
Chaerul Saleh ing Ulegan Kamardikan lan Revolusi
Share your love
Chaerul Saleh sethithik akeh nduweni andhil penting marang kumandhange proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945. Dheweke mapan ana ulegane sejarah dhetik-dhetik gawat sadurunge teks kamardikan kuwi diwaca Sukarno-Hatta.

Sawenehe kenya Indo-Belanda peparab Farida tau ngramal nasibe Chaerul Saleh. Nalika kuwi taun 1950-an, Chaerul lagi kuliyah ing Jerman Barat. “Farida ngramal menawa tembene Chaerul bakal dadi wong penting. Nadyan mung sewengi paribasane, dheweke bakal dadi presiden, kandhane sawenehe pininjau politik marang Rosihan Anwar.
Rosihan nyathet omongane pawongan kuwi ana bukune sing asesirah Sukarno, Tentara, PKI: Segitiga Kekuasaan Sebelum Prahara Politik 1961-1965 (2006). Miturut Rosihan, Chaerul precaya banget karo ramalan kasebut. Mula ing sadhengah reh tindak tanduke digawe ngati-ati amrih ora keplesed sinambi ngrantu tekane mangsa kala.
Ramalane Farida pranyata ora tumus. Nasib apik ora mihak Chaerul, nanging marang Mayor Jenderal Soeharto. Nadyan dheweke klebu paraga cinakete Sukarno, ewadene sak jam wae Chaerul ora lora tau njabat prasiden. Nanging sak ora-orane ing taun 1966 Chaerul wis dadi wong penting.
Ing dina-dina pungkasan paprentahane Sukarno, Chaerul setya ngampingi presiden minangka Wakil Perdana Menteri (Waperdam) III kang diemban wiwit 13 Nopember 1963 nganti 22 Januari 1966. Jabatan waperdam iku satemene aneh, awit ora ana perdana menteri jrone struktur pamarentahan. Mula waperdam nduweni tanggung jawab langsung marang presiden.
Tanggal 18 Maret 1966 Chaerul dirangket tentara. Miturut Rum Aly ing buku Titik Silang Jalan Kekuasaan Tahun 1966 (2006), Chaerul ditangkep ora merga kembet karo G 30 S/ PKI, nanging gegayutan karo panggunane dhuwit negara sing dislewengake. Jroning tahanan, lara jantunge Chaerul kambuh. Adnan Buyung Nasution lumantar buku Pergulatan Tanpa Henti ngandharake, Chaerul wekasane tinggal donya ing umur 50 tau taun merga kasep antuk pitulungan medis, 8 Pebruari 1967.
“Nalika Chaerul kena serangan jantung, satemene petugas piket tahanan wis lapur marang pimpinane. Wose Chaerul kudu enggal digawa menyang rumah sakit. Nanging pimpinan penjara kesuwen olehe mutusi, saengga Chaerul kaselak tinggal donya,” ujare Adnan Buyung,
Adoh sadurunge nasibe diramal Farida, Chaerul sethithik akeh nduweni andhil penting marang kumandhange proklamasi kamardikan 17 Agustus 1945. Dheweke mapan ana ulegane sejarah dhetik-dhetik gawat sadurunge teks kamardikan. diwaca Sukarno-Hatta.
Tanggal 15 Agustus 1945 Chaerul sing uga Ketua Perhimpunan Pelajar-Pelajar Indonesia (PPPI) mandhegani rapat pemudha ing Jalan Pegangsaan Timur 56 Jakarta. Pasarta rapat mupakat menawa kamardikane Indonesia mono hak-e rakyat lan ora gumatung marang sih kawelasane Jepang.
Jam 22.00 pasarta rapat ngutus Wikana lan Darwis nemoni Sukarno-Hatta sing mentas mulih saka Dalat, Vietnam. Nglantarake pesene Chaerul sakanca, Wikana lan Darwis ndheseg Sukarno sacepete maca proklamasi tanggal 16 Agustus 1945. Sebab Jepang sing wola-wali janji bakal menehi kamardikan marang Indonesia nesia la lagi kecepit ing prang Pasifik. Kekalahane Jepang wis katon ing ngarep mata.
Tumrap golongan pemudha, kalodhangan masa transisi kuwi kudu enggal dijupuk Sukarno. Yen Sukarno ora tumuli mroklamirake kamardikan, klompok pemudha ora tanggung jawab menawa timbul ontran-ontran gedhe ing Jakarta. Nanging kaya kang katulis St Sularto dalah Dorothea Rini Yunani ing buku Konflik di Balik Proklamasi (2010), Sukarno sutik diatur-atur.
“Iki guluku, kowe-kowe kabeh kena mrajaya aku dina iki uga. Sing cetha aku ora bisa ngeculake tanggung jawabku minangka Ketua PPKI (Panitia Persiapan Kemerde kaan Indonesia). Mula saka kuwi prekara iki sesuk bakal daktakok ake marang anggota PPKI,” wang sulane Sukarno.
Gagal ngrimuk Sukarno, golongan pemudha bali ngadani rapat. Buku asesirah Proklamasi 17 Agustus 1945: Revolusi Politik Bangsa Indonesia (2017) sing disusun Haryono Riandi nyebutake menawa rapat susulan kasebut digelar jam 00.30 ing Jalan Cikini 71, Jakarta. Chaerul Saleh bali mandhegani usyawarah kanthi pasarta tokoh-tokoh pemudha, antara liya Djohar Nur, Kusnandar, Subadio, Subianto, Margono, Wikana, Armansjah, Sukarni, Jusuf Kunto, Singgih lan dr Moewardi.
Miturut Benedict Anderson ing buku Revoloesi Pemoeda (2017), rapat mutusake lamun Sukarno-Hatta kudu digawa menyang luwar kota amrih ora kena pengaruhe Jepang. Jam 04.00 Sukarno-Hatta wekasane diculik banjur digawa menyang Rengasdengklok. Nganti seprene durung kasumurupan sapa satemene sing duwe idhe nyulik Sukarno-Hatta mau. Nanging aktor lapangan sing tumandang yaiku Chaerul Saleh, Wikana, dr Moewardi, Jusuf Kunto, Singgih, dr Sutjipto lan Sukarni.
Sawise Indonesia mardika, Chaerul nggamblok marang Tan Malaka. Dheweke ngrasa cocog karo idhene Tan Malaka sing ngepengin ake Indonesia mardika 100 persen. Tan Malaka ngritik tokoh-tokoh pejabat, klebu Sukarno lan Hatta sing isih kompromi karo Walanda lumantar Prajanjen Linggarjati lan Prajanjen Renville. Tumrap Tan Malaka, sikepe Sukarno lan Hatta sing ora wani nggetih kuwi lembek banget.
Sejarawan Walanda Harry Poeze lumantar bukune kang asesirah Tan Malaka, Gerakan Kiri dan Revolusi Indonesia Jilid 4: September 1948 Desember 1949 (2008) mratelakake, nalika Tan Malaka ngedegake organisasi Gerakan Rakyat Revolusioner (GRR) akhir 1948, Chaerul dipilih minangka sekretarise.
“Kesatuan Laskar Rakyat lan Kesatuan Bambu Runcing sing g sing ndu weni “haluan kiwa” saka Jakarta iring wetan, Bogor, Sukabumi, Ta ngerang lan Banten nggamblok GRR sing dipimpin Chaerul,” tulise Matia Majiah ing buku mawa irah-irahan Kisah Seorang Dokter Gerilya Dalam Revolusi Kemerdekaan di Banten (1986).
Laskar-laskar mawa gegaman kuwi banjur munjerake kekuwa tane menyang Banten sisih kidul, mligine Malingping Malingping lan Cibaliung. Klompok-klompok bersenjata iki nylomot dahuru minangka pratelan ora nyarujuki lekase pamarentah kang ngedegake Republik Indonesia Serikat (RIS) 1950.
Pamarentah nganggep salah sijine pawongan sing nyumed gara-gara iku Chaerul Saleh. Chaerul pancen mandhegani laskar. bersenjata ing lapangan, nanging sesambungane kang raket karo. para tilas pejuwang sarta pimpinan pimpinan laskar, njalari dheweke disujanani sing sengaja ngujuk-ujuki amrih para milisi mau nyiptakake gangguan keamanan.
Tanggal 16 Pebruari 1950 Chaerul dipikut tentara. Ewadene dheweke dilebokake pakunjaran kaya umume residivis, nanging dening Sukarno malah dikirim kuliyah jurusan hukum menyang Universitas. Bonn, Jerman Barat 1952-1955. Lulus saka Jerman Chaerul mbacutake kuliyahe sing ora tutug ing Recth Hooge school (RHS) Betawi dhek 1937. Ing saselane kesibukane nempuh studi, Chaerul melu ngedegake Legiun Veteran. Taun 1957 Sukarno ngangkat dheweke minangka Menteri Negara Urusan Veteran. Urusan Veteran.
Merle C. Ricklefts ing bukune mawa judhul Sejarah Indonesia Modern (1200- 2008) nuturake, Chaerul Saleh dudu komunis. Dheweke luwih condhong marang paham Musyawarah Rakyat Banyak (Murba) sing didegake Tan Malaka. Jroning ngayahi perjuwangan, Murba ora cocog karo komunis.
Nanging Nanging saka pamawase Ricklefts, benceng panemu antarane Murba-komunis kuwi yen ditlusur merga kaperbawan dening intrik rebutan pangaruh lan panguwasa ing mangsa-mangsa revolusi kamardikan 1946-1950. Lan sawise 1965, paham lelorone iku ditumpes tapis dening militer.
***
Panulis: KSW















