
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Kali Kuning minangka kali kuna kang sumbere ana ing Gunung Merapi entek-entekane ana ing Segara Kidul. Merga sumbere langsung seka Gunung Merapi, mula kali iki dadi salah sijine ilene lahar kang santer. Jebluge Gunung Merapi lan iline lahar kang makaping kaping kawit jaman kawuri, dadekake kiwa tengan kali longsor, jugrug lan mendhem samubarang klebu Candhi Kadisoka.
Candhi Kadisoka kang mapan ana Dusun Kadisoka, Desa Purwomartani, Kecamatan Kalasan, Kabupaten Sleman, Daerah Istimewa Yogyakarta, iki papane pancen pas ana sak pinggire Kali Kuning.
Harry, pegiat sejarah lan budaya mratelakake menawa Candhi Kadisoka iki ditemokake taun 2000 dening Mbah Mardi, nalika ngedhuk pasir. Crita ketemune candhi iki klebu aneh lan mawa misteri. Lumrahe, perangan candhi kang ketemu iku tinemu saka dhuwur. Beda klawan candhi iki. Kawiwitan ngedhuk pasir ing papan iki ora nemu watu candhi, ananging sawise jero anggone ngedhuk kurang luwih 3 meter, lagi nanggrok padhas kang dadi siji klawan watu candhi minangka sikilane candhi. Banjur diterusake ngedhuk kiwa tengene, lagi ketemu perangan selasar (lantai candhi).
Sawise kewiyak, wujude pesagi, cukup amba, kurang luwih 7 meter x 7 meter, madhep mengulon. Dene dhuwure sepira, durung isa kapesthekake awit materiale durung tinemu, utawa isih kependhem lan keli turut sak dawane kali. Dinuga, candhi kang kabangun ing abad 8 Masehi iki nalika semana durung sampurna, banjur keterak banjir lahar dingin seka Kali Kuning. Saking gedhene lahar, candhi iki jugrug, rubuh. Anggone keterak lahar ora ming sepisan, katitik saka fidheg-ndhegane sedimentasi) lahar dingin kang ngubur candhi iki. Saka panaliten, ana 5 lapisan lahar kang nerak candhi iki. Mula candhi iki dinuga luwi tuwa seka Candhi Sambisari kang mapan ana sisih wetan Kali Kuning. Tinemu blebekan emas minangka peripih mawa gambar kembang terate kang nuduhake Candhi Kadisoka minangka candhi Hindhu.
Deleng wujude, candhi iki memper klawan candhi-candhi liyane ing tlatah Dataran Kewu, yaiku sebutan kanggo Dataran Prambanan kang tegese dataran vulkanik subur kang ginelar saka lereng Gunung Merapi tumeka dataran rendah Bantul sarta jejeran pegunungan kapur Sewu ing sisih kidul, winatesan lembah Bengawan Solo ing sisih wetan lan perbukitan Menoreh sarta sungai Progo ing sisih kulon. Ing sisih lor kulon, winatesan klawan Dataran Kedu. Dataran Kewu iki saiki klebu ing wewengkon Kabupaten Sleman, Kota Yogyakarta, Kabupaten Bantul, Kabupaten Gunung Kidul iring elor, Kabupaten Klaten lan Solo, Jawa Tengah.
Papane kang ana sapinggire kali, candhi iki dinuga mujudake papan nenepi utawa semedi lan dedonga. Struktur kang ambane 7 meter x 7 meter, lan papane kang ana pinggir kali, dinuga candhi iki mujudake candhi tunggal. Menawa dipadhakake klawan candhi liyane kang wujud wutuh, Candhi Kadisoka luwih gedhe ketimbang Candhi Gebang kang ukurane 5 meter x 5 meter. Menawa dibandhingake candhi kang paling cedhak yaiku Candhi Sambisari, ambane Candhi Kadisoka iki ming separone, awit Candhi Sambisari ambane 14 meter x 14 meter.
“Nanging Candhi Kadisoka iki bisa luwih amba, amarga seka kedhukan ing pojok lor kulon kang dohe kurang luwih 12 meter saka punjere candhi, tinemu anane kothak peripih, lan perangan pager uga durung ketemu. Dadi, bisa luwih amba maneh,” Harry mungkasi ceritane.
Beda klawan critane Kasyanto, petugas kang dina dina tansah ngrumat candhi iki. Candhi kang kiwa tengene dadi papan ngingu iwak iki, pancen tetep katon wi-ngir. Ora nggumunake awit mapan ana sapinggire Kali Kuning, kali kang kaloka minangka “jalan tol” saka Segara Kidul tumuju Gunung Merapi, mula uga akeh kedadeyan kang ora tinemu nalar, apamaneh ing papan kang mujudake kanggo nenepi.
Wis makaping kaping dheweke mrangguli kedadeyan kang nyalawadi. Rikala sepisanan tugas ana ing papan iki, Kasyanto rumangsa dimanggakake dening sing mbaureksa. Ora ana udan ora ana angin, wektu dheweke resik-resik, dumadakan weruh wewujudan kethek putih kang gedhene meh padha karo wong diwasa. Lungguh mangkruk mangkruk ana pager sisih kidul. Ditamatake suwe, meneng wae ora ganggu gawe. Ditinggal mengo nerusake reresik, dumadakan kethek putih wis ilang, pindhah ana ing pojok pager sisih lor wetan. Banjur ilang lap… ora weruh juntrunge.
Kedadeyan kang luwih nyalawadi lan dititeni dening wong sak kiwa tengene candhi, ing wengi wengi tertemtu, kadhangkala katon cahya sumunar mabur seka elor, menawa ditamatake kadya wewujudan wong wadon, kanthi sandhangan widadari, banjur mudhun, tumurun lan ilange ana ing punjere candhi.
Miturut Kasyanto, ya widadari iku kang selawase nunggu utawa dadi panjagane Candhi Kadisoka. Emane, tekan saiki dheweke ora bisa wawancara utawa jejagongan, senadyan anane widadari iku babar blas ora ngganggu gawe, malah bisa dadi kanca anggone jaga Candhi Kadisoka.
Muga muga tetep lestari lan ngrembaka supaya candhi iki bisa dirumat kanthi luwih becik, utamane akses dalan tumuju candhi, lan enggal kewiyak wujud asline.
***
Panulis: Dwi Ony Raharjo