Tukang Jagal Mogok, nanging Daging ing Surabaya Tetep Sumadya

Aksi mogok massal sing ditindakake para tukang jagal ing Rumah Potong Hewan (RPH) Pegirian mentas iki sempat ngganggu pasokan daging seger ing kutha Surabaya. Nanging senajan mangkono, manajemen PT RPH Perseroda Surabaya njamin daging sapi kanggo masarakat isih sumadya.

Direktur Utama PT Rumah Potong Hewan (RPH) Surabaya Perseroda, Fajar Arifianto Isnugroho, njaluk ngapura kanthi anane aksi mogok iki, yaiku ndadekake masarakat rada kangelan golek daging sapi.

Sanajan mangkono, Fajar nandhesake pasadyan daging sapi ing kutha Surabaya isih cukup. Adhedhasar asil pantauan tim monitoring RPH, belehan sapi isih mlaku ing unit RPH Kedurus.

“Dadi masarakat ora perlu kuwatir, ora usah bingung,” tandhese.

Saliyane iku, Fajar uga mesthekake masarakat isih bisa tuku daging sapi liwat outlet resmi RPH Surabaya utawa pasar tradisional.

“Masyarakat bisa tuku daging sapi sing apik, liwat outlet RPH Surya Mart, utawa liwat pasar-pasar. Ana 11 outlet ing pasar tradisional sing disuplai para mitra jagal saka Kedurus,” kandhane.

Kaya kang kita kawruhi, durung suwe iki Pemkot Surabaya nampa aspirasi jagal RPH Pegirian sing emoh dipindhahake. Demo iku ditampa langsung dening Asisten Pemerintahan lan Kesejahteraan Rakyat, M. Fikser lan Direktur Utama (Dirut) PT RPH Surabaya Perseroda, Fajar Arifianto Isnugroho ing Balai Kota, Senen (12/1/2026).

Fikser nandhesake yen rencana mindhah RPH iki wis suwe dikandhakake wiwit taun 2016. Pindhahe RPH iki uga bagean saka rencana pembangunan kutha Surabaya jroning nata kawasan wisata religi Ampel.

Gegandhengan rencana relokasi aktivitas jagalan sapi saka Pegirian menyang RPH Tambak Osowilangun (TOW), Fajar ngandhakake sing pindhah mung jagalane, dudu pusat adol daginge. Dene Pasar Arimbi minangka sentra kulakan daging ing Surabaya isih tetep.

Mula iku, Fajar ngandhakake yen manajemen RPH Surabaya aweh wektu nganti pungkasan Idulfitri 2026 marang para jagal Pegirian bisa maksimalake fasilitase sing lawas. 

“Tegese, ana wektu Januari, Februari, nganti pungkasan Maret kanggo nggunakake RPH Pegirian,” ujare Fajar.

Sawise periode iku, kabeh aktivitas jagalan bakal dialihake menyang RPH TOW. Sajrone masa transisi, RPH bakal nglakokake lokasi jagalan loro. Yaiku TOW lan Pegirian.

Miturut Fajar, langkah iku ditindakake kanggo njamin kesiapan teknis lan operasional RPH TOW, kalebu kelengkapan fasilitas lan sertifikasi. 

“Kita bakal cek sing wis dibangun wis cocok apa ora. Yen ana kurange, kurang apa, kan kita butuh motong iku. Ngurus sertifikat halal lan liya-liyane,” jlentrehe.

Fajar nambahake, kebutuhan daging sapi ing Surabaya kira-kira 40 ton saben dina, kang setengahe dipepaki saka RPH Surabaya.

Sauntara kuwi gegandhengan dampak mogok kerja, Fajar nandhesake pihake tetep mrioritasake jagal Pegirian kanggo nyang RPH TOW. Fajar uga ngandhakake akeh jagal saka njaba daerah sing minat ngisi ing TOW, sanajan saiki isih difokusake kanggo jagal Pegirian.

Miturut Fajar, RPH TOW sacara fasilitas wis siap dioperasekake. Malah, fasilitas ing kono luwih modern tinimbang RPH Pegirian sing umure wis meh saabad kuwi.

“TOW sacara fungsi wis siap, bisa nampung 150 sapi Brahman Cross (BX), banjur 80 sapi lokal, banjur ana 28 unit handrail. Persis kaya ing RPH Pegirian, ora ana sing beda, malah panggonane luwih representatif amarga dibangun luwih modern lan IPAL- e luwih maksimal,” jelase.

Dheweke nambahake, jroning seminggu ngarep iki RPH Surabaya bakal motong sapi dhewe (mandiri) kanggo njaga pasokan. Pihake ngajab aksi mogok jagal iki ora kedawa-dawa. Amarga, kandhane, iku bisa ngrugekake jagal dhewe, pamungkase Fajar. (d)***

Panulis : Donny Toenggoel

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *