
Ya akhire bisaku banjur sawise mung ana sangarepe Mausolium banjur menyang museum. Ana ing njero museum akeh nyritakake perjuangane bangsa Vietnam, wiwit jaman kuna nganti penjajahan bangsa Perancis, banjur merdika lan perang nglawan Amerika Serikat. Ana njero museum dipajang wiwit saka dokumen-dokumen perang, foto-foto, film, alat perang kaya radio komunikasi, senjata lan uga tank uga dipajang ana museum. Nanging olehe nata becik lan menarik saengga wisatawan ora bosen.
Dene pengunjung ora mung turis, nanging uga akeh banget warga lokal Vietnam. Malah warga lokal akeh banget kang nggawa lan ngajak anak-anake. Kayane kepingin nuduhake marang anak-anake sejarah bangsane supaya ora lali. Kaya ngendikane Bung Karno “Jas Merah, jangan sekali-kali melupakan sejarah.” Yen generasi mudhane wis nglalekake sejarah bangsane rak ya bakal kelangan idhentitase.
Nganti meh telung jam anggonku ana Mausoleum Ho Chi Minh senadyan ora bisa mlebu ana gedhung kang nyimpen jasade pemimpin Vietnam mau, nanging ya krpriye maneh. Ya wis daktrimakake wae. Naming isih untung bisa mlebu ana museum lan ing platarane gedhung mau karo nonton saben jam ana upacara gentian kang njaga ing sangarepe gedhung mau.
Baline saka mausoleum, aku banjur mampir ana Museum Pakunjaran kang kebeneran banget manggon ana ing sandhing hotel. Malah yen nyawang saka kamarku saka lantai 12 katon cetha. Pakunjaran mau tinggalane pemerintah Perancis. Yen kepingin ngerti swasana pakunjaran ing jaman penjajahan lan uga kejeme penjajah Perancis yen para maos tindak Hanoi bisa mampir ing museum iki.
Vietnam kaya negara saiki dijajah Perancis tahun 1883 lan Perancis banjur ngagwe kaya federasi kang dijenengake federasi Indochina kang aggotane Vietnam, Kamboja lan Laos. Lan sasuwene iku Vietnam dadi jajahanne Perancis. Banjur tanggal 2 September 1945 Ho Chi Minh banjur nyatakake merdika negara Demokratik Rakyat Vietnam kang banjur rikala semana diarani Vietnam Lor kang komunis. Dadi kaya Indonesia, Ho Chi Minh manfaatake momentum Jepang kalah perang.
Sejatine pakunjaran mau asline amba banget. Nanging banjur disisakake kira-kira mung 20 persen kanggo museum. Dina liyane kanggo fasiltas kaya hotel, kantor pemerintah lsp. Museum Penjara “Hoa Lo Prison” mau karcis mlebune VND 30.000. Terus apa ya akeh kang merlokake ndeleng museum pakunjaran mau. Wangsulane cekak, akeh banget. Lan meh 100 persen turis manca negara. Lan kang jenenge turis rak ya kepingin ngerti apa wae. Kang penteng rak ya bisa ditata kanthi becik saengga bisa narik kawigaten turis.
Mlebu museum iki, kudu ngliwati regol kang wangune mlengkung ing dhuwur. Kaya umume bangunan benteng kae. Ana kono ana loket kanggo tuku karcis. Banjur ana petugas kang njaga ora akeh, kabeh racake kang njaga priyayi kakung. Nganggo sragam kaya tantara. Banjur disuguhi maket penjara ing jaman semana kang pancen amba. Banjur mlebu kaya kamar-kamar petak peteng lan sengaja diwenehi lampu kang ora patiya terang. Dadi nambahi serem.
Ana sel kang mung kanggo wong siji, kang dianggaep mbebayani apa ora taat karo atura. Kang banget narik kawigatenku yaiku ruangan kang amba kaya los ngono kae. Banjur kang diukum pada lungguh amarga sikele kaya yen ana Jawa dibelok. Aku mbayangake mendah sengsarane. Wis dikunjara ora bebas la kok ana njero sikile dibelok ora bisa mlaku bebas menyang ngendi-endi.
Malah ana kono uga ditontonake sirahe tahanan kang diukum pati kanthi cara di guillotine utawa ditegas janggane karo alat guillotine mau. Sirah-sirah mau diwadhahi kranjang banjur digantungake. Aku ndeleng melu mrinding. Apa maneh ing sandhine ana guillotine asli kang sengaja dipajang ana kono.
Taneg ana ing museum pakunjaran Hoa Lo mau aku ya banjur bali menyang hotel mung kari mlaku wae. Rikala ana Vietnam, yen destinasi ana ing kutha kaya Hanoi, biasane esuk jam 09.00 aku karo anakku, putuku lan sisihanku banjur wiwit budhal. Mangan awan ana restoran ing ndalan. Bubar mangan banjur menyang destinasi maneh, banjur bali kira-kira tekan hotel jam 15.00. Amarga ya nggawa bocah cilik, dadi ya nyesuekake putuku mau. Aja nganti kekeselen lan rewel.
Tekan hotel aku ya terus leren kira-kira karo tengah jam khan wis cukup. Biasane aku banjur jogging sinambi ndeleng sakiwa tengene hotel. Yen males metu, aku ya banjur ngegyn ana hotel. Amarga ya hotel bintang lima, dadi fasilitase lengkap banget. Wiwit playground, kolam renang lang kanggo gym uga ana. Ana ngendi wae aku mesthi nyempatake olahraga embuh apa wae wujude. Yen ora sepedaan, jogging, ya ngegym mau. Kandhane “Men sana in corpore sano.”
Dina ketelu utawa sesuke aku nduwe rencana menyang Museum Militer. Amarga panggone ana luwar kota, saka tengah kutha watara 30 Km, mula aku ing dina iku destinasi kang dakkunjungi ya mung mligi ana museum mau. Bubar sarapan jam 09.00 aku wis siap-siap budhal. Taksi kang dakpesen wis siap ora telat. Uga antisipasi kutha gedhe ing Vietnam rak ya wis kawentar macet, kaya Jakarta apa Surabaya.
Temenan, sejam kurang sithik taksi nembe tekan museum. Dina iku wis ora udan maneh. Nanging panase sumelet temenan kae. Ketambahan maneh museum mau ana lapangan kang durung ana wit-witane babar pisan. Wong manut catetan ambane wae 74 Ha. Coba para maos bayangake piyambak. Lan museum iki isih durung patiya suwe dibukak (biyen manggon ana ing tengah kutha). Nembe diresmekake tanggal 1 November 2024 tahun kepungkur.
Biasa, arep mlebu museum kudu karcis dhisik. Sawise tuku karcis banjur mlebu. Ana plataran ing lapangan kang amba mau dipajang mesin-mesin perang rikala Perang Vietnam mungsuh Amerika Serikat. Ana pesawat MIG-21 diwenehi kodhe 4324 ditambah 14 bintang, kang tegesa pesawat iki wis nembak 14 pesawat Ameika Serikat. Lan uga pesawat MIG-21 diwenehi kodhe 5121 kang wis nembak pesawat pengebom B-52 dhek tanggal 27 Desember 1972. Lan tank T-54B kanthi kodhe 843 kang nabrak regol Istana ing kutha Ho Chi Minh (biyen Saigon).
Durung mesin perang liyane kaya senjata penangkis udara, truk militer, bom, lsp. Kang katon mencolok lan dadi ikon yaiku rongsokan pesawat Amerika Serikat kang ditembak dening pesawat Vietnam. Olehe masang uga pinter. Kaya-kaya rongsokan pesawat mau mancep ing bumi. Lan mung kari buntute kang ngadeg mbejejer njaluk tulong marang pawongan kang bisa nulungi.
Amarga ana njaba panase ora ketulungan, mula aku banjur mlebu menyang njero museum. Gedhune gedhe banget. Ana patang lantai. Kabeh kanggo museum. Amarga ya isih anyar mula isih katon resik lan muga-muga tansah diupakara kanthi becik. Aku banjur mbayangake kena ngapa Indonesia ko kora nduwe museum militer kang gedhe saengga bisa nggawe bombong. Sing dakgumuni iku, kang jenenge warga Vietnam uga akeh kang wisata menyang museum mau. Dadi ora mung mligi turis wae.
Ana ing museum kang dipajang ing display wiwit jaman prasejarah nganti jaman saiki. Nanging kang paling narik kawigaten ya bab perang Vietnam. Malah kaya-kaya ing njero gedhung mau kang dominan ya bab perang Vietnam. Uga dokumen-dokumen langka rikala perang Vietnam uga melu dipajang ing kono.
Rikala ana ing display bab bedhil (senjata), aku mandheg rikala nyawang ana senjata jinis Thomson kang wadah pelurune ana ing iringan bedhil. Kaya ing film-film tahun 1945 rikala perang antarane bangs akita nglawan Belanda. Olehku mandheg nyawang nganti rada suwe mau, aku kelingan alm bapakku biyen rikala isih dhines ana TNI AD senjatane uga Thomson mau. Mula aku banjur kelingan alm Bapak.
Saking gedhene gedhung museum mau, nganti kendharaan lapis baja tank uga dideleh ing njero. Barang-barang ana museum ditata kanthi cara urutan tahun. Lan barang-barang ana museum ketara yen dirumat kanthi becik. Aku bener-bener meri, kamangka perjuangan para pahlawan bangsa Indonesia ora kalah hebat nglawan Belanda. Nanging kena ngapa kok museum ing Indonesia kalah heroik karo Vietnam.
Ana Museum Militer ing Hanoi iki yen kepingin ngematake temenan siji mbaka siji, dakkira sedina ora bakal kemput. Amarga saking akeh lan gedhene museum mau. Nembe disawang saka njaba wae rikala aku teka, gedhune gedhe magrong-magrong sengaja dibangun ana panggonan rada ndhuwur. Dadai para pengunjung yen arep mlebu museum kudu ngliwati tlundakan kang rada akeh.
Nanging amarga nggawa bocah cilik, senadyan uga seneng ndeleng barang-baran kang dipamerake nanging amarga hawa panas mau rongtengah jam aku banjur mungkasi anggonku ndeleng museum. Lan amarga panas lan ngelak, banjur ngombe es krim ana café kang uga sumadya ana museum mau. Panggonan cafe cukup strategis, ana ing sacedhake lawang kanggo metu pengunjung museum. Wong ya pancen panas, mula para pengunjung mesthi akeh kang ngelak. Ora maido yen ana njaba museum cedhak panggonan mandheg kendharaan akeh kang dodolan es.
Bali saka museum mampir mangan awan, terus bablas menyang hotel. Aku ya banjur enggal istirahat. Angkahku aku bakal joging menyang tlaga ing tengah kutha Hanoi. Amarga ora patiya adoh, ya watara mung sakkilo meter setengah, dadi ya mlaku wae budhal mulih. Taglane ambane ya kaya tlaga Sarangan Magetan apa Tlaga Ngebel Madiun kae. Amarga manggon ing tengah kutha mula tlagane resik lan krumat banget.
Sore iku aku banjur jogging menyang tlaga. Mlaku turut pedestrian ing Hanoi kang katon isih lagi dibangun. Pancen Hanoi lagi dandan supaya kuthane tambah gantheng. Ora nganti setengah jam aku wis tekan tlaga. Ana pinggir tlaga akeh kang padha olahraga. Uga ora sithik kang mung lungguhan ana ing kuri-kursi taman. Ana tlaga mau uga ana kuil, panggonan sembahyang warga Vietnam.
Joging sapinggire tlaga katon nikmat banget, sinambi nyawang sesawangan taman-taman lan wit-witan gedhe kang diupakara kanthi becik. Malah ana kang ngamen barang nganggo organ lan saxophone. Lagu-lagune lagu barat. Dadi sapa wae bisa ngresepi lagu-lagu kang dimainake. Mubeng sepisan wae wis lumayan kringeten. Wong ya budhale wis mlaku, ditambah mubeng tlaga mula ya kringeten. Durung baline uga mlagu.
Lunga kaya saiki ora khawatir yen keblasuk lan bingung amarga ana Google Maps. Beda banget rikala durung ana aplikasi, kudu niteni dalan lan ngati-ati. Kaya rikala tahun 2007 aku menyang London Inggris seminggu lawase. Dina sepisanan aku meh ora bisa bali menyang hotel. Kuthane rak ya modhel blok-blok. Rikala iku aku lali. Untunge ana ndalan kok ya ketemu kancaku rombongan. Sidane bisa bali bareng.
Bubar joging ing tlaga kutha Hanoi aku banjur bali mlaku maneh. Tekan hotel ya rada gemrobyos kae, wong ya ketambahan panase kutha Hanoi. Bengine amarga ana awak wis kesel dadi turuku taneg. Sesuke dina kapapat rencanaku bakal menyang Citadel Palace. Sejatine ora adoh saka hotel, nanging aku mutusake numpak taksi.
Sesuke bubar sarapan aku terus budhal menyang Citadel Palace. Istana iki dibangun dening 7 dinasti, wiwit tahun 1009. Nanging emane kraton iki mung kari menara lan gerbange. Bangunan liyane akeh kang wis dirusak dening penjajah Perancis. Lan ana njero komplek kraton dibangun barak-barak tentara. Dadi biyen dadi barak tentara.
Mlebu Citadel Palace ana kaya lapangan kang cukup amba ditanduri suket kang dirumat kanthi becik. Mlebu komplek kraton kudu ngliwati gerbang kang dibangun saka bata kaya bangunan ing jaman Majapahit kae. Bangunane isih bakoh, lan kuwat katon yen dibangun kanthi nggawe bahan pilihan. Aku ya banjur nyoba munggah ana ing ndhuwur gerbang mau.
Tekan ndhuwur aku terus nyawang mengisor komplek Citadel Palace katon endah. Sawise njupuk photo aku banjur mudhun lan terus mlebu menyang kaya museum kang nyritakake Citadel Palace wiwit dibangun nganti direstorasi dadi wujud kaya saiki. Amarga uga kanggo turis, mula keterangan ana ngendi papan wisata ing Vietnam uga ditambah informasi nganggo bahasa Inggris. Bubar saka Citadel Palace, aku terus mangan awan lan bali menyang hotel. Sorene aku karo sisihanku sengaja menyang masjid Al-noor Hanoi. Tekan masjid aku disapa dening priyayi lanang takmir masjid mau nganggo bahasa Indonesia. Mesthi wae aku ya kaget. Tibane piyambake asli Palestina nanging krama karo putri Bekasi lan saiki ana Hanoi dadi takmir. Bubar sembahyang ana masjid aku banjur menyang pasar golek oleh-oleh. Kuwatir tekan omah mengko ora ana tanda mata saka Vietnam. Kok ya lucu. Paling ora tempelan kulkas, kang murah meriah he-he-he… (Ana Candhake)
Panulis : Suprawoto
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital



