
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Wewangunan Keraton Songenep utawa Sumenep, jaman kunane didunungake minangka punjere paprentahan sarta daleme para nata. Sairing karo jumenenge para nata, wewangunan kraton ngalami tuwuh kembang. Dinane saiki wewangunan kraton sing isih katon meger-meger yaiku yasan Gusti Raden Ayu Tirtonegoro R.…

Sinau aksara Jawa ora mung bisa klakon srana tulis utawa kertas. Salah siji carane sinau Jawa sing cukup narik kawigaten yaiku lumantar gantungan kunci. Gantungan kunci bisa dadi piranti lan medhia kreatif kanggo nyimpen tulisan mawa aksara Jawa lan sinau kanthi…

Bumi Karanganyar mapan ing antarane Kraton Surakarta lan Gunung Lawu. Sasat kabeh pawongan ngerti menawa Gunung Lawu ngandhut maewu ewu cerita kang magepokan kalawan Krajan Majapait. Pranyata, cerita cerita iku uga semebar tumeka ing karang padesan kang adoh seka Gunung…

Gumyak suka parisukane rakyat Indonesia mahargya kamardikan kaya-kaya nglalekake labuh-labete Laksamana Maeda ing dhetik-dhetik kang nemtokake mau. Desember 1946 Maeda lan staf-e, Shigetada Nishijima, dilebokake pakunjaran Gang Tengah. Pandom jam nggremet menyang angka 03.00 nalika Sukarno cecawis sega salawuhe kanggo…

Pamilihe Rengasdengklok kanggo nyingidake Sukarno-Hatta mbokmenawa ora tanpa alasan. Wektu semana ing Rengasdengklok ana markas cudan (kompi) kaloro saka Daindan (batalyon) Tentara PETA Purwakarta. Kompi PETA Rengasdengklok dikomandhani Subeno kang sa-aliran karo klompok pemudha Jakarta. Srengenge durung mlethek nalika saklompok…

Awal 1938 Soeratin mbatalake gentlemen’s agreement karo NIVU jalaran masalah prinsip. Soeratin kepengin tim bal-balan kang dikirim menyang Piala Dunia Prancis nggunakake jeneng Tim Nasional Indonesia PSSI. Nanging pamarentah Hindia Belanda ngotot nganggo jenenng Nedherlands Indishe Voetbal Unie (NIVU). Yen…

Kanthi persiapan kang mepet, Hindia Belanda minangkani undangane FIFA supaya melu Piala Dunia 1938. Arepa mung paribasan timun wungkuk jaga imbuh, nanging mungguhe Indonesia Piala Dunia 1938 nggaritake kenangan endah. Kutha Reims, Prancis, 5 Juni 1938. Wasit nyebul sempritan tandha…

Ing satengahe trajange informasi digital, kaprigelan mbedakake kasunyatan (fakta) lan warta kliru (misinformasi) wigati banget. Krenteg kang kaya mangkono kuwi sing wusanane nglandhesi gumelare SURADAYA, acara kolaborasi internasional kang nggathukake maneka warna panyarta wiwit saka Indonesia, Jerman, Prancis sajrone kagiyatan…

Pulo Medura (Madura) kang sugih tradhisi, budaya lan crita rakyat, bebasan sumber sing ora tau asat tumrap sastrawan. Maneka kearifan lokal ing Pulo Uyah iku banget narik kawigaten kanggo diangkat menyang karya sastra, becik kang arupa crita pendhek apadene puisi.…

Lukisan kanvas cacah telu karyane Kartini, Roekmini lan Kardinah ilang tanpa lari mbarengi ontran-ontran September 1965. Kapitunan gedhen tumrap sejarah nasional Indonesia. Minangka wartawan rubrik seni budaya Suluh Indonesia, ora ana kabagyan kang dirasakake Sitisoemandari kaya nalika bisa patemon karo…

Dewan Perwakilan Daerah RI srempeng ngupaya mawujude Undang-Undang Bahasa Daerah. Sebab basa-basa lokal ing Nuswantara dinane iki lagi ngadhepi ancaman serius tumuju kecuresan. Njejegake basa dhaerah padha karo ngukuhi ketahanan budaya bangsa. Perlu aksi nyata amrih ora mung kandheg ing…

Tumrap sutresna seni sandiwara kethoprak, jeneng Baron Sekeber temtu ora asing maneh ing kuping. Ing taun-taun kawuri lakon klasik Baron Sekeber asring diangkat menyang panggung kethoprak. Kisah bule Eropah kang “nrambul” jroning sejarah tanah Jawa abad pertengahan kasebut uga tinemu ana…