Titien Sumarni Marilyn Monroe Indonesia sing Nasibe Tragis

Sawenehe wanita reged kanthi sandhang penganggo kumel rowak-rawek mlaku sempoyongan mecaki trotoare kutha Bandung wanci sore tanggal 7 Agustus 1959. Awake kuru, rambut awut-awutan, ambune apeg. Surat kabar Selecta No. 250, edhisi 4 Juli 1966, martakake, bocah cilik-cilik sing kebener lagi kumpul karo kancane ana sadawane trotoar mau, spontan nyelehake dolanane banjur ngetutake lakune wanita iku karo surak-surak moyoki. Saya suwe cacahe bocah sing nginthil saya akeh.
Titien Sumarni

Ing antarane Jalan Raya Barat – Jalan Garuda, sawenehe pulisi lalu lintas sing lagi jaga pos prapatan dalan, nyetop lakune wanita sing katon dhepresi banget kuwi. Sawise disetitekake, pulisi mau kaget. Jebul wanita mau Titien Sumarni, bintang film kondhang taun 50-an. Welas marang panandhange Titien, polantas iku banjur nyetop trek sing ngepasi liwat. Marang sopire trek, polantas iku njaluk supaya ngeterake Titien menyang omahe familine amrih ora klambrangan turut dalan.

Selecta nulis, jrone kahanan dhepresi, Titien mlaku mrana-mrene karo nggembol cuwaning ati. “Dheweke lagi nggoleki wong lanang sing wis nandur anak ing rahime, nanging sawise iku ngilang ngono wae, nganti anak sing dikandhut Titien lair wadon. Tragis, pasrawungan bebas wis ngancurake uripe,” tulise Selecta. Miturut Selecta, wong lanang sing digoleki Titien iku dudu priya sembarangan, nanging pemborong proyek tingkat nasional aran Jahja Ali.

Lair ing Surabaya 28 Desember 1930, Raden Ajeng Titien Sumarni nduweni getih Jawa-Sundha. Bapake, pembantu wedana Surabaya, tinggal donya nalika anake wadon mau isih umur telung taun. Telung taun candhake, Titien pindhah menyang omahe ibune ing Tasikmalaya lan mbacutake uripe ing kana. Nadyan isih bocah, nanging bakat senine Titien wiwit katon manjila. Mlebu SMP ing Bandung, Titien diajari seni akting dening paklike, Moestari.

Nanging Moestari, sing umure 32 taun, banjur ngepek bojo ponakane sing isih umur 16 taun kuwi. Pegawai Jawatan Perekonomian mau ngrabi Titien merga serik marang pakartine sing wadon kang laku sedheng karo sawenehe taruna militer. Mangka taruna tentara mau sejane arep dijodhokake entuk Titien. Sawise dirabi Moestari, Titien mothol sekolah. Bebarengan karo sing lanang, dheweke pindhah menyang Jakarta saperlu adu kabegjan nedya mujudi gegayuhane minangka artis.

Miturut buku Apa Siapa Orang Film Indonesia 1926-1978, dalan mlebu menyang industri film tinarbuka bareng dheweke tepung karo Harun al-Rasyid, pegawai studhio rekaman Golden Arrow. Titien kenal Harun nalika nonton fim Inspektur Rachman taun 1950. Titien banjur dilantarake marang sutradhara R. Ariffien. Wiwit sepisanan ketemu, Ariffien nyumurupi potensi seni peran kang gedhe ing dhirine Titien.

Mula ora ndadak ngliwati proses sing rumit, Titien langsung diajak main film asisirah Seruni Ladju. Nadyan isih sepisanan main film, nanging Titien wis entuk dhapukan minangka paraga utama: Seruni. Dheweke adu akting karo aktor luwih senior sing dadi pasangan maine, Turino Djunaedi. 

Rehne aktinge maremake, Titien dilibatake maneh ing film Gadis Olahraga (1951) besutane sutradhara Korea, dr Huyung. Ing tangane Huyung, Titien saya mateng. Jroning wektu sing ora suwe dheweke wis mbintangi film Kenangan Masa, Main-main Jadi Sungguhan, Dunia Gila, Sepanjang Malioboro, Si Mientje, Satria Desa, Terkabul, Pengorbanan. Ing film-film mau sutradhara ajeg masangake Titien karo RMS Partosandjojo alias S. Bono jalaran keconggah nuwuhake swasana romantis.

Pawitan rupa ayu lan bakat akting pinunjul, Titien kasil mawujudake gegadhangan minangka artis top ibu kota. Kawentare Titien Sumarni kuwawa ngungkuli Netty Herawati, artis film paling kondhang nalika kuwi. Kepara Presidhen Sukarno kober ngundang Titien menyang Istana jalaran kepranan karo kabisane. Bung Karno ngendika klebu salah siji pengagume Titien.

Nanging nalika kariere Titien saya kombul, bebrayane karo Moestari rengat. Ora kena diapiki, bale somah sing dibangun wiwit saka Tasikmalaya kuwi wekasan ambruk. Gumebyaring donya keartisan njalari Titien blereng marang materi. Wusana Titien pisahan karo palike sing wis ndhedher bakat senine wiwit cilik engga kasil nggayuh cita-citane ing ibu kota. 

Nadyan wis pegatan karo Moestari, pamore Titien minangka artis papan ndhuwur ora mbleret. Kosok baline, ordheran main film saya numpuk. Salah sijine saka bose Perseroan Artis Indonesia (Persari), Djamaludin Malik. Djamaludin, sing kepranan karo aktinge Titien ing Sepanjang Malioboro, nuli ngajak dheweke main ing film Asam Di Gunung Garam Di Laut, Gara-gara Hadiah lan Lagu Kenangan (1952).

Nadyan film telu mau kepetung sukses, nanging Djamaludin akhire pecah kongsi karo “mesin dhuwite” mau. Penyebabe, Titien dianggep nerak isine kontrak kerja. Miturut Djamaludin, Titien nampani ordher saka sutradhara liya, Fred Young, kanggo main ing film drama musikal asesirahPutri Solo (1953). Djamaludin saya uring-uringan awit film kasebut disponsori dening pabrik rokok sing cengkah karo prinsipe Persari. Titien wekasane dicoret saka keanggotaane Persari. Kanggone Titien, golek pencokan anyar ora angel. Mula sawise ditendhang dening Djamaludin, dheweke enggal ditampani dening perusahaan film Bintang Surabaya kang mrodhuksi Putri Solo mau.

Putri Solo sukses gedhe lan kuwawa mecahake rekor pengasilan film paling gedhe sa-Indonesia. Titien saya kuncara. Layang-layang saka penggemare wimbuh akeh, saka sing maune 20-30 sedina, dadi atusan. Liwat angket sing digelar dening sawatara majalah hiburan, klebu Kentjana lan Dunia Film, Titien dinobatake minangka “Ratu Layar Perak” nggusur artis-artis sing luwih mapan.

Salah siji filme Titien Sumarni

Ana empere yen Titien paling populer, awit jroning wektu limang taun (1951-1956) dheweke wis mbintangi ora kurang saka film cacah 34. Kanggo artis sing kepetung anyar, prestasine Titien mau ngedab-edabi banget. Kawentare Titien njalari dheweke dijuluki Marilyn Monroe Indonesia, artis fim Amerika sing banget kondhang nalika semana, malah kepara nganti saiki.

Titien uga ngedegake perusahaan film dhewe kanthi aran Titien Sumarni Motion Pictures lan kober mrodhuksi Putri Dari Medan(1954), Mertua Sinting (1954), Tengah Malam (1954), Sampah (1955), Saidjah Putri Pantai (1956) sing diprodhuseri lan dibintangi Titien dhewe. Nanging sawise main ing film Djanjiku (1956) Titien ‘ilang’ saka donyaning hiburan.

Ana sing kandha kesilepe Titien saka kerlap-kerlipe jagad keartisan mau merga dheweke keblegong marang lendhut prostitusi lan dadi simpenane pengusaha utawa pejabat. Sekawit dheweke dirabi dening pengusaha kopra asal Minahasa aran Saerang. Majalah Selecta No. 247, 13 Juni 1966 mratelakake, bebrayane Titien klawan Saerang mung saumure jagung. Sawise pisahan, dheweke diwartakake kembet skandhal karo Bupati Jombang lan sawatara pejabat ing Bandung. 

Titien uga disebut-sebut duwe anak cacah lima saka bapak sing beda-beda. Anak pambarepe, Tommy Sjarief, diakoni saka anggone patutan karo Moestari. Koran Berita Yudha edhisi 30 April 1966 macak asil wawancarane karo Titien gegayutan karo anak-anake mau. Miturut Titien, anake sing jeneng Boyke lan Fatah, lair saka anggone hubungan karo R. Enoch Danusubrata, Kepala Polisi Komisariat Jawa Barat apangkat brigjen. Dene loro liyane ora disebutake patutan karo sapa.

Titien Sumarni ditampa Presidhen Sukarno ing Istana

Pengakuwane Titien sing blak-blakan iku kontan gawe gegering bebrayan. Kanggo nyirep isyu kasebut, Enoch Danusubrata, lumantar penerangan Komdak VIII/Jawa Barat, age-age menehi klarifikasi. Wose, Enoch mbantah pratelane Titien. Dheweke uga nampik anggepan menawa tau rabi karo Titien.

Miturut Enoch pengakuwane Titien mau kosok balen karo sing sanyatane. Sebab, ujare Enoch, malah dheweke sing satemene wis nylametake Titien saka kasus skandhal slingkuh karo para pejabat Jawa Barat taun 1959. Kanggo ngayomi Titien, Kapulisen Jawa Barat banjur njupuk lan ngurusi kasus skandhal seks mau. 

Enoch uga waleh yen dheweke pancen asring nggunakake tenagane Titien minangka informan ing kasus-kasus kriminal tinamtu. “Nanging ora ateges aku njur ngrabi dheweke. Dadi apa sing diucapake mau ora luwih saka sensasi murahan sing tujuwane kanggo ngucemake jenengku,” kandhane Enoch kaya kang ditulis Selecta edhisi 13 Juni 1966.

***

Rehne dhepresi lan larane ora waras-waras, Titien banjur ditambakake marang sawenehe tukang becak ing Cianjur. Nanging tukang becak sing sethithik akeh duwe kemampuwan paranormal mau angkat tangan. Manut dheweke, lelarane Titien dudu lara sembarangan, nanging merga diteluh dening wong-wong sing ora seneng. Mula Titien banjur dipasrahake marang dhukun paranormal aran Mamah Atjeng ing Tasikmalaya supaya diobati.

Sejatine ing tengah taun 50-an, nalika kariere minangka bintang film lagi moncer-moncere, dheweke uga tau kaserang lelara aneh. Adhedhasar buku Rahasia Hidup R.A. Titien Sumarni karyane Lingga Wisjnu, Titien tau lara weteng nganti mutah getih. Bareng digawa menyang dhukun paranormal ing Tasikmalaya, saka njero wetenge Titien mau metu welat pring sing dawane 10 cm. Lingga Wisjnu nduga Titien disanthet dening wong-wong sing meri, mligine saingane ing jagad keartisan. 

Apa larane Titien sing kapindho iku uga gegayutan karo santhet, engga seprene durung ana katrangan gumathok. Rong sasi manggon ana omahe Mamah Atjeng, Titien ditemokake dening wartawan Berita Yudhaaran Hajat Tatos Kusuma. Nalika kuwi kahanane Titien wis banget mrihatinake. Dibiyantu dening sawenehe wanita peparab Sri Budijono, Hajat banjur nggawa Titien menyang Rumah Sakit Advent.

Nanging nyawane Titien ora ketulungan. Tanggal 13 Mei 1966 wanci bengi, Titien tinggal donya ing umure kang ngancik 38 taun. Ing koran Minggu Pagi edhisi 15 Mei 1966, dhokter Benjamin K. Supit kang ngupakara Titien ngandharake lamun sejatine kahanane tilas artis kondhang iku wis sangsaya becik sawise entuk perawatan ing Rumah Sakit Advent. Malah dheweke wis bisa mudhun saka peturon lan mlaku-mlaku ana sakupenge kamar perawatan.

Nanging Titien diweruhi mangan panganan sing dikirim dening pawongan nyalawadi. Mangka dr. Benjamin wis ngelikake amrih Titien ora sembarangan memangan panganan, apa maneh kiriman saka njaban rumah sakit. Ya sawise ngemplok kiriman panganan iku Titien drop.

“Jrone pambudidaya panylidikan kanggo nylametake nyawane Titien Sumarni, akhire ditemokake zat-zat ing lambunge sing dinuga njalari dheweke keracunan. Panganan iku arupa ketan ireng. Sapa sing ngirim ketan ireng kuwi, dhokter ora ngaweruhi,” kandhane Benjamin.

Ewasemono durung ana rolas jam Benjamin aweh katrangan marang pers, AKP-1 Moh. Saleh saka Dinas Reserse Kriminal AKRI Kota Besar Bandung kusung-kusung mara menyang rumah sakit banjur ngadani sapatemon mirunggan karo dhokter sing ngupakara Titien Sumarni. Samarine sapatemon mau, pihak Rumah Sakit Advent ngralat katrangane dr. Benjamin.

“Sebab-sebab kematiane Titen Sumarni pranyata ora merga keracunan. Nanging komplikasi penyakit lawas lan serangan diare sing ora mandheg. Satemah akeh banyu sing metu saka anggane, engga njalari sel-sel ora bisa kerja maksimal. Sistem ambegan sing dibutuhake kanggo mulihake tenagane uga kurang, jalaran paru-parune pasien wis bolong,” mangkono katrangan resmi sing diwetokake kapulisen lan rumah sakit.

Katrangan kuwi mungkasi polemik kasuse Titien Sumarni. Pulisi ora mbacutake nglarah perkara racun mau jalaran kasuse wis ditutup.

Engga seprene sebab-sebab tiwase Titien pancen isih kalimputan wewadi. Nanging pengamat film, Dr. Tanete Pong Masak, jrone buku kanthi judhul Sinema Pada Masa Sukarno yakin tinggal donyane Titien gegayutan karo pakartine ing protistusi artis.

“Kabar sing dakrungu, dheweke diracun dening salah siji saka tilas bojone cacah pitu,” kandhane Tanete.

Sing cetha, Titien Sumarni si Marilyn Monroe Indonesia, artis top ibu kota kang kalokengrat sarta urip keceh bandha-bandhu lan blabur madu ing masa jayane, nasibe tragis. Dheweke tinggal donya jroning sepi lan mlarat.

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 13