like your blog ate my first comment (it was super long) so I guess I’ll just
sum it up what I wrote and say, I’m thoroughly enjoying your blog.
I as well am an aspiring blog writer but I’m still new to
everything. Do you have any points for rookie blog writers?
I’d definitely appreciate it.
When I originally commented I clicked the “Notify me when new comments are added” checkbox and now
each time a comment is added I get four emails with
the same comment. Is there any way you can remove people from that service?
Thanks!
Somebody essentially assist to make critically posts
I might state. That is the first time I frequented your website page and thus
far? I surprised with the analysis you made to make this
actual submit incredible. Magnificent task!
Attractive component of content. I just stumbled upon your web site and in accession capital to claim that I get actually enjoyed account your weblog posts.
Anyway I’ll be subscribing on your feeds or even I fulfillment you get entry to consistently quickly.
Have you ever thought about writing an e-book or guest authoring on other sites?
I have a blog based on the same topics you discuss and would love to have
you share some stories/information. I know my readers would value your work.
If you are even remotely interested, feel free to send me an e mail.
Have you ever thought about creating an ebook or guest authoring on other websites?
I have a blog based upon on the same topics you
discuss and would love to have you share some stories/information. I know my viewers would appreciate your
work. If you are even remotely interested, feel free to send me
an e-mail.
Howdy, I think your blog could possibly
be having browser compatibility problems. When I look
at your web site in Safari, it looks fine but when opening in I.E.,
it has some overlapping issues. I merely wanted to give you a quick heads up!
Besides that, excellent blog!