Kutha Surabaya Dadi “Kaca Benggala” Nasional Carane Mrantasi Sampah Kali

Pemerintah Kutha (Pemkot) Surabaya resmi dadi panggonan peluncuran kapisan program Partnership for Preventing Riverine Plastic Pollution, sawijining kolaborasi antarane Pemerintah Indonesia lan Pemerintah Norwegia kanggo nyuda pollusi sampah plastik ing kali sakdurunge keli tekan segara.

Program sing disengkuyung Kementerian Koordinator Bidang Pangan, Kementerian Lingkungan Hidup, United Nations Development Programme (UNDP), lan Tim Koordinasi Nasional Penanganan Sampah Laut (TKN PSL) iki mapanake Surabaya dadi daerah percontohan nasional jroning ngurusi sampah kali adhedhasar kolaborasi lan owah-owahan prilaku masyarakat.

Pelaksana Tugas (Plt) Kepala Dinas Lingkungan Hidup (DLH) Kutha Surabaya, M. Fikser, ngandhakake yèn Pemkot Surabaya aweh apresiasi kapercayan pemerintah pusat sing milih Kutha Pahlawan dadi panggonan soft launching program iki ing rangkaian mengeti Hari Lingkungan Hidup Sedunia. Miturut dhèwèké, program sing saiki lagi ditindakake ing Kali Tebu lan Kali Merutu kuwi wis nuduhake asil nyata kanggo nyuda polusi plastik ing aliran kali.

“Saben dina rata-rata sakton sampah plastik kasil diangkat saka kekarone kali kuwi liwat kolaborasi antarane pemerintah daerah lan maneka organisasi lingkungan sing melu ing program iki,” kandhane Fikser, ing Ruang Praban, Lantai 3 Kantor Badan Perencanaan Pembangunan Daerah (Bappeda) Kutha Surabaya, Jemuah (5/6/2026).

Dhèwèké nerangké, program kuwi ora mung fokus ngresiki kali, nanging uga aweh pangerten marang masyarakat ngenani wigatine njaga lingkungan lan ngendhegake pakulinan mbuwang larahan menyang kali. Pendekatan iki dianggep dadi kunci kanggo mbangun kesadaran warga supaya bisa ngelola sampah wiwit saka sumberé.

“Dampake program uga wiwit dirasakake déning masyarakat sakupenge. Sampah sing kasil diklumpukaké ora langsung dibuwang, nanging dipilah, disortir, lan dipak saperlu didol manèh. Proses kuwi ditandangi sakehing warga kono saéngga nuwuhake kasempatan ekonomi anyar lan menehi nilai tambah saka sampah sing sadurungé ora ana gunane,” ujare.

Owah-owahan kahanan lingkungan uga wiwit katon ing kawasan Kali Tebu. Kali sing sadurungé kebak sampah iki saiki katon luwih resik lan temata. Kesadaran warga melu njaga kabersihan lingkungan uga wiwit thukul bareng lumakuné program.

Dinane iki, sampah ing Surabaya nggayuh 1.800 ton saben dinane. Saka gunggung kuwi, watara 200 ton wis dimanfaataké manèh liwat fasilitas TPS 3R lan kegiatan para pemulung. Dene 1.600 ton liyane dikirim menyang pemrosesan akhir, kanthi watara 1.000 ton-e wis diolah liwat fasilitas gasifikasi dadi energi listrik. Dene 600 ton sisane isih ana ing area landfill.

Kanggo nyepetake ngurangi sampah sing mlebu ing panggonan pembuangan akhir, pemerintah pusat uga netepaké Surabaya dadi salah siji panggonan pangembangan fasilitas ngolah sampah dadi energi listrik. Lahan kang jembare 5,8 hektar wis disiapaké ing kawasan Sumberrejo lan saikine lagi jroning proses survei.

Ketua Kelompok Kerja Perubahan Prilaku Masyarakat Direktorat Pengurangan Sampah lan Pengembangan Ekonomi Sirkular, Sri Morwani Nifadilastuti, nandhesake yèn owah-owahan prilaku masyarakat dadi faktor utama jroning ngrampungaké masalah sampah kutha. Miturut dhèwèké, pamilahe sampah wiwit saka sumber bakal nyegah sampah keli menyang kali utawa panggonan pembuangan liar sing potensial ngregedi lingkungan.

Padha karo Sri Morwani, Koordinator Sekretariat Tim Penanganan Sampah Laut (TKN PSL), Ahmad Bahri Rambe, ngandhakake yèn kasilé program banget gumantung marang sinergi antarane pemerintah pusat, pemerintah daerah, lembaga internasional, lan masyarakat. Liwat kerjasama UNDP lan TKN PSL, program iki dirancang kanggo mbantu pemerintah nyuda polusi sampah ing kali, apa kuwi sampah plastik utawa sampah organik.

Dene wakil Asisten Deputi Ekonomi Sirkular lan Dampak Lingkungan Kementerian Koordinator Bidang Pangan, Ahmad Didin ngandhakake, yèn program iki minangka asil kerjasama Pemerintah Indonesia lan Pemerintah Norwegia karo UNDP minangka lembaga pelaksana. Ing tahap awal, program dicakake ing limang wilayah yaiku Surabaya, Sidoarjo, Bekasi, Solo, lan Bali.

Nanging senajan mangkono, Surabaya dadi daerah kapisan sing dipilih kanggo peluncuran program. Pilihan kuwi ora tanpa alesan. Kutha Pahlawan dianggep nduwéni komitmen kuwat jroning ngelola sampah lan wis nuduhake maneka inovasi sing bisa dadi conto kanggo daerah liyane. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber: Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 30

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *