Emprit Abuntut Bedhug Penggusuran DKS

Pasulayan antarane Dewan Kesenian karo Pemkot Surabaya wimbuh panas saploke sekretariate organisasi seniman iku digusur saka Balai Pemuda 4 Mei kepungkur. Pihak sakarone padha dene lapur pulisi. 
Satpol PP nalika mbeslah gamelan saka sekretariat DKS, 4 Mei kepungkur.

Penyidik Satuan Reserse Kriminal Polrestabes Surabaya cacah loro njereng dhokumen sangarep raine Mahmuni Paksi, Selasa awan, 26 Mei 2026. Dhokumen kang dituduhake pulisi iku arupa sertipikat Hak Pengelolaan Lahan (HPL) duweke Pemerintah Kota Surabaya gegayutan karo kawasan Balai Pemuda. Sekretariat DKS mapan ana sanjerone kompleks gedhong kebak sejarah ing Jalan Gubernur Suryo kuwi.

Penyidik nggoleki Mahmuni Paksi menyang sekretariat jalaran pengurus Dewan Kesenian Surabaya (DKS) iku ora nekani ‘panggilane’ penyidik 20 Mei 2026. Mahmuni ‘mangkir’ kanthi pawadan lagi nyamaptakake pengetan Dina Kebangkitan Nasional kang diadani DKS arupa dhiskusi masalah kebangsaan kanthi tema ‘Ngangsu Kawruh Peradaban Nusantara.’

Anadene panggilane penyidik Polrestabes Surabaya marang Paksi iku gegayutan karo disuweke stiker segel ing lawange sekretariat DKS dhek Senen, 4 Mei 2026 wanci esuk. Nalika kuwi aparat Satuan Polisi Pamong praja nggusur ruwang sekretariat iku kanthi cara ngosongake isen-isene. Barang-barang kesenian awujud saprangkat gamelan laras pelog lan slendro, tambur, piranti reyog, sarta properti jaranan diwetokake lan dipindhah menyang ruwangan seje. 

Sawise prabotan inventaris duweke DKS iku diresiki saka njero ruwangan, Satpol PP nemplekake stiker segel ing lawange sekretariat. Nanging awane segel iku disuwek-suwek dening pengurus DKS, lan lawang sekretariat kang maune dikunci dening Satpol PP dibukak maneh dening seniman. Mahmuni Paksi ngepasi ana lokasi nalika kuwi.  Dinas Kebudayaan, Pemuda, Olahraga dan Pariwisata (Disbudporapar) kang ora trima segel mau dirusak dening pengurus DKS, banjur lapur marang pulisi, Jumuah, 8 Mei 2026.

DKS emoh kalah. Lumantar ketuane, Chrisman Hadi, organisasi kang madeg wiwit 1 Oktober 1971 kuwi mbales nglapurake aparat Satpol PP kang ngusungi metu barang inventaris kesenian duweke DKS menyang Polrestabes, Rebo, 20 Mei 2026. Tumrap Chrisman, apa kang ditindakake Satpol PP mau kaya dene maling merga njupuki darbeke liyan tanpa nggawa surat perintah sarta berita acara. Mangka gamelan saprangkat jangkep karo penabuhe iku sumbangane tokoh pers perjuwangan kang uga seniman, A. Azis, awale taun ‘80 an. A. Azis uga kacathet minangka pendiri koran Surabaya Post.

Nanging Chrisman cuwa jalaran pulisi luwih dhisik ngurus prekara panyuwekan segel kang dilapurake Disbudporapar tinimbang lapurane ngenani ‘ilange’ piranti karawitan kuwi. Miturut Chrisman kang uga pengacara mau, tumindake penyidik nuduhake sertipikat HPL marang Mahmuni Paksi ora relevan karo underaning masalah sing dilapurake Disbudporapar.

Chrisman ngandharake, sacara hukum agraria ora ana konsep “Hak Milik Pemerintah Kota” jrone “kepemilikan absolut atas tanah negara.” Mula nuduhake HPL marang Mahmuni minangka upayane pulisi nindakake klarifikasi atas lapurane Disbudporapar, diwawas ora gathuk intine prekara.

Chrisman uga mitakonake tekane sawatara pejabat Disbudporapar Surabaya bebarengan karo penyidik kapulisen nemoni Mahmudi Paksi, antara liya Kepala UPTD Balai Pemuda Saidatul Ma’munah sarta Kabid Kebudayaan Disbudporapar Fauzi Mustakim Yos.

“Proses penyidikan kanthi ngajak pihak pelapor nemoni terlapor ngono mau ora lazim merga swasanane malih intimidatif. Pulisi kudune independen jrone njejegake prekara, ora abot sisih,” kandhane Chrisman, Rebo, 27 Mei 2026.

Pengosongan sekretariat DKS.

Polemik antarane DKS karo pemkot isih mrongkol saploke Satpol PP ngusungi metu gamelan saprangkat isen-isene sekratariat. Pemkot tumandang nggusur papan kumpule pengurus DKS iku merga rong alasan. Sepisan, masa bakti kepengurusan DKS periodhe 2019-2024 kang dipimpini Chrisman Hadi wis rampung. Ping pindho, pemkot nindakake amanate Undang-Undang No. 5 Taun 2017 ngenani Pemajuan Kebudayaan. 

Salah siji pasal ing aturan kuwi ngudokake pamarentah daerah ngowahi strukture Dewan Kesenian dadi Dewan Kebudayaan kanthi cakupan ora mligi seni, nanging sepuluh obyek pangupakaran. Yaiku tradhisi lisan, manuskrip, adat istiadat, ritus, kawruh tradhisional, teknologi tradhisional, seni, basa, dolanan rakyat, lan olahraga tradhisional. Kanthi owah-owahan struktur organisasi mau, pemerintah daerah sa-Indonesia mindhah anggaran kegiyatan saka Dewan Kesenian marang Dewan Kebudayaan.

‘Eksekusi’-ne sekretariat DKS satemene ora ujug-ujug. Wiwit akhir Maret 2026 Disbudporapar wis ngelikake amrih pengurus DKS lunga saka sekretariat. Diwenehi wektu seminggu kanggo ngothongake ruwangan. Nanging nganti akhir April 2026 DKS tetep mbeguguk nguthawaton. Satemah Senen, 4 Mei, ruwangan dikosongake peksan dening Disbudporapar lumantar Satpol PP kang dibiyantu pulisi sarta tentara.

Upaya pengosongan sekertariat mau dilawan dening DKS. Bebarengan karo mahasiswa, LSM, aktivis prodhemokrasi, serikat buruh lan pedagang pasar kurban penggusuran, seniman-seniman DKS nglurug Balai Kota Surabaya, Senen, 11 Mei. Nanging kekarepan ngajak dhialog Eri Cahyadi gagal.

Chrisman Hadi (tengah nganggo topi) nglapurake penyitaan gamelan marang Polrestabes Surabaya.

Chrisman Hadi gembleng tekade bakal tetep ngukuhi Balai Pemuda. Dheweke suthik ngalih.  Dhasare Chrisman, taun 2022 dheweke wis tau nggugat Wali Kota Surabaya menyang Pengadilan Tata Usaha Negara (PTUN) jalaran kepengurusane ora diwenehi SK. Gugatan mau dimenangake Chrisman. Nanging nganti masa bakti kepengurusane Chrisman Hadi purna, lan wali kota wis gumanti saka Tri Rismaharni marang Eri Cahyadi taun 2021, kepengurusan DKS 2019-2024 tetep ora tampa SK.

“Yen pemkot arep nggunakake kekuasaane kanggo nggusur sekretariat DKS, arep sewenang-wenang, iku urusane pemkot. Nanging wong Surabaya bakal weruh yen apa sing kedadeyan iki sejatine sing jahat sapa,” kandhane Chrisman marang Panjebar Semangat, Kemis, 7 Mei 2026.

Pasulayan antarane Disbudporapar karo DKS kaya-kaya numusi unine bebasan emprit abuntut bedhug, kang tegese kekarepan sepele wekasan ngambra-ambra dadi gedhe. Satemene prekara kasebut bisa dirampungake kanthi weninging pikir yen pihak sakarone ora padha dene methentheng. Dibutuhake lungguh bareng sameja kanthi menebing rasa. Pemkot Surabaya kudu mahami keteg jantunge para seniman lawas kang puluhan taun ‘berkarya’ ana Balai Pemuda. Diakoni apa ora DKS wis nyaput warna peradaban seni Kutha Pahlawan. Kosok baline DKS uga kudu pana menawa politik mono owah gingsir. Yen pusat wis nggarisake UU No. 5/2017 dileksanani, tundhone bakal tataban karo pamarentah daerah yen terus-terusan ngotot. Mula pemkot lan DKS samesthine njupuk dalan tengah kang ngepenaki, toh tujuwane padha, yaiku amrih kesenian ing Surabaya sangsaya maju.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 362

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *