Narik Ngulur Lembaga Kesenian Surabaya

Ing satengahe polemik, Wali Kota Surabaya ngukuhake kepengurusane Dewan Kebudayaan periodhe 2026-2029, ngendhih Dewan Kesenian kang wis eksis luwih saka setengah abad. Tanpa anane kekarepan saka wali kota ngajak lungguh bareng Dewan Kebudayaan-Dewan Kesenian, turahan-turahan rasa kang isih mrongkol mau bakal ngrerendheti majune seni budaya Kutha Pahlawan.
Seniman DKS Meimura dandan Besut nalika satpol PP ngosongake sekretariat Dewan Kesenian Surabaya.
(Foto: Dok. pribadi).

Rasa goreh nylimuti atine Meimura. Seniman ludrug kawakan iku durung bisa nampa nalika Pemerintah Kota Surabaya ngendhih struktur organisasine Dewan Kesenian kaganti Dewan Kebudayaan. Panyawange Meimura nglangut ing akasa sawise meruhi fotone Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi nglantik pengurus Dewan Kebudayaan (DKeb) Surabaya sumebar media sosial, Jumuah, 15 Mei 2026.

Mungguhe Meimura, seremonial pelantikan kang tinandhan kapasrahake Surat Keputusan (SK) Pengurus DKeb periodhe 2026-2029 dening Wali Kota marang ketua organisasi kasebut, Heti Palestina Yunani, nuwuhake kontradhiksi ngedab-edabi. “Foto pelantikan iku sinartan esem kang kebak optimis. Jas rapi. Eman, ing walike keber ana gamelan tuwa kang diseret metu saka kamar sejarah,” kandhane Meimura alias Meijono getir, Rebo, 20 Mei 2026.

Thukul pitakon ing atine priya kang sok dandan cara Besut kuwi, apa iya DKeb bisa nggenteni Dewan Kesenian Surabaya (DKS) kang wis ‘berproses’ luwih saka setengah abad ing Balai Pemuda? Tumrap Meimura, timbule pitakon mau dudu saderma romantisme-ne generasi tuwa kang durung move on saka memori kebak idhealisme mangsa kawuri. Pitakon iku luwih katujokake marang pengurus DKeb kang didhominasi kaum intelektual kang tau digedhekake ana ekosistem DKS, kang ironise samengko DKS malah digusur alon-alon dening pemkot.

“Merga lembaga kebudayaan mono beda karo warung franchise ayam geprek kang kari ngganti plakat jeneng warunge, banjur  rasane dianggep padha,” tuture Meimura kang aktif ing DKS kawit isih mudha.

Meimura nyawang Pemkot Surabaya wis nyepelekake prekara siji iki.  Dheweke nganggep wali kota ora paham karo keteg jantunge kesenian.  Mangka minangka pelaku seni tradhisi sing mataun-taun tiba tangi,  Meimura ngrasalale  dhewe menawa cara kerjane kabudayan mono ora instan. Kabudayan lumaku nganggo pangeling-eling dawa. Dibangun lumantar patuladhan, iketan emosional, gladhen nganti lingsir, melekan ing sekretariat tumekan parak esuk, congkrah karo kanca saorganisasi, tombok dhuwit kanggo nyukupi kegiyatan, utang rokok ing kantin kang ora nate lunas, lan sapanunggalane. 

“Kabeh mau dilakoni merga ana keyakinan aneh sing diugemi dening seniman DKS: kesenian bisa nylametake peradaban. Ora ana sing ngresula merga kerja-kerja kreatif mau dilambari idhealisme,” kandhane Meimura.

Mula mungguhe seniman lawas kaya dene Meimura, DKS ora mung saderma struktur organisasi, nanging pindhane monumen perjuwangan njejegake seni budaya ing kutha gedhe. Ing monumen mau tinatah jeneng-jenenge seniman kang sepi ing pamrih nanging rame ing gawe kaya dene Sam ABD Pareno, Akhudiat, Sirikit Syah, Kadaruslan, Harjono WS, Anang Hanani, Rusdy Zaki, RM Yunani, Sabrot D. Malioboro, Naniel C. Yakin lan sapanunggalane. Wong-wong mau rumagang tanpa mobil dhines, tanpa proyek, kepara kerep ngonsumsi panganan sing ora pantes diemplok.

Yen samengko seniman-seniman lawas nulak sekretariat DKS ing Balai Pemuda digusur pemkot, Meimura njaluk masyarakat ora terus ngarani kanthi prasangka-prasangka ala. Nanging muga dingerteni menawa kupiyane DKS ngukuhi Balai Pemuda mau ora merga ngeboti ruwangan tuwa sarta prabotan reyot, nanging sing digondheli mligi tabet sejarahe kabudayan kutha. 

Saben dina, kandhane Meimura, isih akeh seniman tuwa sing saba Balai Pemuda. Wong-wong iku rila mara ora merga melik karo fasilitase Balai Pemuda sing samengko wis diowahi pemkot dadi alun-alun, nanging jalaran rumangsa nemokake omah batin kang nentremake ing njero ruwangan kusem iku. Lan rasa tentrem jroning omah batin iku ora bisa diukur nganggo logika administrasi ‘pengosongan ruangan.’ 

“Muga masyarakat bisa mbedakake antarane ‘aset pemerintah’ karo ‘ruwang kabudayan’,” kandhane Meimura.

Meimura ngyakini, kutha kang ora duwe ruwang kebudayaan, mbaka sethithik bakal mingsed dadi punjer transaksi. Mbokmenawa pancen rapi sinawang mata. Padhang ora rungseb. Nanging dhestun ing katumatan lan kekiclongane praupan kutha mau satemene akeh jiwa kang garing lan kothong. Kabudayan, miturut Meimura, ora ujug-ujug tuwuh sampurna. Nanging butuh proses dawa kanthi ora kendhat tansah ngupakara papan patemon mau.

Nggegegi Balai Pemuda

Polemik antarane DKS karo pemkot pancen isih mrongkol salebare Satpol PP ngusungi metu gamelan saprangkat isen-isene sekratariat, Senen esuk, 4 Mei 2026. Pemkot tumandang nggusur papan kumpule pengurus DKS iku merga rong sebab. Sepisan, masa bakti kepengurusan DKS periodhe 2019-2024 kang diketuai Chrisman Hadi wis rampung. Ping pindho, pemkot nindakake amanate Undang-Undang No. 5 Taun 2017 ngenani Pemajuan Kebudayaan. 

Salah siji pasal ing aturan kuwi ngudokake pamarentah daerah ngowahi strukture Dewan Kesenian dadi Dewan Kebudayaan kanthi cakupan ora mligi seni, nanging sepuluh obyek pangupakaran. Yaiku tradhisi lisan, manuskrip, adat istiadat, ritus, kawruh tradhisional, teknologi tradhisional, seni, basa, dolanan rakyat, lan olahraga tradhisional. Kanthi owah-owahan struktur organisasi mau, pemerintah daerah sa-Indonesia mindhah anggaran kegiyatan saka Dewan Kesenian marang Dewan Kebudayaan.

‘Eksekusi’-ne sekretariat DKS satemene ora ujug-ujug. Wiwit akhir Maret 2026 Dinas Kebudayaan Pemuda, Olahraga dan Pariwisata (Disbudporapar) wis ngelikake amrih pengurus DKS lunga saka sekretariat. Diwenehi wektu seminggu kanggo ngothongake ruwangan. Nanging nganti akhir April 2026 DKS tetep mbeguguk nguthawaton. Satemah Senen, 4 Mei, ruwangan dikosongake peksan dening satpol pp, pulisi lan tentara.

Unjuk rasa seniman DKS menyang Balai Kota, 11 Mei 2026.
(Foto: KSW)

Upaya pengosongan mau dilawan dening DKS. Bebarengan karo mahasiswa, LSM, aktivis prodhemokrasi, serikat buruh, pedagang pasar kurban penggusuran, seniman-seniman DKS nglurug Balai Kota Surabaya, Senen, 11 Mei. Nanging kekarepan ngajak dhialog Eri Cahyadi gagal jalaran pemkot njaluk perwakilan cacah 10 saka kalangan seniman. Panjaluk mau ditulak. DKS ngotot kabeh perwakilan massa sing melu unjuk rasa uga diajak dhialog. Rehne negosiasi karo pulisi jaga regol buntu, massa unjuk rasa wekasan mundur bali menyang Balai Pemuda.

Ketua DKS 2019-2024 Chrisman Hadi kandha tetep ngukuhi Balai Pemuda. Dheweke suthik mingket.  Dhasare Chrisman, taun 2022 dheweke wis tau nggugat Wali Kota Surabaya menyang Pengadilan Tata Usaha Negara (PTUN) jalaran kepengurusane ora diwenehi SK. Gugatan mau dimenangake Chrisman. Ewadene nganti masa bakti kepengurusane Chrisman Hadi purna, lan wali kota wis gumanti saka Tri Rismaharni marang Eri Cahyadi taun 2021, kepengurusan DKS 2019-2024 tetep ora tampa SK.

“Yen pemkot arep nggunakake kekuasaane kanggo nggusur sekretariat DKS, arep sewenang-wenang, iku urusane pemkot. Nanging wong Surabaya bakal weruh yen apa sing kedadeyan iki sejatine sing jahat sapa,” kandhane Chrisman marang Panjebar Semangat, Kemis, 7 Mei 2026.

Saka panyawange Panjebar Semangat, saploke rame-rame mau, DKS sangsaya kerep ngadani kegiyatan, utamane dhiskusi kabudayan. Rebo, 20 Mei 2026 upamane, digelar dhiskusi ngiras mengeti Dina Kebangkitan Nasional kanthi tema ‘Ngangsu Kawruh Peradaban Nusantara.’ Kejaba Chrisman Hadi, pemateri jroning dhiskusi mau uga Taufik Monyong, aktivis kang uga seniman seni rupa.

Rong dina bacute, Jumuah, 22 Mei 2026, dianakake dhiskusi seni seri 2 kanthi tema ‘Seni Rupa dan Budaya Urban.’ Pematerine yaiku Hari Prayitno (dhosen Seni Murni Sekolah Tinggi Kesenian Wilwatikta Surabaya) lan Ni Kadek Ayu Wardani (Ketua Gerakan Mahasiswa Nasional Indonesia Surabaya).

Eri Cahyadi dhewe sajake ngendhani patemon karo Chrisman Hadi. Mangka taun 2025 Chrisman tau kirim surat permohonan njaluk sapatemon (audiensi) karo Disbudporapar. Miturut Chrisman, upama audiensi mau kelakon, dheweke bakal masrahake DKS marang pemkot. Nanging Disbudporapar nulak surat permohonane Chrisman. Apa sebabe dene Risma lan Eri wegah ngurusi DKS kang dipimpin Chrisman, ora ana katrangan kang gamblang.

Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi masrahake SK kepengurusan Dewan Kebudayaan marang ketuane, Heti Palestina Yunani.
(Foto Infokom)

Ketua DKeb Surabaya Heti Palestina Yunani emoh keseret marang ulegane polemik. Sawise entuk pikukuh saka wali kota, Heti kepengin sacepete tanceb gas enggal-enggal ngleksanani tugase kang nyakup 10 obyek kabudayan mau. Miturut dheweke kerjane DKeb mengkone kaperang dadi loro. Kapisan kuratorial, yaiku ngurasi (nyeleksi) maneka bentuk kegiyatan tontonan (pertunjukan) lan kegiyatan seni budaya sing bakal tampil ing Balai Pemuda. Dene kapindho, nindakake panliten budaya kanggo landhesan nyusun kebijakan tumrap wali kota.

Heti nemenake menawa para seniman senior tetep diuwongake. Dheweke kepengin seniman-seniman kang wis katog lelumban ing jagad kesenian mau ora dadi pelaksana teknis maneh, nanging wis wancine munggah kelas minangka mentor tumrap seniman-seniman mudha. Heti bakal nggandheng seniman-seniman kang wis akeh pengalamane iku minangka pemateri workshop, pelatihan, kepara bebarengan ngedegake sekolah budaya.

“Seniman-seniman senior wis wayahe mikir regenerasi. Merga budaya ora lestari yen mung mandheg ing wong-wong kuwi wae,” ujare Heti.

Mikuwati Kharakter

Eri Cahyadi ngandharake kabudayan nduweni sesambungan kuwat karo pambentukan kharakter. Mula dheweke titip marang DKeb supaya ngrosani kharaktere warga Surabaya lumantar nilai-nilai luhur kabudayan lokal. Kepara yen bisa, kharakter khas Surabaya mau tetep digondheli dening masyarakat nganti anak putune mbesuk.

Eri uga menehi tugas marang DKeb kepriye carane amrih kabudayan lokal tradhisional nduweni daya tarik lan disenengi dening generasi mudha. Kolaborasi antar-generasi, kandhane Eri, bisa dadi salah sijine cara mancing generasi Z. Upamane, parikan khas seniman ludrug Kartolo dikolaborasi karo dhagelan tunggal (stand up comedy). “Yen stand up comedy iki bisa digabungake karo ilmu ludrug-e Cak Kartolo, aku yakin bakal luar biasa banget,” kandhane Eri dikutip saka katrangan tinulis.

Eri Cahyadi ora nyinggung prekara polemik antarane DKS laro DKeb. Dheweke mung pratela menawa tanggung jawabe DKeb luwih gedhe marga cakupan garapane luwih jembar. “Seni minangka bageyane kabudayan, mula nguripake kesenian kang kreatif klebu tugase Dewan Kebudayaan,” kandhane Eri.

Diakoni apa ora polemik DKS-DKeb mau wis njalari rengat-e seniman lan aktivis seni ing Surabaya. Ora anane kekarepan saka Eri Cahyadi ngajak rong pihak kasebut lungguh sameja, nyebabake rasa-rasa kang ora kepenak mau tansah kegawa. Mangka upama wali kota gelem nyawijekake, kerukunan bakal kacipta.

Nanging mungguhe pelukis senior Desemba Sagita, cecongkrahan sapepadhane seniman mau dudu barang anyar ing DKS. Minangka seniman lawas, dheweke wis ora kaget maneh. “Kedadeyan kaya ngene iki dakanggep minangka dinamika ing kesenian,” turure Desemba.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 360

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *