Ing suwalike gumebyare panggung Festival Nasional Reog Ponorogo (FNRP) XXXI, ana crita perjuangan dawa sing ditindakake Perkumpulan Unit-Unit Reog Kota Surabaya (Purbaya). Ora mung saderma tampil nengsemake, nanging uga ngusung crita bab kerja keras, kebersamaan, lan katresnan marang budaya sing wusanane ngasilake woh manis entuk Juara 3 Penyaji Terbaik.
Ketua Purbaya, Budi Sutrisno sing akrab disapa Mas Tris, isih kelingan banget kepiye timé anggone latihan meh saben dina.
“Latihane ekstra, kadhang nganti tengah wengi. Nanging kabeh bocah-bocah tetep semangat,” kandhane.

Miturut dhèwèké, disiplin lan kekompakan iku kunciné. “Yen tanpa tanggung jawab lan kekompakan, mokal bisa kasil,” tambahé.
Para pemain inti — Jathil, Warok, Bujang Ganong, nganti Klono Sewandono — nindakake rutinitas abot. Wong-wong kuwi ora mung nyiapaké koreografi, nanging uga ajeg njaga staminane supaya tetep prima.
“Kesel wis mesthi, nanging yen eling menawa nggawa jenenge Surabaya, kabeh rasa kesel mau ilang,” kandhane sawijining penari Jathil.
Ing suwalike layar, dhukungan saka kulawarga, sesepuh, lan pamrentah kutha dadi energi tambahan. Mas Tris bola-bali nelakake panuwune marang Wali Kota Eri Cahyadi lan Dinas Kebudayaan, Kepemudaan, Olahraga, lan Pariwisata (Disbudporapar).
“Support saka pemkot kuwi luar biasa. Saka latihan nganti kompetisi, kita tansah diampingi,” ujare.
Sauntara kuwi Pembina Purbaya, Heru Sangoko, uga ndeleng semangat generasi mudha minangka pangarep-arep gedhe.
“Aku optimis, amarga bocah-bocah iki ora mung tampil, nanging temen-temen nresnani reog. Kuwi sing ndadekake penampilané beda,” ujare.

Identitas Surabaya ing Panggung Nasional
Purbaya ora mung nampilaké pakem reog. Nanging uga nglebokake lagu khas Surabaya jroning atraksine, minangka pratandha identitas daerah.
“Paling ora lagu Surabaya kudu mlebu, supaya wong ngerti iki saka kutha Pahlawan,” pratélané Mas Tris.
Kanggone para penonton, kreasi mau krasa istimewa. “Aku merinding nalika lagu Surabaya dimainake. Rasané mongkog banget,” ujare Adinda Rita, suporter sing teka saka Surabaya karo rombongané.

Wiwitane, target Purbaya mung mlebu 10 besar. Nanging kanthi srempenge latihan, target mau diundhakake dadi lima besar. Asilé, malah nembus tiga besar nasional.
“Alhamdulillah, iki ngluwihi pangarep-arep. Bocah-bocah temen-temen nuduhaké kerja kerasé,” kandhane Mas Tris kanthi mripat sumunar.
Lan, sanajan podium kecekel, Purbaya ora gelem mandheg ngono wae. Latihan bakal terus ditindakake, ora mung kanggo kompetisi, nanging dhimen kanggo njaga lestarine seni reog.
“Momentum taunan iki dudu babagan piala, nanging babagan kebanggaan bisa melu Piala Presiden,” tandhese Mas Tris.
Dhèwèké uga nitip pesen marang generasi mudha. “Sinau lan latihan iku wajib. Yen tanpa kuwi, kita ora bakal bisa sukses. Reog kudu terus urip liwat bocah-bocah enom,” pungkase.

Kanggone Purbaya, Juara 3 dudu mung angka. Kuwi simbol perjuangan, kebersamaan, lan katresnan marang budaya. Ing suwalike sorak penonton lan gumebyare panggung, ana crita bab bocah-bocah enom Surabaya sing gelem ngorbanaké wektune, tenagane, lan pikirane kanggo njaga warisan leluhur.
Prestasi iki dadi bukti yèn seni tradhisional ora tau kelangan relevansiné. Sasuwene ana semangat, dhukungan, lan regenerasi, reog bakal terus ngadeg gagah — kaya dhadhak merak sing njoget ing panggung kejuaraan Reog Nasional ka-31 ing Ponorogo wengi kuwi. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber: Rilis Pemkot Surabaya



