PD Pemkot Surabaya Cacah Papat Nyabet Predikat Wilayah Bebas Korupsi saka KemenPAN-RB

Upaya Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngilangake praktek rasuah nganti level akar rumput oleh apresiasi saka pemerintah pusat. Paling anyar, KemenPAN-RB aweh predikat Wilayah Bebas Korupsi (WBK) marang Perangkat Daerah (PD) cacah papat ing lingkungan Pemkot Surabaya.

Kapapate PD sing entuk predikat WBK yaiku Dispendukcapil, Kecamatan Bubutan, Puskesmas Ketabang, lan Puskesmas Sawah Pulo. Penganugerahan iki ditindakake ing acara Penilaian Sistem Akuntabilitas Kinerja Instansi Pemerintah (SAKIP) lan Zona Integritas (ZI) Awards 2025 ing Jakarta, rebo kepungkur (11/2/2026).

Wali Kota Surabaya, Eri Cahyadi, ngandhakake asil iki mujudake manifesatsi saka visi gedhe pemkot jroning mawujudake tata Kelola pemerintahan sing resik lan mawa integritas. “Visi ZI mawujudake instansi pemerintah kang resik, bebas korupsi, akuntabel, lan aweh layanan publik sing prima,” ujare Walikota Eri, Setu (20/2/2026).

Pak Eri nandhesake pembangunan Zona Integritas dudu ditegesi mung formalitas administratif, nanging minangka komitmen bareng kanggo nindakake reformasi birokrasi sing duwe dampak langsung kanggo masyarakat.

“Tujuan utama ZI yaiku nambah integritas lan akuntabilitas birokrasi, ningkatake kualitas layanan publik, lan ningkatake efisiensi sarta efektivitas birokrasi” ujare.

Senajan mangkono, dalane tumuju birokrasi resik iki ora uwal saka maneka tantangan. Inspektur Kota Surabaya, Ikhsan, ngandhakake pepalang paling gedhe ana ing transformasi mentalitas aparatur. Utamane jroning ngganti pola  pikir konvensional dadi orientasi layanan profesional lan duwe integritas.

“Ngowahi pola pikir konvensional dadi pola pikir melayani, profesional, lan duwe integritas, butuh usaha keras lan konsisten,” ujare Ikhsan.

Saliyane iku, Ikhsan ngandhakake isih ana kendala kurange pemetaan risiko lan budaya kerja kang kadhang fokus mung marang pemenuhan dokumen administrative wae. “Kanggo mitigasi bab iki, Inspektorat Surabaya rutin nindakake pantauan, evaluasi, ngelola manajemen risiko, lan review kinerja” tandhese.

Minangka langkah konkret kanggo nutup celah pungli, Pemkot Surabaya ngendelake digitalisasi layanan publik liwat sawenehing inovasi, kaya aplikasi Lontong Balap (kolaborasi Dispendukcapil karo PN) lan Lontong Kupang (kerjasama PA lan Kemenag).

Ing tingkat wilayah, ana inovasi Bubutan Reaksi Cepat (BRC) lan Bubutan Smart Center (BSC) sing nguwatake layanan mawa basis teknologi.

Miturut Ikhsan, pangecake digitalisasi wis nuduhake owah-owahan gedhe ing layanan publik Surabaya, wiwit saka percepatan proses nganti peningkatan transparansi lan kualitas sarana prasarana.

“Dampak nyata kanggo masyarakat ing antarane layanan publik luwih cepet lan transparan, ilange pungli lan suap, ningkate sarana lan prasarana, layanan mawa basis teknologi digitalisasi, lan sikap aparatur sing luwih humanis,” jlentrehe Ikhsan.

Kepara, minangka wujud penguatan pakta integritas, kabeh ASN ing sektor layanan diwajibake nandhatangani surat pernyataan ora nampa paweweh apa wae, iki minangka langkah preventif tumrap praktek pungli lan suap ing lingkungan kerja.

“Aparatur ing bidang layanan duwe komitmen ora nampa pungli lan suap, yaiku kabeh pegawe nggawe Surat Pernyataan” jelase Ikhsan.

Mengarepe, Ikhsan ngajab predikat WBK kang ditampa iki dadi standar umum kabeh instansi ing lingkup Pemkot Surabaya.

“Pemkot ngajab program ZI bisa terus ningkatake kualitas layanan publik saengga masyarakat bisa ngrasakake manfaat langsung saka program ksb,”  pangajabe.

Nanging, Ikhsan uga ngakoni bacutane program iki gumantung marang partisipasi aktif masyarakat. Mula, dheweke njurung masyarakat aktif ngawasi lan aweh masukan konstruktif tumrap kualitas layanan publik. “Masyarakat bisa aweh saran lan masukan kanggo ningkatake layanan publik,” tandhese.

Ing babagan liya, Ikhsan uga ngajak masyarakat ora sungkan lapor yen nemu panduga penyalahgunaan wewenang utawa praktek korupsi. Langkah iki minangka bagian saka kontrol sosial dhimen mawujude tatakelola pemerintahan sing resik lan akuntabel.

“Kanthi cawe-cawene masyarakat, Pemkot Surabaya ngajab  program ZI bisa terus berkembang lan ningkatake kualitas urip masyarakat,” pamungkase. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 2

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *