Yen Ilat Geni Ngancam Ndilat Situs Purba

Tumrap arkeolog saka Griffith University Australia Basran Burhan, kawasan Maros lan Pangkajene Kepulauan (Pangkep) dudu saderma alas lumrah, nanging pindhane galeri seni tinarbuka paling tuwa sadonya.

Atine Basran Burhan was-was nyumurupi dilatan ilat geni kang ngrabasa alas sangsaya nyedhaki wilayah karts Taman Nasional Bantimurung-Bulusaraung, Kabupaten Pangkajene Kepulauan (Pangkep), Sulawesi Selatan. Mungguhe arkeolog saka Griffith University Australia kuwi, yen kobare dahana ora bisa tumuli disirep, bencana kang luwih gedhe bakal sumusul: ilange lukisan manungsa purba jrone situs prasejarah taman nasional.

Sawenehe panaliti nuduhake gambar lukisan cadhas gaweyane manungsa purba ing tembok guwa prasejarah ing Kabupaten Pangkajene Kepulauan (Pangkep) Sulawesi Selatan. (Foto ANTARA)

Minangka arkeolog kang mataun-taun nganakake panaliten ing kawasan situs prasejarah Bantimurung, Burhan nganggep lukisan-lukisan purba ing watu padhas mau lagi jroning bebaya. Dheweke kuwatir karusakan permanen bakal dialami situs prasejarah sing diyakini klebu sing paling tuwa sadonya kuwi.

“Yen nganti rusak permanen, sengara bisa dipulihake,” kandhane Burhan dikutip saka Kantor Berita ANTARA, Jumuah, 16 Oktober 2026.

Miturut dheweke, ana rong prekara sing bisa njalari lukisan-lukisan purba iku rusak permanen. Sepisan, hawa panas kang kliwat wates kuwawa mahanani rusake lukisan senajan tanpa didumuk langsung dening geni. Sasabe hawa panas semromong, kandhane Burhan, keconggah ngundhakake temperatur kanthi ngeget, satemah nyepetake proses pelapukan.

“Luwih-luwih yen genine nganti nyenggol lukisan,” ujare Burhan.

Owah-owahan hawa kang drastis mau, miturut Burhan, mangaribawani timbule ekspansi termal ing watu-watu gamping. Merga watu-watu kang atusan taun suwene stabil kuwi ujug-ujug kena plenedan (tekanan) kuwat kang njalari timbule rengatan-rengatan cilik. Rengatan mau bisa mrembet nganti tekan lapisan pigmen lukisan. Akibate, lukisan iku bakal nglonthok.

Kapindho, kukuse kobongan kang ngandhut partikel karbon, dadi angus (jelaga) ing akasa, nuli kabuncang angin mencar menyang maneka arah, klebu tumemplek lukisan tembok guwa. Ing tingkat kang paling ekstrem, angus kang nemplek lukisan sangsaya suwe sangsaya kandel saengga wujude lukisan ora katon maneh.

Ilustrasi manungsa purba kang nggambari tembok guwa ing Pangkajene Kepulauan (Pangkep), Sulawesi Selatan.

Yen kekuwatirane Burhan mau nganti katemahan temenan, ateges upaya konservasi situs purbakala kang sasuwene iki ditindakake kanthi kebak pangati-ati mau bakal muspra. Kamangka Balai Pelestarian Kebudayaan Sulawesi Selatan wis nerapake aturan rapet marang pengunjung, klebu matesi wong-wong sing manjing guwa paling akeh lima. 

Cak-cakane aturan mau ora kok tanpa pawadan. Kejaba kanggo nyegah karusakan fisik, tujuwan liyane kanggo ngontrol suhu lokal lan kelembaban sakiwa tengening guwa. Malah suhu awake manungsa, yen ora diwatesi cacahe, bisa nyepetake proses gapuk (pelapukan) lukisan ing wektu sabanjure.

“Yen suhu awake manungsa wae bisa mangaribawani gapuke lukisan, apa maneh geni. Iki dudu mung prekara karhutla (kebakaran hutan lan lahan), nanging uga owah-owahan iklim mikro ana sanjerone guwa,” tuture Burhan.

Tumrap Burhan, kawasan Maros lan Pangkep dudu saderma alas lumrah, nanging pindhane galeri seni tinarbuka paling tuwa sadonya. Aneng sadawane tembok-tembok guwa kapur kuwi, manungsa purba corat-coret nggambar babi lan cap epek-epek tangan. Dinuga umure lukisan mau wis 45.000 taun. Luwih tuwa dibandhingake karo lukisan kuna ing kutha Lascaux, Prancis. 

Dhampak karhutla ing Taman Nasional Bantimurung-Bulusaraung ora mung mbesmi taneman vegetasi ing area karst nganti sapucake gumuk padhas, nanging uga ngobrak-abrik habitate sato endemik sarta musnane keanekaragaman hayati. Kepala Balai Taman Nasional Bantimurung-Bulusaraung Abdul Rajab ngandharake, ambane lahan alas kang kobong Senen, 12 Oktober 2026 34,74 hektar. Telung dina bacute, Kemis, 15 Oktober, jembare area sing kobong tambah dadi 93,43 hektar.

Geopark Meratus

Sesasi sadurunge, karhutla uga ngosak-asik kawasan situs (geosite) Unesco Global Geopark (UGGp) Meratus ing Kabupaten Hulu Sungai Selatan, Kalimantan Selatan. Tengahe sasi September kepungkur kobongan gedhen nrajang alas ing kawasan gumuk karst Gunung Batu Laki, Desa Batu Laki, Kecamatan Padang Batung iku. Gumuk karst Batu Laki kang mapan ana ledhokan (cekungan) Barito iki mujudake salah siji saka nem situs ing Hulu Sungai Selatan.

Miturut katrangane Badan Penanggulangan Bencana Daerah (BPBD) Hulu Sungai Selatan, wewengkon alas kang kobong mau ambane ora kurang saka rong hektar. Nanging manut lapuran kang ora resmi, kobongan kang wis nyedhaki pucak gunung mau dinuga luwih saka rong hektar ambane.

Rahayune aparat kang disiyagakake ana tepine alas cekat-ceket tumandang. Satemah urube geni kang mangalat-alat mau bisa enggal disirep. Prekara kobonge alas kuwi kober diaturake marang Menteri Kesehatan Raja Juli Antoni nalika ngadani kunjungan menyang Kalimantan Selatan, Kemis, 24 September 2026.

Upaya nyirep karhutla ing Taman Hutan Rakyat (Tahura) Desa Gedong Karya, Muaro Jambi, Propinsi Jambi, Senen, 19 Oktober 2026. (Foto ANTARAWahdi Septiawan).

Kepala Dinas Pariwisata Kalimantan Selatan Iwan Fitriady kang uga Ketua Harian Badan Pengelola Geopark Meratus kandha, sacara umum kahanane puluhan geosite kang sumebar ing wilayahe aman saka karusakan. Ewasemono aparat tetep disawegakake ana sacedhake Meratus kanggo ngawekani timbule karhutla susulan.

Geosites Unesco Global Geopark (UGGp) Meratus dhewe nyakup situs cacah 54 kang sumebar ana Kota Banjarmasin, Kota Banjarbaru, Kabupaten Banjar, Barito Kuala, Tapin lan Hulu Sungai Selatan. Senajan situs-situs kasebut kalis saka kobongan, nanging karhutla ing Hulu Sungai Selatan nyebabake sato-sato wana jinis bekantan lan ula padha mati gosong.

Menteri Koordinator Bidang Politik dan Keamanan (Polkam) Dudung Abdurrachman nuturake pamarentah lagi mbudidaya sakuwate amrih karhutla sacepete mendha. Upaya nyirep karhutla mau, ujare Dudung, ditandangi liwat dharat lan gegana. Mantan Pangdam Jaya iku kandha Presiden Prabowo ndhawuhake marang Badan Nasional Penanggulangan Bencana (BNPB), TNI lan Polri ngetokake kabeh piranti sing diduweni saperlu bebarengan nyirep ubale geni.

Yen sadurunge iki pamarentah ngerigake pesawat jinis Casna kanggo nyirep geni lumantar teknologi dry ice (es garing), samengko ditambah pesawat Hercules. Dhawuhe Presiden Prabowo mau diandharake nalika ngadani rapat koordinasi ing Istana Merdeka, Senen, 19 Oktober 2026. Kejaba Dudung, Panglima TNI Jendral Agus Subiyanto lan Kapolri Jendral Suyudi Ario Seto uga andher jrone patemon iku.

Samengko pamarentah isih fokus ngudi mateni kobongan ing wilayah Kalimantan lan Sumatra. Miturut Dudung ora gampang nyirep latu ing alas-alas Kalimantan sarta Sumatra merga kejaba kawasan kang kobong banget jembar, uga lahane dumadi saka gambut. Ya lahan gambut iki, kandhane Dudung, sing rekasa disiram banyu jalaran lapisane kandel. Terkadhang lapisan ndhuwur wis mati genine, nanging lapisan ngisor durung, satemah bisa bali kobar.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 405