Kemenkomdigi Mulihake Jaringan Komunikasi ing Aceh

Menteri Komunikasi dan Digital Meutya Hafid ngandharake, jaringan komunikasi ing wilayah bencana Sumatera kang kober lumpuh, wis bisa dipulihake. Nganti Senen, 1 Desember 2025, kandhane Meutya, 90 persen jaringan komunikasi ing Sumatera Utara, utamana Tapanuli Tengah, Tapanuli Selatan lan Sibolga wis bisa digunakake.

Sumatera Barat, tuture Meutya, malah luwih nyenengake maneh. Awit ing wektu kang padha, jaringan komunikasi sing pulih nggayuh 95 persen. Mung Aceh sing butuh penanganan serius merga lagi normal sangisoring 65 persen.

 “Kemekomdigi isih duwe PR nyepetake pemulihan akses jaringan telekomunikasi ing Aceh,” kandhane Meutya nalika mimpin rapat koordinasi Penanganan Akses Telekomunikasi Banjir dan Longsor Sumatera ing kantor Balai Monitoring Medan.

Meutya ngajab jaringan telekomunikasi Aceh sacepete pulih. Dhukungan kabeh operator sarta listrik saka PLN, wigati banget kanggo ngupayakake pemulihan mau. Sebab jaringan seluler lan listrik ing dhaerah bencana Aceh pancen pedhot lan rusak bosah-basih ketrajang banjir kang nggawa lined. “PLN sanggup mbenerake jaringan sing rusak jrone wektu patang dina. Saengga yen kabeh lancar, jaringan komunikasine uga enggal pulih,” kandhane Meutya. (Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *