Gombloh kang ‘Ngembloh’ Mring Wong Cilik

Foto-fotone penyanyi Gombloh dipamerake ing Balai Pemuda Surabaya. Gambar-gambar lawas iku dirumat kanthi becik dening anak tunggale. Nangekake nostalgia marang seniman prasaja sing duwe jiwa nasionalisme dhuwur lan landhep panggraita marang panandhange wong cilik iku.
Salah siji fotone Gombloh kang dipamerake.

Remy Wicaksono isih umur 4 taun nalika bapake, Soedjarwoto Soemarsono utawa kang akrab diundang Gombloh, tinggal donya, 9 Januari 1988. Remy ora bisa mbayangake blegere bapake kanthi wutuh. Ing umur kang durung ganep 5 taun, Remy mung capet-capet wae marang priya dedeg kuru jangkung kuwi. Pangeling-elinge minangka bocah balita durung sampurna.

Sing dielingi Remy, Gombloh mujudake bapak kang nresnani anake. Lan minangka guru laki, Gombloh uga sayang marang sisihane, Wiwik Sugiarti. Remy isih kelingan tau diajak plesir bapake menyang pantai. Gombloh uga ngajeni marang sing wadon.

“Aku tau dicritani Ibu, Bapak iku yen arep tindak mesthi pamitan. Tau merga kesusu, Bapak lali ora pamitan. Panjenengane mulih maneh mung saperlu njaluk pamit senajan lakune wis lumayan adoh,” tuture Remy marang Panjebar Semangat nalika ditemoni ing Balai Pemuda Surabaya, Jawa Timur, Selasa sore, 7 Juli 2026.

Pengunjung nonton foto-fotone Gombloh.

Ibune uga crita, kawit manten anyar sing lanang ora tau ninggalake dheweke suwe-suwe. Senajan job ing Jakarta sangsaya rame sawise lagu-lagune populer, Gombloh mesthi mulih yen butuhe wis mari. Mengkono uga yen dheweke dhong show menyang luwar kota uga terus bali yen tanggapane wis rampung.

Kenangan marang Gombloh diundha maneh lumantar pameran foto ing Galeri Merah Putih Balai Pemuda. Ngangat tema “Gombloh Bukan Hanya di Radio”, pameran iku digelar 7-9 Juli 2026. Ana 50 foto pilihan kang dipajang. Panatane urut-urutan foto sa-arah pandom jam, kaya-kaya nuntun penonton nyemak babak-babak lelakone Gombloh wiwit isih mudha nganti dadi salah sijine maestro musikus Indonesia.

Ing foto-foto mau uga ginambar Gombloh minangka guru laki lan bapak kang prasaja: plesir menyang pantai nganggo kaos lengen dawa putih mangkak, clana jins belel, topi kang wis mbulak warnane, lan sandhalan jepit. Mangka nalika momen plesir karo anak bojone iku dijepret kamera, Gombloh wis dadi penyanyi top Indonesia. Lagune, Kugadaikan Cintaku lan Apel lagi “meledak” ing pasaran.

Foto-foto lawas iku pranyata isih karumat kanthi becik dening Remy Wicaksono.  Remy kandha maune dheweke ora pati duwe kawigaten marang foto-fotone bapake kang dipasang ana njero album. Bareng sangsaya diwasa, Remy lagi mudheng menawa foto-foto mau ora beda warisan sing larang regane. Untunge, kahanane foto-foto mau racak isih becik. Ora ana sing rusak utawa kelet ing plastik album.

“Maune foto-foto iku mung ditumpuk ngono wae ana album. Kebledugan, ngeres. Terkadhang uga dakbukaki. Suwe-suwe aku sadhar menawa foto-fotone swargi Bapak iku arsip kang banget pengaji tumrap kulawarga, lan mbokmenawa ya tumrap para sutresna musik Indonesia,” ujare Remy.

Ing saselane pameran dina kapisan dianakake pentas musik climen dening Lemon Tree’s Anno 69, Cep Ocim (Mogers Serang), Yuli Zedeng (Bojonegoro), Laily & Family (Mogers Malang) lan Max Baihaqi Pecas Ndahe (Mogers Solo) kang nyanyekake lagu-lagune Gombloh. 

Ketua panitia pameran, Guruh, kanthi setengah guyon kandha jrone pidhato pambuka menawa lagune Gombloh kang judhule Kebar-Kebyar tau didadekake soal ujian pilihan gandha kanggo siswa kelas 6 SD. Miturut Guruh, pitakon jrone naskah soal iku, sapa panciptane lagu Kebyar-Kebyar? Pilihan jawabane: A. Soeharto, B. Habibie, C. Megawati lan D. Gombloh.

“Meh kabeh siswa milih Soeharto,” kandhane Guruh.  

Prothol Kuliyah

Gombloh lair ing papan pangungsen, dhaerah Tawangsari, Jombang, 12 Juli 1948. Wong tuwane, Slamet lan Patukha, keplayu ninggalake kampung Genteng, Surabaya merga kahanan lagi geger sawise Walanda nindakake Agresi Militer II. Gombloh dadi parabane Soedjarwoto kawit isih bocah merga tindak-tanduke nggomblohi, ethok-ethok goblog senajan satemene ngerti.

Remy Wicaksono, anake Gombloh.

Bapak ibune satemene nggegadhang Gombloh dadi insinyur sawise dheweke ketampa kuliyah ana Jurusan Arsitektur Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS). Nanging jiwane kang tansah kepengin bebas njalari Gombloh luwih kerep mbolos tinimbang melu kuliyah. Wusana dheweke mutusake metu saka kampus lan lunga menyang Bali saperlu ngasah jiwa kesenimanane, mligine ing babagan musik.

Rasa senenge Gombloh marang musik pancen gedhe wiwit dheweke mlebu SMP. Taun 1962 bebarengan karo kancane papat, Gombloh mbentuk grup kang diwenehi jeneng The Dangerous. Grup kasebut mligi nyanyekake lagu-lagune The Beatles. Patang taun candhake Gombloh gawe grup anyar kanthi aran The Sheeryl. Gombloh kaya-kaya nemokake omah kang tentrem sawise mbentuk grup Lemon Tree’s anno 69.

Miturut seniman Surabaya, Esti Susanti Hudiono, Gombloh sethithik saka musisi kang nduweni prinsip. Panggraitane marang panguripane rakyat landhep. Gombloh kang kulina srawung karo wong cilik nyuwarakake apa sing dirasakake kaum papa mau lumantar lagu-lagune, kaya dene Doa Seorang Pelacur, Selamat Pagi Kotaku, Poligami, Kilang-Kilang, lan Poligami. Jiwa nasionalismene kang gedhe uga njurung Gombloh nyiptakake lagu-lagu ngenani kebangsaan, antara liya Dewa Ruci, Gugur Bunga, Gaung Mojokerto-Surabaya, Indonesia Kami, Indonesiaku, Indonesiamu, Pesan Buat Negeriku, lan BK

Bareng karo Lemon Tree’s anno 69 Gombloh ngetokake 10 kaset, yaiku Nadia & Atmospheer (1978), Mawar Desa (1978), Kadar Bangsaku (1979), Kebyar-Kebyar (1979), Pesan Buat Negriku (1980), Sekar Mayang (1981), Terima Kasih Indonesia (1981), Pesan Buat Kaum Belia (1982), Berita Cuaca (1982), lan Kami Anak Negeri Ini (1983). Kejaba sing karo Lemon Tree’s anno 69, Gombloh uga ngetokake album rekaman solo, yaiku Gila (konser 1984), ½ Gila (1985), Semakin Gila (1986), Apel (1987) lan Apa Itu Tidak Edan (1988).

Tetep Gombloh

Mungguhe para kritikus musik, Gombloh katon ngendhorake idhealismene ing album-album solone mau. Kanthi nyiptakake lagu-lagu pop entheng-ethengan sing syaire lucu kaya dene Kugadaikan Cintaku, Semakin Gila, Arjuna Mencari Cinta lan Apel, Gombloh dianggep mung saderma ngoyak payu. Kabukten wiwit kuwi Gombloh sangsaya populer lan entuk asil gedhe saka pepayone kaset sarta show-ne.

Nanging tumrap salah sijine anggota Lemon Tree’s anno 69, Ratih, senajan wis sukses ing tingkat nasional, Gombloh tetep Gombloh. Ora ana owah-owahan prilaku apadene pakulinan sedina-dinane. Gombloh tetep tampil prasaja, apa anane, lan kulina cangkrukan awan bengi ing studhio rekaman Nirwana Record, Siola, lan ing Balai Pemuda Surabaya. Manggone tetep ing Perumahan Sutorejo Indah, ora niyat mboyong anak bojone pindhah menyang kawasan perumahan sing luwih elit.

“Gombloh tetep nyaman kumpul karo seniman-seniman Dewan Kesenian Surabaya kang kerep saba Balai Pemuda. Terkadhang nganti rong dina Gombloh ora mulih, katrem ngopi, melekan karo genjrengan gitar,” tuture Ratin.

Sawatara penggemare Gombloh sing nonton pameran.

Miturut Ratih, Gombloh tau menehake sandhale marang wong ngemis wadon tuwa sing sok klitar-kliter sangareping studhio Nirwana Record. Gombloh welas ndulu pepriman iku mlaku ngalor ngidul ora nganggo sandhal. Gombloh santai wae senajan sawise sandhale diwenehake wong ngemis mau ganti dheweke sing nyeker. Wong ngemis iku menehi inspirasi Gombloh nyiptakake lagu kanthi judhul Pengemis Tua.

Liya dina Ratih meruhi Gombloh menehake sega kothakan jatah saka rekaman marang glandhangan sing keluwen ana ngarep studhio.  “Ya ngono kuwi Gombloh, gampang ora tegel atine. Yen pas nyekel dhuwit terkadhang ya nyangoni wong-wong sing kesrakat uripe,” kandhane Ratih marang Panjebar Semangat.

Ratih uga isih eling nalika diajak Gombloh menyang lokalisasi prostitusi Dolly. Maune Ratih ora kepenak, risi nalika mlebu menyang salah sijine wisma pelacuran. Nanging Gombloh ngyakinake menawa tumindak becik mono ora mawang sapa wonge. Arepa wanita pelanyahan, nanging dheweke uga manungsa.

“Jebul aku diajak Gombloh ngedumi BH lan cawet marang PSK-PSK mau. Sawise kuwi Gombloh nyiptakake lagu sing judhule Pelacurku,” kandhane Ratih.

Ratih kandha, Gombloh bisa nyiptakake lagu kanthi spontan. Dheweke crita tau ditelpun Gombloh kanthi ndadak saperlu diajak rekaman menyang studhio Nirwana Record. Ratih gumun, wong lagune durung ana kok Gombloh wis ngajak rekaman. Jam wolu bengi Ratih sida menyang studhio. Gombloh wis ngenteni. Kanca-kancane anggota Lemon Tree’s anno 69 sing uga ditilpuni sumusul teka siji mbaka siji.

“Wis padha mangan tah?” takone Gombloh.

“Wis,” jawabe wong-wong mau cekak.

“Lek ngono entenana sedhela,” ujare Gombloh banjur menyat mlebu toilet. Metu saka jedhing, Gombloh nyandhak gitare banjur nggenjrang-nggejreng intonasi nadha. Lambene rengeng-rengeng nyanyi. “Nah, iki lo lagune. Iki mengko awakmu sing nyanyi!” ucape marang Ratih.

“Lha syaire endi?”

“Sik, tunggunen sedhela,” kandhane Gombloh karo metu saka ruwang rekaman. Limalas menit candhake dheweke bali maneh karo nggawa kertas salembar kang wis ditulisi lirik lagu. Sawatara bageyan dicoreti lan diwenehi tandha panah mendhuwur utawa mangisor kanggo mbenerake. “Nyoh, iki lirike. Pelajarana!” ujare.

Bareng Ratih wis apal syaire, Gombloh banjur ngajak latihan ping telu. Rehne dirasa wis apik, Gombloh terus ngajak rekaman bengi kuwi uga. Ana rong studhio sing sok digunakake Gombloh kanggo rekaman. Kejaba Nirwana Record ing Jalan Tunjungan, uga Golden Hand ing Jalan Kalisari.

“Nanging sing kerep ing Nirwana Record, nganti Gombloh tinggal donya,” tuture Ratih.

Pakulinan uripe Gombloh sing ora sehat, miturut Ratih, kang njalari seniman musik kuwi tinggal donya luwih cepet. Rokok lan kopi ora tau pedhot. Gombloh kuwat ora mangan nganti sedina mbethethet waton rokok lan kopine ora telat. Nanging ya merga pakulinan mau kesehatane dadi sangsaya drop. Lelara TBC kang wis suwe nggrogoti awake wimbuh kronis. Ketambahan lara lambung merga mangane ora teratur. Gombloh uga kurang istirahat merga kulina melekan bengi.

Ing patemon pungkasan sadurunge tinggal donya, Gombloh kober pesen marang Ratih kang nalika kuwi mahasiswi Fakultas Ekonomi Universitas Airlangga. Pesen mau isih dumeling nganti seprene ing kupinge Ratih. “Mbesuk yen kowe wis dadi wong sukses, aja korupsi. Mesakna wong-wong cilik kuwi,” kandhane Ratih nirokake wekase Gombloh.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 377

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *