Werna-werna jinise panganan Vietnam, mligine ing kutha Hanoi. Yen arep dakcritakake kabeh rasane malah kedawan. Kang mesthi milih kang enak-enak. Lan akeh panganan lan omben-omben kang ora beda ing Indonesia. Kaya aku rikala tuku es krim senengane mantuku. Semono uga es krim, uga ora ana bedane kaya es krim ing Indonesia. Mung swasanane wae kang beda. Lha yen sarapan mesti wis ana hotel, mula supaya antuk pegalaman kang unik lan beda sarta enak yen mangan awan lan bengi pedomanku ya sepisan maneh saka rekomendasi Michelin lan uga warga Vitenam apa para turis kang kebeneran nate menyang Vietnam. Rating kang paling dhuwur ya banjur dakpilih.

Dene destinasi wisata ing Hanoi ya cukup akeh. Nanging kang akeh narik kawigaten turis mancanegara ya destinasi kang ana gandheng cenenge karo Perang Vietnam. Amarga ya pancen Vietnam iku nganti saiki idheologi kang diugemi rak ya komunis. Kaya negara China, kang nganti saiki uga idiologine komunis. Nanging negara komunis kang wis ora ngaramake modhal asing lan pasar bebas. Mula ora nggumunake yen banjur wiwit akeh investasi asing kang wis mlebu ana China. Semono uga Vietnam.
Lan para maos rak ya isih kelingan, sadurunge Vietnam merdika biyen dijajah dening Perancis. Mula kang jenenge bangunan tinggalane Perancis ya isih akeh. Ketambahan maneh anane peran Vietnam iku rak ya amarga rikala ing tahun 1970-an, idheologi komunis dadi idheologi kang diwedeni dening negara-negara Barat, yaiku Amerika lan Eropa. Semono uga negara Australia. Mula Vietnam Lor kang idheologi komunis dibantu dening China lan Uni Soviet banjur ngreka daya supaya Vietnam ora kapecah dadi loro nanging bisa manunggal kanthi idheologi komunis.
Ya mesthi wae Amerika lan sekutune kuwatir banget. Ora beda kaya Korea Lor lan Korea Kidul. Mung bedani Vietnam akhire bisa nyawiji dene kang menang idiologi komunis. La rikala Vietnam Lor menang mungsuh Amerika taun 1975, ya mesthi wae negara-negara ASEAN kaya dene Thailand, Filipina, Malaysia, Singapura, lan Indonesia was-was. Apamaneh ing Timor Timor (rikala iku), Portugis kang sasuwene iki njajah banjur ninggalake ngono wae amarga anane dredah ing negarane(Revolusi Bunga), lan panguwasa anyar banjur nduwe kawicaksanan nengenake dekolonisasi.
Mula ing Timor Timur, amarga anane panguwasa kang ora ana mau, banjur dadi dredah. La kok sasuwene dredah mau kang menang kelompok Fretelin kang sejatine idheologine ya komunis. Ya mesthi wae Australia lan Indonesia uga ketir-ketir. Saka lor Vietnam komunis menang lha kok Timor Timur uga komunis kang menang. Lha kelompok kang kalah mau banjur njaluk tulung marang pemerintah Indonesia supaya mbantu mulihake keamanan ing Timor Timur kang wis dikuwasani dening Fretelin.
Indonesia dhewe ya mesthi wae amarga khawatir idheologi komunis kang rikala iku pancen dadi musuh, mula ya kanthi palilah sarta disekuyung dening USA lan Australia banjur mlebu Timor Timur. Dadi sejatine rikala Indonesia mlebu Timur Timour rikala iku mesthi antuk palilah lan dukungan saka negara mau. Ya amarga rikala iku komunis rak ya dadi musuh. Nanging anehe rikala Indonesia wis mlebu Timor Timur lha kok njekethek, rikala komunis wis dudu idheologi mungsuh kang mbebayani (negara komunis kaya Soviet banjur pecah) malah mbantu Timor Timur supaya merdika.
Iku rak wis dadi kasunyatan sejarah. Semono uga ing Vietnam, senadyan idheologine komunis nanging wis beda banget, ora kaya Korea Lor kang isih dadi negara kang nutup diri. Ora gelem ngowahi politike kaya Rusia lan China umpamane. Ing ndonya iki mung kari Korea Lor lan Cuba kang modhel peprentahan komunis kang nutup diri nganti saiki. Kamangka dhedhengkote negara idiologi komunis wis mbukak diri. Mala hora beda kaya negara kang nganut idiologi pasar bebas.
Balik menyang Vietnam. Mula ora nggumunake yen destinasi wisata ing Vietnam kang saiki kawentar ya kang ana gandheng cenenge karo penjajahan Perancis lan mligine perang Vietnam mau. Dene kang dadi favorit para wisatawan ya mesthi wae kepingin nyumurupi kaya ngapa negara komunis kaya Vietnam nganti menang mungsuh USA kang kawentar minangka negara adidaya. Mula ora nggumunake yen turis asing saben tahun tansah mundhak akeh.
Ing tahun 2024 wae ora kurang saka 10 yuta turis asing kang plesirang menyang Vietnam. Lan kehe turis kang plesir menyang Vietnam tahun 2024 mau mundhak 24 persen dibandhingake karo tahun sadurunge. Coba bandhingake karo turis kang plesir menyang Indonesia. Tahun 2024 ana 12,66 yuta turis saka njaban rangkah plesir menyang Indonesia. Ana undhak-undhakan watara 12,66 persen. Mung separo undhak-undhakane dibandhingake karo Vietnam. La yen Indonesia ora luwih nggrengseng olehe kampanye, bisa-bisa kalah dening Vietnam.
Amarga tekaku ana ing Hanoi wis wengi, mula bengine dakenggo mangan metu ana njaba. Dene dina keloro wis dakrancang arep menyang Mausoleum Ho Chi Minh. Mausoleum pimpinan (presiden) Demokratik Rakyat Vietnam kang kawentar mau. Saben turis kaya-kaya wajib hukume, durung menyang Vietnam yen durung menyang Mausoleum mau.
La yen arep menyang Mausoleum aja ing wulan September-November. Ing wulan iku biasane tutup amarga ing wulan iki jasade Ho Chi Minh nembe diupakara tahunan ing Rusia. Mula banjur tutup. Lan yen tutup mesthi adoh sadurunge wis diumumake dening pemerintah Vietnam, saengga turis-turis kang arep teka ora kecelek. Nanging emane rikala aku teka ing Vietnam (Hanoi) kok ya udan. Semono uga ing dina keloro, kok ya udan. Bubar sarapan, jam 09.00 aku ya enggal budhal menyang Mausoleum Ho Chi Minh.
Amarga bukake Mausoleum mau mung sedhela. Watara telung jam saben ndinane. Lan wiwit buka jam 08.00 nganti watara jam 11.00. Mula aku ya enggal pesen taksi online supaya luwih cepet senadyan ora patiya adoh saka hotel. Amarga ora adoh mau mula watara seprapat jam wis tekan. Ning emane yaiku grimis. Untunge aku nggawa payung nyilih marang hotel.
Nanging emane dina iku kok tutup. Ya amarga ana angin lesus ing Vietnam mau, mula kantor, sekolah ditutup. Kabeh prei, klebu Mausoleum Ho Chi Minh. Ya kuciwa banget sejatine, nanging kepriye maneh. Akhire ya mung njupuk photo ana ing sangarepe gedhung Mausoleum Ho Chi Minh kang manggon ing Ba Dinh Square. Kaya lapangan Monas ing tengahe ana bangunan Mausoleum.
Ana ing komplek Mausoleum mau uga ana museum kang ditata lan bisa narik kawigatene turis. Ana ing komplek mau uga ditanduri wit-witan maneka werna, wiwit saka pring kang maneka werna jinise lan uga maneka werna kembang. Ana ing sangarepe Mausoleum dijaga tantara nganggo sragam khas Vietnam kae. Saben jam gentenan kang jaga. La yen ngepasi gantenan kang jaga kaya ana atraksi. Dadi yen ngepasi gantenan jaga mau akeh kang banjur ngrekam ana ponsele dhewe-dhewe.







