Ratmi B-29, Seniman Sarwa Bisa kang Uga Pejuwang Kamardikan

Nalika sesorah ing forum KTT G-20 sawatara taun kepungkur, Presidhen Susilo Bambang Yudhoyono kober ngendika menawa pangucape G-20 kaya-kaya keprungu B-20 ing kuping. Lulusan Akademi Militer Magelang 1973 kuwi nuli kandheg sedhela. Pasuryane rada tumenga sajak ngeling-eling sawijining bab. “Yen disebut B-20, sapandurat aku kelingan pelawak sing jenenge B pira kuwi ya?” ucape SBY.
Ratmi B-29

Ing penggalihe Presidhen SBY nalika kuwi mbokmenawa lagi kumlebat Ratmi B-29, pelawak kondhang era taun ‘60-an nganti ‘70-an. Generasi ’90-an mendhuwur mbokmenawa asing karo aran Ratmi B-29. Nanging tumrap generasine SBY, jenenge wanita pawakan subur, pipi tembem lan irung pesek iku banget nabet ing ati. Nadyan ing taun-taun semono mau Ratmi B-29 populer banget ing tengahe masyarakat, ewadene ora akeh sing nyumurupi yen sejatine wadon kelairan Bandung, 16 Januari 1932 kanthi jeneng Suratmi iku uga tau ngangkat bedhil berjuwang ngukuhi kamardikaning Indonesia sing digrogoti Walanda.

Jrone tayangan Youtube asesirah Ratmi B29, Pejuang yang Melawak, disebutake yen anak saka pasangan salaki rabi Salimin karo Sainem iku ngrasakake urip sara wiwit dilairake. Nanging dheweke ngatonake bakate sing manjila ing babagan seni, mligine seni tarik swara. Swarane ulem, napase landhung. Mula wiwit taun 1943, ing umure sing durung genep 12 taun, Ratmi banjur nggamblok marang grup kroncong kang sok pentas kliling ing Bandung. Ora mung nyanyi kroncong, Ratmi uga ajar nyindhen kanthi otodhidhak. Senenge Ratmi marang nyindhen sithik akeh kaperbawan dening Sulimin sing asale saka Jogja lan Sainem sing wong saka Banyumas.

Rikala ibu kota Republik Indonesia pindhah menyang Jogjakarta taun 1946 merga Jakarta dibroki tentara NICA, saka radhio transistor Ratmi krungu pambiwara kang wose ajak-ajak marang kaum wanita amrih melu berjuwang ngukuhi kamardikan kang arep direbut bali dening Landa.

Ginugah karo pambiwara iku, Ratmi banjur ndhaptar minangka anggota Laskar Wanita Indonesia (Laswi) kang dipandhegani Ny Arudji Kartawinata, anggota Batalyon D Brigade 16 Citarum, Jawa Barat. Laswi, kang madeg ing Bandung 12 Oktober 1945, kacathet minangka laskar bersenjata wanita kapisan jroning prang kamardikan. Ratmi digamblokake marang pasukan Srikandhi.

Kanggo mikuwati Jogjakarta minangka ibu kota negara, Laswi banjur ngedegake cabang ing kutha kasebut. Lan Ratmi kapilih minangka salah sijine anggota laskar sing dipindhah menyang cabang Jogja. Ing kono Ratmi entuk jabatan minangka komandhan regu. Parandene tugase Ratmi ngrangkep minangka kurir lan juru pangisepan alias matapita, sarta mesisan minangka anggota tim hiburan.

Magepokan karo tugase mau, kanthi sesidheman Ratmi asring namur laku minangka among tani lan pepriman kanthi sandhang penganggo kumel rowak-rawek. Informasi sing kaimpun saka tengahe masyarakat banjur kanggo pancadane Laswi cabang Jogjakarta ngrabasa mungsuh.

Wektu Bandung geger, sinusul prastawa Bandung Lautan Api 1946, Ratmi hijrah menyang kutha kelairane. Nanging setaun candhake, bebarengan karo anggota Laswi cacah 20, Ratmi dikirim menyang wewengkon Jawa Wetan kanggo melu prang. Rong sasi suwene Ratmi sakanca dipapanake ing pos pertahanan ngarep dhewe, mung watara 1 kilometer jarake saka palagan. Tugase Ratmi, kejaba melu prang, uga ngirimake cadhong rangsum pangan marang pejuwang sing lagi campuh bandayuda.

Saka Jawa Wetan, sabanjure Ratmi dikirim menyang Banyumas, Jawa Tengah. Ratmi didadekake staf Batalyon Brigade D/X-16 Rowopele pimpinane Kapten Sutarko, kang markase mapan ana Banyumas iring kidul. Atas jasa-jasane mau, taun 1949 Ratmi diwenehi pangkat sersan dua (serda). Sawise Konferensi Meja Bundar ing Den Hag nyarujuki penyerahan kedaulatan saka Landa menyang Indonesia, paprangan lerem. Kabeh laskar pejuwang, klebu Laswi, dijaluk lebur dadi siji menyang organisasi sing dirasa cocog karo garis perjuwangane.

Nekuni Donyaning Seni

Sawise Laswi bubar, Ratmi mundur saka donyaning kemiliteran lan pilih mbaleni bakate minangka seniman. Dheweke kober ndhaptar menyang grup lawak Srimulat minangka penyanyi kroncong lan penari. Ratmi uga nyinau seni kethoprak lan wayang uwong ing Jawa Tengah. Dheweke urip saka panggung siji menyang panggung liyane minangka seniman tradhisional. 

Taun 1950 Ratmi bali menyang Bandung lan nggamblok marang Orkes Melayu Studio pimpinan E. Sambojan. Bareng karo bojone, Idris Indra, taun 1955 Ratmi mutusake lunga adu nasib menyang Jakarta. Ing ibu kota, lelorone ngedegake grup wayang uwong Tritunggal sing tobonge manggon ana dhaerah Kebon Kelapa, Jatinegara. Ratmi ngrangkep minangka penari, sindhen lan dhagelan.

Ratmi B-29 nalika main film bareng Benyamin S lan Ida Royani.

Nanging nalika wayang uwonge wiwit dikenal bebrayan, Ratmi malah pegatan karo Idris. Dheweke mulih maneh menyang Bandung banjur ngedegake grup Wayang Uwong Endang Rejeki taun 1957, lan omah-omah entuk Sumarno. Endang Rejeki kober dikontrak perusahaan hiburan Pancamurti 1 lan Pancamurti 2 setaun suwene kanthi main kliling ing dhaerah-dhaerah.

Telung taun sabanjure, Ratmi digoleki Benyamin Sueb saperlu ditawani main film. Ratmi tepung karo pelawak Betawi iku wektu dheweke isih manggon ana Jatinegara. Bakat senine Benyamin dhewe dipoles dening Bing Slamet, aktor film lan pelawak kondhang ibu kota.

Ratmi wekasan munggah menyang donyaning akting. Film-e sing sepisanan, Si Djimat (1960) lan sing kapindho, Kuntilanak (1961 lumayan sukses. Kejaba main film, Ratmi uga terus nekuni kabisane minangka pelawak. Kepara dheweke dadi langganane AURI. Ing acara-acara tinamtu, AURI asring ngundang Ratmi kanggo ngregengake swasana.

Ora mokal yen para komandhane AURI banjur akrab karo Ratmi. Taun 1962, petinggi AURI, Wiryadinata, menehi tambahan tenger B-29 ing samburine jeneng Ratmi. B-29 utawa Bomber 29 mujudake montor mabur pengintai mesin papat kanthi swiwi endhek sing digunakake Amerika ing kancah Prang Donya II. 

Ora ngira tambahan jeneng B-29 mau malah dadi hoki. Jeneng Ratmi B-29 saya kombul. Ordheran main film, nyanyi, nglawak, nyindhen, ngethoprak, mayang, mbanyu mili. Wiryadinata dhewe tembene diangkat minangka wakil gubernur DKI Jakarta ngampingi gubernur Ali Sadikin sing uga saka AURI.

Ing satengahe jaya-jayane mau, Ratmi mbentuk grup lawak Agora Jenaka kang anggotane dumadi saka Hardjomulyo, Drajat lan Slamet Harto. Nadyan Agora Jenaka ora bubar, Ratmi ngedegake grup lawak maneh kanthi arat Ratmi Cs bareng klawan Bendot lan Tetet. Ratmi duwe modhal gedhe minangka pelawak. Kejaba nguwasani teknik lawakan panggung, awake sing subur lan irunge sing pesek muwuhi lucune penampilan. Ora nggumunake menawa grup lawake Ratmi B-29 laris oleh tanggapan.

Ratmi B-29 pinuju nglawak karo Bendot. (repro tempo).

Ordheran main film uga sangsaya akeh. Taun 1970 upamane, Ratmi main ing film Ketemu Jodoh lan Kiranu. Saking kawentare jeneng Ratmi B-29, nganti ana perusahaan sabun colek, PT Sinar Ancol, ngetokake prodhuk kanthi jeneng B-29. Ratmi dhewe sing dijaluk minangka bintang iklane.

Ing taun kuwi uga Ratmi lan grup orkes kroncong Tetap Segar pimpinane Sujuki rekaman kaset. Jrone kaset mau Ratmi nyanyekake patang lagu kanthi judhul Pendirian Penyanyi, Aku Rela, Bimbang Hati lan Ciptaanku. Sejene Ratmi, penyanyi liyane ing kaset mau yaiku Isnarti, M. Rifai lan Masnun.

Serangan Jantung

Bebrayane Ratmi B-29 karo Sumarno pranyata ora langgeng. Nalika kariere lagi moncer-moncere, Ratmi pegatan karo bojo kapindho kuwi. Ora watara suwe saka anggone pegatan, taun 1973 Ratmi ketemu priya aran Didi Sugandhi kang umure 10 taun luwih enom. Wektu semana Ratmi lagi syuting film Ketemu Jodoh ing Bandung. Lagi nengah-nengahi njupuk adegan gambar, dumadakan Ratmi lara. Ujaring ngakeh, larane Ratmi merga kepanjingan lelembut ing Cibulan. Didi Sugandi, kru film kang tugase minangka sopir, age-age nggawa Ratmi menyang omahe bapake sing dipercaya nduweni kabisan nundhung badan alus kang ngrasuki manungsa. Sawise diusadani dening bapake Didi, Ratmi bisa waras lan mbacutake syuting film.

Saka kono thukul rasa tresna ing atine Ratmi marang Didi. Dhasar wis padha dene senenge, Didi, sing isih duwe bojo lan anak telu, lila pegatan. Dheweke banjur ngrabi Ratmi. Anak-anake Didi saka bojo sing ndhisik diopeni Ratmi lan diwengku ora beda anake dhewe.

Taun 1977 Ratmi syuting film cacah telu ing wektu kang bareng, yakuwi Direktris Muda, 9 Janda lan Hujan Duit. Tanggal 31 Desember 1977, sawise ngrampungake panjupuke gambar Direktris Muda ing Ujung Pandang (Makassar), Ratmi nedya menyang Surabaya saperlu mahargya taun anyar 1978. Mula dheweke age-age tumuju bandara amrih tekane Surabaya ora kewengen.

Nanging nalika lagi jumangkah mlebu pesawat, ujug-ujug awake Ratmi limbung banjur ambruk. Ambulans bandara sing ditekakake kanggo nggawa Ratmi menyang rumah sakit pranyata keciliken, saengga awake sing subur iku ora kamot. Pihak bandara nuli nggolekake ambulans sing luwih gedhe. Nanging nyawane Ratmi ora ketulungan. Dheweke kaselak tinggal donya rikala jroning lelaku menyang rumah sakit. Dhokter sing nitipriksa nyatakake lamun Ratmi kena serangan jantung.

Wurung mabur menyang Surabaya, jisime Ratmi banjur digawa menyang Jakarta. Tanggal 1 Januari 1978 layone Ratmi B-29 kapetak ing Taman Makam Pahlawan Kalibata, Jakarta mawa upacara kemiliteran lan dikurmati nganggo tembakan salvo. Ratmi kinubur ana taman makam pahlawan jalaran duwe Tanda Jasa Bintang Gerilya, Bintang Kemerdekaan 1 lan 2, sarta Bintang Gerakan Operasi Militer 1 lan 5. Ratmi mujudake pelawak kapisan kang jisime kasarekake ana TMP Kalibata. Ing sadawaning kariere minangka seniman, Ratmi ora kurang main ing 30 film. 

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 13