Prabowo Ngajak Negara Anggota ASEAN Nyawiji

Presiden RI Prabowo Subianto (nomer telu saka tengen) foto bebarengan karo para pemimpin negara-negara anggota ASEAN plus Jepang ing Kuala Lumpur, Malaysia, Minggu (26/10/2025). (Foto: Antara/Biro Pers Sekretariat Presiden).

Presiden RI Prabowo Subianto ajak-ajak kabeh negara anggota ASEAN tetep nyawiji ana satengahing kahanan donya sing pecah ora rukun,  ditambah tatanan global kang wis kelangan keseimbangan. Pratelane Prabowo mau diandharake ing sesi retret Konferensi Tingkat Tinggi (KTT) ASEAN kaping 47, Kuala Lumpur, Malaysia, Minggu, 27 Oktober 2025. KTT mau uga diestreni dening Presiden Amerika Donald Trump lan Perdana Menteri Jepang Sanae Takaichi.

Miturut Prabowo, nyawijine ASEAN mujudake pondhasi utama ngreksa stabilitas lan kemandhirian kawasan. “Donya saiki pecah, sesaingan sansaya tajem. Kapercayan luntur lan tatanan global kelangan keseimbangan. Ing lingkungan sing kaya mangkene, ASEAN kudu tetep nyawiji. Persatuan lan sentralitas dudu saderma tembung kunci. Tanpa nyawiji, awake dhewe ana potensi bakal dipecah dening kekuwatan-kekuwatan sing luwih gedhe,” tuture Prabowo.

Kekuwatane ASEAN, ujare Prabowo, ora dumunung ana konfrontasi, nanging ana ing kemampuwane kanggo terus melu mbangun andhil kang konstruktif lan inklusif. Kanthi njupuk posisi sing kaya mengkono mau, Prabowo yakin ASEAN kabukten sukses ngawekani tantangan-tantangan ing wanci-wanci kang wis kepungkur liwat dhialog sarta sikep padha dene ngajeni. “Kuwi carane ASEAN, dituntun dening dhialog, kesabaran lan padha dene ngurmati. Lumantar cara sing kaya mangkono mau, kita wis bisa ngatasi tantangan ing wanci-wanci kepungkur, lan kanthi semangat kang padha awake dhewe kudu njangkah saya maju,” kandhane Prabowo. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *