Ing ilmu kesehatan disebutake yen lara mripat kang aran glaukoma bisa ndadekake mripat wuta kang nomer loro sawise katarak. Lelara mripat iki umume nyerang pawongan kang wis yuswa tuwa. Nandhang wuta pancen ora ndadekake pepati, nanging paling ora bisa njalari kurang PD kang gedhe pangaribawane marang kuwalitase urip ing tengahe bebrayan.
Sawenehing kapustakan nyebutake, lelara mripat glaukoma kawiwiti klawan mripat wernane katon abang lan gatel-gatel. Yen tandha-tandha wiwitan iki ora enggal-enggal digawa menyang rumah sakit utawa dokter mata, lan antuk pangobatan bisa njalari panyawang kita dadi bureng. Malah miturut kapustakan kasebut bakal tuwuh lelara migrain (ngelu sirah separo) lan jarak panyawang winates cedhak. Yen kedadeyan iki ora enggal-enggal dikawekani kang kawogang, akibate bisa dadi wuta permanen.
Ing negara berkembang (klebu Indonesia) akeh kang ngalami sawise kahanane ala.
Tanduran Kitolod
Wayah rendhengan kaya saiki iki, mligine ing padesan, thukulan kang aran kitolod (Isotoma longiflora) wiwit katon mecungul ing sela-selane tumpukan bata utawa ing ngisor wit gedhang. Godhonge ijo cringih-cringih makutha kembange werna putih, bintang lima.
Ing padesan thukulaniki wis suwe dipigunakake kanggo tamba lara mripat. Carane: mundhut godhong kitolod 4-5 lembar. Sawise dikumbah resik nuli digodhog nganti umob nganggo banyu 2 gelas, kari 1 gelas. Diunjuk kaping pindho wayah esuk lan sore @ 1⁄2 gelas. Bisa diambali kanthi takeran kang padha nganti panyawang kita katon tambah padhang.
Ana tambahan katrangan kang ngandhake yen kasiyate godhong kitolod uga bisa kanggo tamba kewan ingon-ingon (pitik utawa menthog) kang matane lara krana tarung. Carane, kanthi mipis (ndheplok) godhong kitolod 2 lembar. Banjur ditambahi banyu anget sacukupe nuli ditetesake ing matane kewan kang lagi lara mau. Bisa diambali nganti mari.
Kandhutan kimia
Sawenehing panaliten nyebutake yen ing thukulan kitolod tinemu anane Alkaloid, Saponin, Flavonoid lan Poliferol. Campuran iki nduweni spat diuretik kang kuwagang ngetokake racun saka njero awak.
Ing ilmu kesehatan mata disebutake yen lelara mripat kaya glaukoma disebabake anane tekanan bola mata kang mundhak. Krana produksi cairan bola mata (humor akuos) kawulih-luwih utawa mampete saluran kanggo mbuwang cairan (jaringan trabekula) krana katutup iris. Yen dienengake bola mata bisa tambah gedhe, akibate bakal ndheseg pembuluh darah ing saraf mripat.
Lelara glaukoma bisa diusadani klawan ngonsumsi obat utawa operasi. Kanthi majune ilmu kedokteran lelara kasebut wis ora dadi ‘momok’ mungguhing kaum manula.
Nganti seprene pancen durung ana bukti ilmiyah kang nerangake yen godhong kitolod bisa marasake lara mripat (glaukoma) nadya wis akeh sedulur padesan kang mercayani mupangate. Pancen perlu anane bukti klinis. Nyumanggakake. Nuwun.
***
Panulis: Syt
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital







