Srikandhi Panyegah Stunting

Nadyan wancine isih kepara esuk, nanging ing terase pendhapa bale Desa Cerep, Kecamatan Kedawung, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, sawatara wanita kadher Tim Pendamping Keluarga (TPK) Keluarga Berencana utawa KB wis samapta ngleksanani tugas, Kemis, April 2026. Sepedha motore padha dipasangi bronjong. Kaya dina-dina sing uwis, esuk kuwi ibu-ibu mau nglumpuk saperlu ngenteni tekane mobil Satuan Pelayanan Pemenuhan Gizi (SPPG) kanggo nyalurake program Makanan Bergizi Gratis (MBG) mligi ibu nggarbini lan nyusoni.

Kader Tim Pendamping Keluarga (TPK) berbincang dengan warga ketika mengantarkan menu paket Makan Bergizi Gratis (MBG) untuk ibu hamil dan menyusui di desa Karangpelem, Kedawung, Sragen, Jawa Tengah, Senin (2/3/2026). ANTARA FOTO/Mohammad Ayudha

Ing Kecamatan Kedawung ana kadher TPK KB cacah 49 kang wiwit Januari 2026 nganti saiki ditugasi ngedumake MBG marang ibu hamil (bumil) lan ibu menyusui (busui). Kanthi madhahi MBG ana njero bronjong, ibu-ibu mau kanthi semangat mubeng menyang desa ngadesa saperlu menehake paket panganan bergizi marang sasaran. Pangedume MBG marang bumil lan busui mujudake upayane pamarentah nyegah bocah stunting krana asupan gizine kurang.

(Foto: Antara/Mohammad Ayudha).

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *