Prabowo Neguhake Komitmen Sabela Rakyat

Presiden Prabowo Subianto neguhake komitmen-e tetep sabela marang  rakyat. Panjenengane ora arep mundur jrone ngadhepi gelombang dhemonstrasi anarkistis akhir-akhir iki. “Demi Allah, aku ora bakal mundur. Aku yakin rakyat nyengkuyung tekadku,” ngendikane Prabowo sawise mbezuk kurban aksi unjuk rasa ing Rumah Sakit Polri, Kramat Jati, Jakarta Timur, Senen, 1 September 2025.

Presiden Prabowo sarujuk hak nyampekake panemu, saran sarta usulan dijamin undang-undang. Nanging tata carane unjuk rasa mau wis diatur sarta kudu ditindakake kanthi damai. “Yen dhemonstrasi murni, ditindakake kanthi becik-becik, wajib diayomi dening aparat,” tuture kepala negara.

Prabowo mawas sawatara aksi unjuk rasa sing nylomot keributan keri-keri iki wis disusupi dening perusuh sing pancen duwe niyat ngobong fasilitas publik, klebu gedhung DPR sarta DPRD. Pakarti ngono mau ngarah marang tindakan makar. Merga pancen niyate para penyusup mau ora nyampekake usulan lan saran, nanging sengaja gawe onar, nganggu katentremane rakyat, sing tundhone ngancurake pembangunan nasional.

Prabowo kandha kanthi tegas menawa pamarentah bakal ngusut tuntas pihak-pihak sing tanggung jawab marang timbule dhemonstrasi anarkistis ing sawatara dhaerah. “Aku ora tidha-tidha jrone sabela rakyat, aku bakal ngadhepi mafia-mafia kuwata dikayangapa. Bakal dakadhepi adhedhasar rakyat,” ngendikane Presiden Prabowo.

Sedina sadurunge, Minggu, 31 Agustus 2025, Prabowo nalika paring katrangan pers bebarengan karo para ketua umum partai politik ing Istana Merdeka Jakarta, mundhut kabeh kementerian/lembaga mbukak lawange kanggo nampa utusan-utusan klompok masyarakat sing duwe karep nyampekake usulan, saran apadene kritik. Aspirasi sing murni saka masyarakat wajib diajeni. Mengkono uga hak keklumpukan sacara damai uga kudu diregani.“Nanging yen anggone nyampekake aspirasi dibarengi karo anarkis, de-stabilisasi negara, ngrusak lan ngobong fasilitas umum nganti nuwuhake kurban, njarah omah pribadi utawa instansi publik, kuwi wis kategori nerak ukum. Kudu diusut,” pratelane Presiden Prabowo. (Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *