Presiden Prabowo Subianto ngicipi sega salawuhe nalika mertinjo dhapur pengungsi musibah banjir bandhang ing Desa Balee Panah, Aceh, Minggu, 7 Desember 2025. Nyumurupi ibu-ibu lagi olah-olah ing dhapur umum, Prabowo langsung mingkis agemane karo ngendika, “Ana sendhok, aku kepengin nyoba.”

Sawenehe ibu banjur ngaturake piring isi sega kanthi lawuh iwak tongkol dikela pedhes. Presiden nuli ndhahar sega salawuhe mau. Panjenengane katon manthuk-manthuk. Sawise ndhahar sawatara sendhok, piring diwenehake paspampres amrih disisihake. “Pedhes iki,” ngendikane Prabowo.
Sadawane dina Minggu kuwi Prabowo mertinjo upaya pemulihan infrastruktur lan penanganan pengungsi sawise banjir bandhang nggegirisi kang nggawa material lendhut lan kayu glondhongan. Kejaba niti priksa kahanane pengungsi, Prabowo uga mirsani panggawene jembatan bailey dening prajurit TNI AD. Mengkone uwot saka rancangan wesi mau bakal dipasang kanggo ngganti sauntara jembatan permanen sing dhadhal ditrajang banjir.
Bengine Prabowo ngumpulake para ing Pangkalan Udara Sultan Iskandar Muda Banda Aceh saperlu rapat koordinasi. Presiden ngelikake amrih kabeh pejabat tingkat pusat lan kepala daerah ora coba-coba nylewengake dhuwit penanganan pasca-bencana kanggo keperluwane pribadi. Ing saselane rapat, Prabowo ngoberake video call karo Bupati Aceh Tengah Haili Yoga lan Bupati Bener Meriah Tagore Abu Bakar kang wilayahe durung bisa ditembus.Ing sisih liya, Prabowo cuwa karo Bupati Aceh Selatan Mirwan M.S. kang lunga umrah satengahing bencana. Miturut Prabowo pakartine Mirwan padha karo komandhan sing ninggalake pasukan ing kahanan perang. Presiden matrapi sanksi non-aktif Mirwan telung sasi suwene. “Yen ing militer, pakartine Bupati Aceh Selatan padha karo desersi,” kandhane Prabowo. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







