Nasibe Sergio Perez ing Pucuking Eri

Nalika diwawancarai wartawan, Sergio Perez cegeh ngrembug dina tembene ing Red Bull Racing sawise gagal finis sajrone sprint lan balapan utama Formula 1 seri Qatar. Pembalap asal Meksiko kuwi nyadhari yen dheweke bakal saya kangelan nalika saingan ing kompetisi iki musim ngarep.

Malah, performane Perez musim iki njeblog banget. Mung nyathetake 152 poin saka gunggung jangkep 581 poin kang wis digayuh tim Red Bull. Wekasane, tim saka Austria kuwi kudu kelangan peluwang kanggo njaga gelar juwara konstruktor.

Perez miwiti musim iki kanthi becik. Pijer finis ing posisi kaloro sajrone rong balapan sepisanan. Ing nem seri sepisanan, dheweke ping papat finis ing podium sajrone balapan utama. Tur kalorone ing podium katelu sajrone sprint.

Ewasemono, wiwit seri kapitu ing Imola engga seri Qatar minggu kepungkur, Perez durung tau finis ing podium. Kepara, ing Lusail, dheweke ora bisa finis sprint lan balapan utama. Asil nguciwani iki saya ngincim kalungguhane Perez ing tim Red Bull musim ngarep.

Dene balapan seri wekasan ing Sirkuit Yas Marina, Abu Dhabi nalika Ahad (8/12/2024) bakal dadi balapan panemtu nasibe Perez ing tim Red Bull musim ngarep. Putusan kuwi bakal ditemtokake sajrone patemon sawise balapan.

Perez pancen dudu pembalap dhidhikane Red Bull kang direkrut sawise kontrake ora ditambah dening Racing Point (saiki Aston Martin) ing wekasane musim 2020. Performane Perez rikala semana ndadekake dheweke minangka pembalap level inggil kang lagi nggoleki tim.

Sauntara kuwi, Red Bull uga kurang marem kelawan performane Alex Albon kang ora bisa ngimbangi mitra tunggal time, Max Verstappen. Perez wekasane direkrut Red Bull kanggo dadi pesainge Verstappen ing sajrone tim nganti pembalap asal Landa kuwi bisa terus munggah levele.

Perez saiki lagi ana ing ngisor. Tur ora bisa dadi saingan tumrape Verstappen. Performane Perez adoh sangisore Verstappen. Mula kahanan iki bakal mbebayani, lan bisa wae digeser pembalap liya.

Saiki, kandidat kuwat kang bisa ngganteni Perez ing Red Bull yaiku rong pembalap RB, yakuwi Yuki Tsunoda lan Liam Lawson. Perez sejatine isih nyekel kontrak karo Red Bull. Semono uga kontrak kuwi uga wis ditambah rong taun nalika Juni wingi. Nanging, posisine bisa dipanggonake ing tim RB, dudu ing tim utama Red Bull.

Panulis: ARW
Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *