Bolsonaro Kalah, Warga Brazil Demo

Kahanan dalan-dalan ing Brazil awit dhemo warga kang nyengkuyung Bolsonaro.

Sesorah sawise etung-etungan asil pilihan, Presidhen petahana Brazil,
Jair Bolsonaro, kandha yen ora nrimakake kalah swara. Miturut priya 67 taun iku, lumakune pilihan kabiji ora adil. Ing pemilu balen kang kagelar 1 November iku, Bolsonaro kasil ngimpun swara 49,1 persen. Dene
saingane, Luiz Inácio Lula da Silva entuk 50,9 persen. Yen ditlesih, posisi iku padha karo nalika pemilu pisanan, sesasi kepungkur. Nalika iku, Lula da Silva unggul, ngimpun swara 48,4. Dene Bolsonaro, entuk 43,2 persen.

Sawise wara-wara asile pilihan, dumadi aksi protes ing sakehing papan. Nyipati kedadeyan kasebut, Bolsonaro malah kandha yen aweh panyengkuyung. “Iku wohing rasa mangkel lan lakune pilihan
kang ora adil,” ujare. Bolsonaro ngandhakake rasa panuwune marang para penyengkuyunge. Uga kanthi
trewaca mbela tumindake, nggelar aksi protes kang damai. Ananging dheweke uga ngelingake, amrih ora ana sing meksa sok sapa wae. Tegese, yen ana sing arep teka, utawa mengkone nglungani (mulih), aja nganti digawe perkara.

Ngatonake banget yen isih durung trima yen kalah swara, Bolsonaro datan aweh pambagya harja marang Lula da Silva. Ananging, dheweke uga ora karep ndedawa perkara. “Minangka presidhen lan warga negara, aku tetep tundhuk marang konstitusi,” kandhane. Bab kasebut ora mung omongan, ananging katindakake
kanthi nyata. Kabukten, miturut kandhane Kepala Staf Kepresidenan Brazil, Cio Nogueira, Bolsonaro wis miwiti lumakune srah tampa pamarentahan anyar.

Sesorahe Bolsonaro, kaajap bisa mungkasi swasana panas ing negara kasebut, sadawane rong dina sawise pilihan. Warga migunakake truk, dipapanake
ngalang-alangi dalan. Kejaba saka iku, ana sing mbakar ban, uga kendharakan kang diparkir ing pinggir dalan. Mesthi wae nuwuhake rame-rame, lan njalari dalanan macet. Kepriyea wae, pocapane Bolsonaro
minangka junjungane kang bisa ngleremake warga.

Penulis: Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 25