Malang & Ponorogo Mlebu Jaringan Kutha Kreatif UNESCO

Malang lan Ponorogo resmi mlebu jaringan Kota Kreatif UNESCO bebarengan karo 58 kutha anyar anggota UNESCO Creative Cities Network (UCCN). Panetepan iku dipasake karo pengetan World Cities Day 2025 dening Direktur Jendral UNESCO Audrey Azoulay. Ponorogo kapilih minangka Kota Kreatif Bidang Crafts and Folk Art, wondene Malang minangka Kota Kreatif Bidang Media Arts.

 “Lumebune Malang lan Ponorogo mbuktekake menawa ekosistem kreatif Indonesia thukul ora mung ana kutha-kutha metropolitan, nanging uga ing kawasan-kawasan sing nduweni oyod kabudayan kuwat sarta nduweni inovasi digital kang dinamis,” tuture Wakil Delegasi Tetap Republik Indonesia ing UNESCO, Satrya Wibawa, Setu, 1 November 2025.

Miturut Satrya kategori sing ditampa Malang lan Ponorogo dudu saderma gelar seremonial, nanging arupa mandhat internasional sing kudu enggal dibacutake liwat program, festival, riset, lan jaringan kreatif. Panetepan Ponorogo minangka kutha Crafts and Folk Art, kandhane Satrya, mapanake kekuwatan seni rakyat, mligine reyog, kerajinan uba rampe panyengkuyunge reyog, lan ekosistem pelaku budayane, menyang jaringan pelaku industri kreatif negara-negara anggota UCCN kanggo nggerakake pambangunan berkelanjutan

Wondene Malang mlebu menyang kategori jaringan Media Arts jalaran duwe kapasitas ing babagan gim, animasi, digital storytelling, komunitas makerspace, ditambah panyengkuyung kang kuwat donyane peguruan tinggi sarta sektor-sektor kreatif mudha. Sadurunge Ponorogo lan Malang, Pekalongan, Bandung, Ambon, Jakarta lan Solo uga wis mlebu dadi anggotane UCCN kanthi kategori sing beda-beda. Kanthi tambahe 58 anggota anyar, UCCN wis nduweni jaringan 408 kutha saka 100 negara. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *