Peluwange Indonesia Lolos Piala Dunia Sawise Kasoran dening Cina

Indonesia sanja menyang Cina kanthi tujuwan utama nggayuh kamenangan sepisanane ing puteran katelu kualifikasi Grup C Piala Dunia 2026. Tim Garudha perlu menang kanggo ndhongkrak posisine saka nomer lima tumuju nomer loro klasemen sauntara.

Ewasemono, tujuwane Indonesia kuwi kudu pupus. Sebab Cina pranyata luwih digdaya nalika main ing kandhange dhewe. Wurung ngolehake telung poin ora mung ndadekake Indonesia kecanthol ing posisi kalima. Nanging uga tansaya nyandhet jumangkahe Tim Garudha tumuju Piala Dunia 2026.

Sadurunge, Indonesia nargetake nem poin nalika medhayoh menyang Bahren lan Cina. Nyatane Indonesia mung kasil imbang 2-2 mungsuh Bahren. Tur malah kasoran 2-1 dening Cina. Eman, Indonesia mung kasil oleh 1 poin saka rong tetandhingan kuwi.

Saiki, targete Indonesia saora-orane finis ing peringkat 4 nganti klasemen akhir. Sebab, peringkat papat lan telu nduweni wewenang kanggo mbacutake ing puteran kapapat kualifikasi Piala Dunia 2026 wewengkon Asia.

Tamtu target kuwi kudu linakonan kanthi mempeng jalaran mungsuh-mungsuhe Indonesia samengarepe iki yaiku tim-tim raseksa Asia, kaya dene Jepang, Ustrali, lan Arab.

Sumadyane Indonesia Mungsuh Cina

Manut tuntunane pelatih Shin Tae-Yong (STY), Indonesia wis cepak-cepak kanthi cukup sadurunge nemoni Cina. Meh kabeh pemaine Indonesia nduweni kahanan kang seger.  Apamaneh Indonesia katekan pemain naturalisasi anyar, Mees Hilgers.

Pemain FC Twente kuwi ngisi sektor bek ing formasi utama Tim Garuha. Strategi nyerang kanthi terus-terusan dicakake dening STY jalaran Cina bakal main ala nalika terus-terusan didhesek dening mungsuhe. Luwih-luwih Cina mesthi wae bubar nandhang duhkita sawise kalah ping telu sadurunge iki.

Kepriye Peluwange Indonesia Lolos Langsung Tumuju Puteran Final Piala Dunia 2026?

Sajrone kualifikasi Piala Dunia 2026 puteran katelu, Indonesia klebu ing Grup C. Nunggal grup kelawan langganane Piala Dunia, sapa maneh yen dudu Jepang, Arab, lan Ustrali? 

Yen gagal ing puteran katelu (lolos peringkat 1 utawa 2), Indonesia bisane lolos Piala Dunia 2026 kanthi cara tumuju ing puteran kapapat (lolos peringkat 3 utawa 4).

Sawise kalah mungsuh Cina, saiki Indonesia ana ing peringkat kalima, sandhuwure Cina. Kanthi poin kang padha lan mung kacek gol wae. Indonesia isih nduweni patang tetandhingan ing Gelora Bung Karno sajrone nem tetandhingan wekasan iki.

Indonesia bakal ketemu Jepang lan Arab ing Jakarta nalika November 2024. Lan bakal ngadhepi Bahren nalika Maret 2025 sarta Cina ing Juni 2025. Kanthi tetimbangan adhedhasar kekuwatane patang tim tamu kasebut. 

Saora-orane Indonesia kudu ngolehake 8 poin nalika dadi tuwan rumah. Saliyane kuwi, kanggo ngamanake posisi ing puteran kapapat. Saorane Indonesia kudu imbang mungsuh Jepang lan Ustrali nalika main tandhang. (ARW)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *