Menteri Komunikasi dan Digital (Menkomdigi) Meutya Hafid nemenake Lembaga Kantor Berita Nasional (LKBN) ANTARA duwe peran strategis minangka beteng utawa “garda depan” njaga informasi ing media massa amrih tetep bening ing satengahe seling surup lan salah paham ing jaman digital dinane iki.
“ANTARA kudu njaga fakta (kanyatan), ngawal prioritas nasional, nyambungake negara karo rakyat, sarta dadi ‘narator’ Indonesia ing donya,” kandhane Meutya ing acara Forum Rakernas Perum LKBN ANTARA 2026 ing Yogyakarta, Jumuah, 5 Juni 2026. Rakernas kasebut njupuk tema ‘Mengokohkan Peran Strategis ANTARA dalam Ekosistem Informasi Negara dan Transformasi Bisnis Media Digital.’

Meutya nyoroti tantangan gedhe kang diadhepi ekosistem informasi dinane iki, yaiku thukule media daring kang pindha jamur ing mangsa udan. Sebageyan gedhe media kasebut durung oleh verifikasi dening Dewan Pers. Ana satengahe gempuran informasi kang kerep dikantheni emosi lan clickbait mau, Meutya ngajab ANTARA tetep ngugemi kode etik jurnalistik.
“Logo ANTARA wis kuwat banget lan dipercaya dening masyarakat. Kepercayaan kang dhuwur kuwi mujudake aset luar biasa kang ora kena diregedi nganggo berita-berita sing ora bener utawa ora akurat,” ujare Meutya.
Gegayutan karo dhukungan dhuwit operasional, Meutya mesthekake lamun pemerintah duwe komitmen njaga stabilitas anggaran Public Service Obligation (PSO) tumrap LKBN ANTARA. Kemenkomdigi, miturut Meutya, mbudidaya ngundhakake anggaran operasional mau ing satengahe efisiensi kang dicakake pemerintah. Tujuange supaya ANTARA bisa ngranggeh informasi tekan plosok-plosok daerah.
“PSO kudu tetep dibacutake, malah yen perlu ditambah. Pemerintah kepengin mesthekake menawa informasi kang tekan menyang tengah-tengahe masyarakat mono informasi kang bener, selaras karo Pasal 28 UUD 1945,” tuture Meutya.
Menkomdigi Meutya njurung ANTARA terus ngundhakake transformasi lan kecepetan digital tanpa ngurbanake akurasi. Dheweke kepengin ANTARA bisa ngejawantahake ‘visi besar’ pembangunan pemerintah jrone narasi kang faktual, cetha, lan gampang dipahami masyarakat.
“Pangajabku, para wartawan ANTARA bisa nulis informasi sing abot dadi entheng, kepenak diwaca, sarta relevan ing satengahe scroll time masyarakat kang cepet banget dina-dina iki,” kandhane.
Nutup arahane, Meutya nemenake wigatine kolaborasi antarane pemerintah lan media kanggo ngawekani ombak misinformasi kang dadi ancaman serius tumrap peradaban global. Pemerintah, kandhane Meutya, lagi uber-uberan karo wektu nylametake bangsa lan peradaban saka ancaman misinformasi. “Semangat iki kudu terus dijaga,” pratelane Meutya.
Sauntara kuwi Kepala Badan Komunikasi (Bakom) RI Muhammad Qodari njurung penguwatan tumrap Perum LKBN ANTARA lumantar kuwalitas pemberitaan, transformasi platform, lan optimalisasi jaringan daerah. Qodari menehi conto, samengko informasi saka pemerintah ora mung cukup mbiwarakake program. “Nanging uga kudu kinanthen nyethakake konteks-e, manfaat-e, alasan sarta arah kebijakan mau nganggo basa sing gampang dipahami dening rakyat,” kandhane Qodari.
ANTARA, ujare Qodari, duwe posisi strategis minangka jembatan komunikasine pemerintah marang masyarakat liwat pemberitaan kang akurat, wis diverifikasi bener lupute, lan surasane gampang dimangerteni masyarakat.
Qodari uga njurung ANTARA amrih mikuwati praktik evidence-based reporting kanthi nggunakake data, riset, lan konteks kebijakan minangka dhasar nyusun berita. “Riset, angka, lan konteks kebijakan mujudake senjata efektif supaya rakyat paham karo program-programe pemerintah. Fakta luwih persuasif tinimbang klaim,” ucape.
Miturut Qodari, transformasi digital perlu sangsaya disengkut merga dina-dina iki masyarakat luwih seneng ngonsumsi informasi saka video ringkes, infografis, podcast, sarta maneka format konten digital. Qodari ngajab ANTARA ngglandhi talenta-talenta mudha kang duwe kabisan ngolah prodhuk jurnalistik jrone format kekinian, klebu migunakake teknologi AI kanggo nyengkuyung prodhuksi konten kang luwih narik kawigaten.
Qodari yakin ANTARA kuwawa nindakake kabeh mau jalaran wis nduweni jaringan tekan daerah-daerah. Jaringan mau dadi modhal penting mbiwarakake berita saka pusat menyang daerah. Qodari uga ngajab ANTARA bisa menehi keterangan kang komprehensif ngenani maneka macem program pemerintah.
“ANTARA kudu luwih prodhuktif. Kanthi jaringan, pengalaman, lan standhar jurnalisme kang diduweni mau muga-muga ANTARA bisa dadi penenang, aweh pituduh ing konteks muthakhir, mligine ngenani program-programe pemerintah,” kandhane Qodari.
(ANTARA)



