‘Daya Surung’ Ekonomi Mundhak ing Akhir Taun

Menteri Keuangan (Menkeu) Purbaya Yudhi Sadewa optimis ‘daya surung’ ekonomi nasional, mligine ing triwulan kapapat Desember 2025, wimbuh mundhak. Optimise Purbaya mau didhasarake karo kebijakane pemerintah kang wis ngglontorake maneka bantuan materi marang warga miskin sasuwene libur Natal lan Tahun Baru (Nataru). Bantuan iku diajab njurung kekuwatane masyarakat kanggo tetukon.

Salah sijine ‘daya surung’ekonomi yakuwi penyaluran bantuan langsung tunai sementara (BLTS) kang totale Rp 31 triliun. Nganti tengahe sasi Desember 2025, kandhane Purbaya, penyerapan BLTS wis nggayuh Rp 29 triliun. Dene sisane isih jroning proses penyaluran marang masyarakat. “Sebageya gedhe wis disalurake. Kudune daya surung ekonomi ing triwulan kapapat iki luwih becik dibandhingake Desember 2024 kepungkur,” kandhane Purbaya samarine rapat ing Istana Kepresidenan, Jakarta, Senen, 15 Desember 2025.

Purbaya nambahake, magepokan karo libur akhir taun, pemerintah menehi subsidi transportasi marang angkutan umum arupa sepur, kapal laut, pesawat lan dalan tol. Tujuwane supaya masyarakat sansaya semangat lunga liburan kang tundhone ngetokake dhuwit kanggo blanja. Kanthi ngono ekonomi ing masyarakat bisa muter.Purbaya kandha, sacara umum kahanan ekonomi Indonesia isih becik. Sok ngonoa ana sawatara aspek kang butuh dikuwati, kalebu anggaran sing durung sawutuhe lancar. Yen anggaran wis lancar, Purbaya yakin mengkone mutere dhuwit wimbuh optimal. “Pancen isih ana kelemahan ekonomi, nanging kita upayakake mengarep sansaya becik. Aku optimis bisa,” tuture Purbaya. (Antara)

Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *