Menkes: Cek Kesehatan Gratis Nyuda Risiko Stroke

Menteri Kesehatan (Menkes) Budi Gunadi Sadikin ajak-ajak kabeh warga masyarakat nggunakake kalodhangan cek kesehatan gratis sabecik-becike. Sebab, Presiden Prabowo Subianto pancen sengaja nyawisi program cek kesehatan cuma-cuma mau kanggo deteksi dini faktor risiko. Miturut Budi, eman banget yen masyarakat ora manfaatake program kasebut, mligine cek gula dharah, tekanan dharah, lan lemak dharah.

“Program iki perlu dimanfaatake sabecik-becike supaya masyarakat bisa meruhi faktor risiko lelara ing ragane wiwit awal. Yen asile cek pranyata ora normal, bisa cepet antuk penanganan. Nyegah luwih apik tinimbang ngobati,” tuture Budi nalika rapat zoom ana ruwangane Sekretaris Daerah Provinsi Aceh, Banda Aceh,  Minggu, 7 September 2025.

Kanggo ngudi kasarasaning raga, miturut Budi, saliyane rutin ngecek kondhisi kesehatan, uga njaga pola makan sarta olahraga. Yen kesadharane masyarakat kanggo ngecek gula dharah, tekanan dharah lan lemak dharah wis dhuwur, Budi Gunadi yakin risiko kaserang lelara stroke lan jantung bisa disuda. “Masyarakat sumangga nggunakake layanan-layanan kesehatan gratis sing disediyakake pamarentah,” kandhane Budi.

Kepala Dinas Kesehatan Kabupaten Aceh Besar Neli Ulfiati mesthekake program cek kesehatan gratis pamarentah wis dileksanani ing puskesmas-puskesmas kang dadi wilayahe. Miturut Neli, program inovasi kang digagas Presiden Prabowo iku gedhe paedahe tumrap masyarakat miskin sing ora duwe ragad kanggo berobat.

Minangka pelaksana ing lapangan, Neli kandha dinas kesehatan mbudidaya ngladeni masyarakat sabecik-becike. Kejaba kuwi dinas kesehatan ora kendhat tansah menehi edukasi sarta motivasi marang masyarakat supaya rutin ngecek kesehatane. Ora mung cek gula dharah, tekanan dharah lan lemak dharah wae, nanging uga masalah gangguan jiwa wigati kanggo dipriksakake. “Kanthi pola urip sehat, cek kesehatan rutin, warga Aceh Besar bakal kalis saka sawernaning lelara,” kandhane Neli. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 191

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *