Pemerintah Mbangun SPBU Mligi Nelayan

Menteri Koperasi Ferry Juliantono mratelakake, pemerintah wiwit mbangun Stasiun Pengisian Bahan Bakar Umum Nelayan (SPBUN) ana ing wilayah-wilayah pesisir. Tujuwane amrih nyuda ragad operasionale nelayan sarta ngundhakake karaharjane masyarakat pantai. Pom bensin mligi nelayan, miturut Ferry, strategis banget kanggo sangsaya mikuwati ekonomine warga pesisir. 

“Merga SPBUN iki mligi ngladeni nelayan kang uripe isih kecingkrangan, saengga panyalurane BBM trep marang sasaran,” tuture Ferry nalika ngresmekake SPBUN Koperasi Kesatuan Nelayan Tradisional Indonesia (KNTI) ing Kecamatan Bakongan Timur, Kabupaten Aceh Selatan, Selasa, 28 April 2026.

Ferry optimis SPBUN nggampangane nelayan ngisi bahan bakar praune. Efek liyane oleh-olehane nelayan saka anggone golek iwak sangsaya mundhak akeh, satemah potensi laut mau bisa digarap kanthi luwih modhern. Ferry kandha pambangunan SPBUN bakal sangsaya diakehi ing wilayah-wilayah pesisir Indonesia, utamane daerah kang tingkat kesejahteraane nelayan isih kurang becik.

Pambangunan SPBUN, kandhane Ferry, uga mesisan sinergi antarane program Kampung Nelayan Merah Putih karo Koperasi Desa Merah Putih. Program kekarone nduweni kecocogan jalaran padha-padha nggerakake ekonomi desa sarta nyangga penyaluran kebutuhan pokok marang masyarakat.

(Antara)

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *