Jrone sesorah ing Dina Wiyosan Pancasila kaping 81 ana Gedung Pancasila, Jakarta, Jumuah, 1 Juni 2026, Presiden Prabowo Subianto nemenake menawa arah pembangunan ekonomi Indonesia kudu salaras karo nilai-nilai kang kinandhut Pancasila, yaiku religius, nduweni prikamanungsan, nyantosani persatuan nasional, sarta mihak marang rakyat. Prabowo nuturake, pembangunan ekonomi ora mung sekadhar ngoyak wimbuh mundhake angka-angka statistik. Sing luwih wigati saka angka statistik, pembangunan ekonomi kudu bisa menehi kaharjan kang nyata tumrap rakyat.

Luwih jembar Presiden ngandharake, kasugihan alam kang kinandhut bumi Indonesia dudu saderma komodhitas. Nanging kuwi mono yektine amanah saka Gusti kang Maha-agung amrih dikemonah sabecik-becike, kebak tanggung jawab, kanggo dipaedahake marang kemakmurane rakyat lan generasi bangsa ing mbesuke.
Prabowo ngendikakake, pembangunan ekonomi kudu mihak marang kapentingan nasional, saengga ora mung dirasakake dening saglintir pawongan wae. Miturut Prabowo, sasuwene iki kasugihane alam Indonesia dinikmati wong manca, kosok baline sebageyan gedhe rakyat Indonesia ora melu ngrasakake mulya saka kaskayane bumi pertiwi tanah kelairane dhewe mau.
Pembangunan ekonomi, ujare Prabowo, uga kudu nguwohake panguripan kang pantes tumrap warga negara. “Nasib pekerja kudu diayomi, dibantu. Bocah-bocah, nganti kang uripe paling mlarat, paling ora duwe daya, kudu oleh gizi kang cukup,” ngendikane Prabowo kang jejer minangka inspektur upacara.
Prabowo ora gigrig ngadhepi klompok-klompok sing mbokmenawa ora seneng marang ketegasane mrenata arah pembangunan. Klompok-klompok mau, miturut Prabowo, bisa wae teka saka beking kasus korupsi, penyelundupan, sarta praktek-praktek peteng liyane. Prabowo nandhesake, bangsa sing gedhe kaya dene Indonesia iki, pemimpinan kudu wani njupuk keputusan sing bener, keputusan sing mihak marang rakyate, senadyan keputusan iku rekasa dicakake.
Presiden mirsani, prekarane Indonesia ing sawatara dasawarsa pungkasan iki yakuwi ora waratane pertumbuhan ekonomi. Kahanan kang kaya mengkono mau isih ditambah karo dirampase kasugihan sumber daya alam kang turah-turah iki dening bangsa asing. Satemah wong asli Indonesia akeh-akehe mung trima dadi penonton. Ora mokal yen nganti seprene isih akeh kawula kang urip kecingkrangan.
Kanggo nyegah dicolonge kaskayane bangsa Indonesia mau dening kekuwatan asing, Prabowo nuturake wis netepake ekspor sumber daya alam liwat lawang tunggal (satu pintu) supaya dhuwite ora bocor mrana-mrene. Sasuwene iki, eksportir bisa ekspor asil tambang dhewe-dhewe saengga dhuwit sing ditampa pamarentah kari sethithik. Minangka negara sing kecondhokan tambang, dumduman asil ekspor iku diwawas Presiden Prabowo ora adil jalaran mitunani bangsa Indonesia.
“Mula Pancasila dadi pedhoman kita jrone ngatur panguripan ‘berbangsa’, ‘bermasyarakat’ lan ‘bernegara,’ kalebu pedhoman mbangun sistem ekonomi,” pratelane Presiden Prabowo.
Prabowo njlentrehake, modhel ekonomi kerakyatan wis dirancang dening para saka guru bangsa ing Pasal 33 UUD 1945. Ing kono antara liya dinyatakake menawa koperasi lan usaha cilik perlu dikuwati supaya kemlaratan bisa sacepete dientasake. Presiden yakin liwat koperasi kang kuwat, rakyat kang isih urip sangisoring garis kemlaratan bisa enggal ditarik munggah.
“Proklamator kita, Bung Karno, wis tau paring semangat supaya kita wani ngadeg nganggo sikil kita dhewe. Ngadeg kanthi sikile dhewe kuwi mujudake intisari saka negara kang nduweni kedaulatan,” ngendikane Presiden.
Upacara Dina Wisosan Pancasila iku diestreni dening mantan presiden Megawati Soekarnoputri, mantan wakil presiden Jusuf Kalla lan Ma’ruf Amin. Prabowo ngatonake keakraban kebak paseduluran marang Megawati. Mantan presiden Susilo Bambang Yudhoyono (SBY) dalah Joko Widodo (Jokowi) ora ngrawuhi kegiyatan kasebut.
(Antara)
Presiden Prabowo Subianto (tengen) mangayubagya mantan presiden Megawati Soekarnoputri lan mantan wakil presiden Jusuf Kalla jrone upacara pengetan Dina Wiyosan Pancasila kaping 81 ing Gedung Pancasila, Jakarta, Jumuah, 1 Juni 2026. (Foto: Antara/Bayu Pratama S).



