Ngrebut Bali Aset Wisata Gili Trawangan

Wisatawan asing seluncuran ‘paddel board’ ing taman wisata banyu Gili Matra, Gili Trawangan, Desa Gili Indah, Kecamatan Pamenang, Lombok Utara, NTB, Setu (5/7/2025). (Foto: Antara/Ahmad Subaidi)

Hawa adhem isih tumrecep kulit nalika warung-warung kopi saurute Gili Trawangan kuwi wiwit bukak mbaka siji. Nanging, ing antarane ambon-ambon sedhep wedang kopi sarta kumleset sandhal-sandhale turis asing mecaki wedhi pesisir, siningid crita sing mrihatinake ngenani pulo wisata kang dumunung ana Kabupaten Lombok Utara, Nusa Tenggara Barat (NTB) kuwi. Musababe, lahan plancongan 65 hektar sing biyene dikemonah dening PT Gili Trawangan Indah (GTI) mau samengko lagi dadi rebutan antarane pemerinta daerah karo sawatara perusahaan swasta.

Prekara ukum iku kawiwitan nalika proyek kerja bareng nguripake pariwisata Gili Trawangan antarane Pemda NTB lan PT GTI kang wis lumaku puluhan taun,  rampung taun 1997. Lahan sing dening PT GTI  kudune dibalekake marang pemda iku malah diklelerake ora kaurus. Nyumurupi ana lahan ‘nganggur’, sawatara perusahaan ngenggoni sepihak lan maedahake kanggo golek keuntungan pribadi.

Lumakune wektu, pengelolaan tanpa idin iku nuwuhake tumpang tindhih kepemilikan sarta nimbulake karugian negara. Kejaksaan Tinggi NTB wis tumandang ngusut prekara mau lan netepake wong telu dadi tersangka. Siji ing antarane tersangka mujudake ASN Pemprov NTB. Asil audhit nyatakake kasus kuwi mitunani negara Rp 1,4 miliar.

Yen diwiwir, pangkal masalahe satemene dudu bab karugian negara mau, nanging ora seriuse pemda ngurusi aset publik. Nalika pengawasan ora efektif, koordinasi antarane instansi siji lan sijine ora klop, lan sistem pemutakhiran data lahan ora di-update, potensi panyimpangan bakal tinarbuka. Lahan strategis sing kudune bisa masok dhuwit marang pemda, tundhone malah dadi sumber prekara.

Aspek liya sing ora kalah wigati yaiku dhampake sengketa kuwi marang sosial lan lingkungan. Nalika statuse lahan ora cetha, pihak-pihak sing ora tanggung jawab bakal rebut dhucung nguwasani lahan kasebut lan ndhaku papan kuwi duweke. Satemah bangunan-bangunan permanen didegake senadyan tanpa nganthongi surat idin resmi. Tata ruang dadi keganggu lan kelestariane pesisir kaacam rusak.

Ekosistem terumbu karang saya suwe saya kedheseg dening kegiyatan ekonomi ora resmi mau. Masyarakat lokal sing wiwit biyen urip sesandhingan karo lingkungan alam, saya dina wimbuh kepinggir dening thukule usaha wisata sing sakarepe dhewe. Kasus Gili Trawangan sejatine kena kanggo kaca pengilon kaya ngapa ‘ayune’ lahan strategis ing kawasan wisata. Lena sedhela bakal dienggo bancakan wong njaba. Ing kahanan sing wis ruwet mau, Pemprov NTB rekasa njaluk bali aset-e sing kadhung dikuwasani wong liya.

Ngrampungake kasus sengketa lahan Gili Trawangan ora mung cukup nganggo penindakan hukum, nanging perlu dibarengi dening langkah nyata. Upaya nylametake lahan pesisir mau uga kudu sinartan kekarepan mihak kepentingane publik, aja mung mikirake keuntungan bisnis. 

Ana telung usulan kanggo ngrampungake perakara kuwi. Sepisan, Pemda NTB kudu mutakhirake data kepemilikan lahan supaya sacara ukum nduweni gondhelan rosa. Kapindho, wikuwati satuan tugas (satgas) penyelesaian sengketa kang wis dibentuk. Kejati NTB minangka pangarepe satgas duwe tanggung jawab gedhe nylametake aset daerah. Katelu, masyarakat lokal perlu diajak rembugan kanggo njupuk keputusan penting magepokan karo pengelolaan kawasan. 

Sengketa lahan  Gili Trawangan ora saderma kasus hukum, nanging kaca benggala kanggo miwiti mbangun daerah wisata. Kasus mau kena kanggo pasiaon mungguhe pemda-pemda liyane: yen aset lahan ditogake kleleran, pindhane daging seger satengkel sing gumlethak, kewan-kewan galak bakal rebutan mbrakot nadyan dudu hak-e. Yen pangrampunge kasus iki ditindakake kanthi transparan, adil lan partisipatif, kapercayane masyarakat marang pemerintah sarta institusi hukum bakal wimbuh kandel. (Antara/Abdul Hakim) 

Panulis : Antara Antara/Abdul Hakim
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *