Pemkot Surabaya Oleh Pangaji-aji RTLH Paling Dhuwur, Targete Ngrampungake 7.196 Rutilahu ing 2027

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya terus nuduhaké komitmené jroning nyedhiyani omah sing layak kanggo masyarakat liwat program Rutilahu (Rumah Tidak Layak Huni). Upaya iki ditindakake liwat dhukungan Anggaran Pendapatan lan Belanja Daerah (APBD) lan kolaborasi karo maneka pemangku kepentingan.

Saka komitmen kuwi, Pemkot Surabaya kasil oleh Penghargaan Terbaik I Kategori Pemerintah Daerah kanthi Dukungan APBD Program Rumah Tidak Layak Huni (RTLH) Paling Dhuwur ing ajang Expo Konstruksi Jawa Timur 2026 sing digelar ing Grand City Convex Hall, Selasa (9/6/2026).

Wali kota Surabaya, Eri Cahyadi, njelasake yèn pambangunan Kutha Pahlawan ora bisa mung ngendelaké APBD wae. Mula saka kuwi, pemkot terus nggiyataké kolaborasi karo maneka pihak kanggo ndhukung cepete pangleksanan program Rutilahu. Kolaborasi kuwi ngajak sawenehing lembaga, ing antarane Yayasan Buddha Tzu Chi, Ciputra, Pakuwon, Baznas Surabaya, Bangga Surabaya Peduli, lan Nurul Hayat.

“Negara ora bakal kuwat yen mung pemerintah sing gerak. Nanging dina iki wis dibuktekaké, kekuwatan gotong royong bisa dadi sawijining kesatuan gedhé,” ujare Wali Kota Eri, Rebo (17/6/2026).

Miturut data Pemkot Surabaya, dinane iki ana watara 7.196 unit omah sing ora layak huni sing isih perlu ditangani. Mula, Pemkot Surabaya nargetaké supaya kabèh masalah kuwi bisa dirampungake jrone rong taun ngarep.

“Taun 2026 iki kita rampungaké 3.242 unit. Turahe watara 3.896 unit bakal kita rampungaké ing taun 2027. Pangajabe, jrone rong taun iki Rutilahu ing Surabaya wis rampung 100 persen,” jlentrehe.

Kanggo ndhukung target kuwi, 2.240 unit omah bakal didandani liwat APBD Kutha Surabaya. Sabanjure 1.002 unit liyane bakal ditangani nganggo pembiayaan non-APBD utawa dhukungan CSR. Saliyané kuwi, ana bantuan stimulan saka Kementerian Perumahan lan Kawasan Permukiman (PKP) liwat program Bantuan Stimulan Perumahan Swadaya (BSPS) sing jumlahé 200 unit.

Wali Kota Eri nerangaké yèn perbaikan Rutilahu difokusaké marang komponen utama omah, kaya pyan, ubin, témbok, lan kakus. Program iki dadi prioritas kanggone warga sing duwé KTP Surabaya, kalebu kelompok masyarakat penghasilan rendah, lan duwé status lahan sing sah sarta ora jroning sengketa.

“Sasaran sing nampa yakuwi warga sing duwé KTP Surabaya sing mlebu ing data desil 1-5 kanthi status lahan sing sah utawa ora jroning sengketa,” ujare.

Sauntara kuwi, Kepala Dinas Perumahan Rakyat lan Kawasan Permukiman sarta Pertanahan (DPRKPP) Kutha Surabaya, Iman Kristian, nandhesake yèn penanganan Rutilahu dadi salah siji fokus utama Pemkot Surabaya kanggo ningkataké kualitas hunian masyarakat.

“Ing Surabaya kawasan kumuhé wis suda. Dadi salah siji kawigaten Pemkot Surabaya yakuwi kanggo nangani rutilahu,” ujare Iman.

Miturut Iman, penghargaan RTLH sing ditampa Surabaya dadi wujud apresiasi atas komitmen pemkot jroning nyedhiyani hunian sing luwih layak kanggo masyarakat. Saliyané kuwi, penghargaan ksb uga nuduhaké kasile pemkot jroning mbangun kolaborasi lintas sektor kanggo ndhukung program Rutilahu. “Kalebu ngajak maneka sektor kanggo nangani Rutilahu iki,” tambahé.

Minangka bagéan saka komitmen kuwi, Pemkot Surabaya nargetaké perbaikan 3.242 unit omah ing 2026. Jumlah kuwi kaperang dadi 2.240 unit sing dibiayai liwat APBD lan 1.002 unit sing didhukung liwat sumber dana non-APBD.

“Ing taun 2026 iki kita ana rencana watara 3.242 unit sing bakal ditindakake ing Kutha Surabaya kanthi APBD-né ana ing 2.240 lan non-APBD-né ana 1.002,” terangé.

Iman uga nandhesake yèn program Rutilahu ora mung ngendelaké APBD, nanging uga nampa dhukungan saka maneka pihak liwat program tanggung jawab sosial perusahaan (CSR). Melu-melune sektor swasta, organisasi sosial, nganti lembaga kemanusiaan dianggep dadi faktor penting kanggo nyepetake penanganan Rutilahu ing Surabaya. “Dadi program Rutilahu ora mung dihandle déning dana APBD Surabaya, nanging uga ana dana CSR,” ujare.

Saliyane dhukungan saka APBD lan CSR, program iki uga entuk bantuan saka pamaréntah pusat liwat BSPS Kementerian PKP. Dinane iki, bantuan sing wis dialokasekaké nggayuh 200 unit omah lan isih bisa nambah miturut kebijakan pamaréntah pusat. “Yèn saka BSPS, dinane iki 200 unit,” tambahé.

Iman uga nerangké yèn panampa program Rutilahu kudu mepaki sawatara syarat sing wis ditemtokaké. Saliyane mlebu ing kelompok desil 1-5 adhedhasar Data Tunggal Sosial Ekonomi Nasional (DTSEN), calon panampa uga wajib nduwé legalitas lahan sing jelas lan bisa dibuktèkaké sacara administratif. “Duwèni sertifikat, terus duwé alas hak, alas hak kuwi bisa arupa nyewa marang sapa utawa IPT lan sakpituruté,” ujare.

Mula saka kuwi, Pemkot Surabaya ora bisa nindakaké dandan-dandan marang bangunan sing ngadeg ing lahan ilegal. Kebijakan kuwi dicakaké kanggo mesthèkaké bantuan pamaréntah diwènèhaké marang warga sing mepaki ketentuan lan ora nuwuhake masalah hukum mengko. “Dadi alas haké kudu jelas dhisik, (bangunan) ora kena (ngadeg) ing tanah ilegal,” tandhee.

Ngenani target jangka panjang, Iman ngandhakake yèn Wali Kota Eri Cahyadi nargetaké kabeh usulan perbaikan Rutilahu bisa rampung ing 2027. Saiki, jumlah usulan sing kacathet nggayuh watara 7.100 unit omah lan bakal ditangani sacara bertahap jroning rong taun ngarep.

“Akhir 2026 kita nangani watara 3.200 (unit), mbok menawa taun 2027 watara 3.800 (unit). Dadi, pangarep-arepé jrone rong taun iki wis clear kanggo urusan Rutilahu ing Surabaya,” ujare.

Saterusé, DPRKPP Surabaya ngajab saya akèh perusahaan lan lembaga sing melu partisipasi liwat program CSR saengga jangkauan penanganan Rutilahu bisa saya jembar lan cepet. “Yèn pangarep-arep kita saya akèh (stakeholder) sing melu, CSR sing melu,” ujare Iman.

Saka babagan liya, Iman bali nandhesake tujuan utama program Rutilahu tetep fokus marang nyedhiyani panggonan sing sehat, aman, lan layak kanggo masyarakat. Lumantar program ksb, Pemkot Surabaya ngajab kualitas urip warga bisa ningkat selaras saya apike kondisi padunungané.

“Target kita nyedhiyani panggonan sing layak kanggo warga. Sakdurungé mungkin ora ana cahya alami, kurang sehat, lan jobine isih lemah. Intiné nggawe panggonan luwih layak miturut konsep saka kita,” pungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 34

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *