Seni reyog katetepake minangka warisan donya jroning sidhang UNESCO sing digelar ana kutha Asuncion, Paraguay, sawijine negara ing Amerika Latin sing adoh banget jarake saka Kabupaten Ponorogo.

Bupati Ponorogo kapilih, Sugiri Sancoko, duwe alesan dhewe geneya mbangun Monumen Reyog sing dhuwure ngluwihi reca Garuda Wisnu Kencana ing Kabupaten Badung, Bali. Reca yasane seniman patung Nyoman Nuarta kang dumunung ana Taman Budaya Garuda Wisnu Kencana iku dhuwure 122 meter.
Suprandene Monumen Reyog sing lagi proses dibangun ana Gunung Gamping, Desa Sampu, Kabupaten Ponorogo, Jawa Wetan kuwi mengkone luwih dhuwur 2 meter dibandhingake Garuda Wisnu Kencana. Kabare, proyek kasebut diragadi nganggo anggaran pamarentah Rp 76,6 miliar.
“Papan wisata mono ora beda kenya. Penampilane kudu wangi lan ayu. Kudu mikat ati. Kenya kang memikat ati iku yen ora dhuwur dedege ya endah warnane. Nah, aku milih lelorone, ya dhuwur, ya endah,” kandhane Sugiri sawise ngestreni syukuran panetepane kesenian reyog minangka warisan dunia tak benda UNESCO, ing Kantor Kementerian Koordinator Perekonomian, Jakarta, kaya sing dikutip saka Kantor Berita Antara, Setu, 11 Januari 2025.
Sugiri ngajab, kanthi bentuk monumen kang gedhe njenggarang mau wisatawan kedudut atine banjur kesdu nekani objek plesiran kuwi. Ora mung nonton reca reyog sing dhuwur anggrung-anggrung wae, nanging uga ana aspek edukasi sing bisa dipethik wisawatan. Sebab ora adoh saka monumen mau bakal dibangun museum sing mamerake koleksi kawruh-kawruh sakiwa tengene seni reyog, sarta artefak-artefak kang magepokan karo sejarahe reyog.
Sugiri nemenake Monumen Reyog kang nduweni ruwangan tundha 26 iku samapta di-launching kanggo masyarakat umum ing taun iki awit proses pambangunane wis nggayuh 95 persen. Sasi Pebruari iki, manut Sugiri, bangunan inti-ne dikira-kira wis beres.
Sekretaris Kementerian Koordinator Perekonomian, Suswijono Moegiarso, mratelakake pambangunan monumen reyog sing bakale dipaedahake minangka objek wisata iku gedhe gunane. Ora mung kanggo sarana ngipuk-ipuk kabudayan, nanging uga dadi sumber ekonomi anyar tumrap warga Ponorogo.
Kementerian Koordinator Perekonomian, ujare Suswijono, banget nyengkuyung program kuwi kanthi nyengkuyung mawujude industri pariwisata Ponorogo. Salah sijine sing ditindakake pamarentah pusat yaiku mbagun infrastruktur kang tumuju lokasi monumen. Upamane njembarake dalane, ngalusake aspale, sarta ngedegake panginepan tumrap wisatawan.
“Presiden Prabowo paring target pertumbuhan ekonomi 8 persen, salah sijine disumbang saka sektor pariwisata. Monumen Reyog iki diajab dadi objek wisata sing mengkone bisa menehi tambahan pemasukan,” ujare Suswijono.
Ora mokal menawa Sugiri Sancoko banget semangat kepengin enggal mawujudake Monumen Reyog mau. Sebab dhek dina Selasa, 3 Desember 2024 kepungkur United Nations Educational, Scientific and Cultural Organization (UNESCO) resmi netepake Reyog Ponorogo minangka warisa dunia tak benda. Panetepan iku ditindakake jroning sidhang kaping 19 Komite untuk Perlindungan Warisan Budaya Tak Benda (19th Session of the Committee for the Safeguarding of Intagible Cultural Heritage UNECO). Sidhang digelar ana kutha Asuncion, Paraguay, sawijine negara ing Amerika Latin sing adoh banget jarake saka Kabupaten Ponorogo.
Sadurunge nuthukake palu prantandha mupakat, pimpinan sidhang, Nancy Ovelar de Gorostiaga, ngajokake pitakon marang pasarta dhelegasi saka maneka negara apa ana sing kabotan yen Reyog Ponorogo ditetepake dadi warisan dunia tak benda. Kabeh pranyata mupakat, tanpa ana siji wae perwakilan negara sing cluluk kabotan. Saengga pangakuwan kesenian khas Ponorogo kuwi minangka warisan donya katindakake sacara aklamasi. Saisine ruwangan keplok mawurahan nalika Nancy nuthukake palu sidhang.
Delegasi Tetap RI untuk UNESCO Mohamad Oemar sing uga ngestreni sidhang kasebut ngaturake panuwun marang UNESCO. Sebab, Reyog Ponorogo pancen mbutuhake kawigaten amrih ora cures. Ing dina samengko, kandhane Oemar, para pemaine seni reyog wis didhominasi wong-wong tuwa awit angele ndhedher pemain nom-noman. Ancaman cures dudu barang mokal yen para leluhure gagal nindakake regenerasi reyog.
Menteri Kebudayaan Fadli Zon, lumantar video kang dipitontonake sacara daring ing ruwang sidhang, ngandharake lamun Reyog Ponorogo mujudake simbol ikonik kuwat saka saperangan kasugihan budaya sing diduweni Indonesia. Fadli nedha nrima dene UNESCO wis kesdu menehi kategori urgent safeguarding list marang Reyog Ponorogo.
“Pangakuwan iki ora mung dadi pambombong, nanging uga ngelingake yen kita kabeh duwe tanggung jawab kolektif kanggo nglestarekake kasugihan budaya iki marang generasi penerus,” tuture Fadli Zon.
Miturut Fadli reyog wis makili identitas semangat uripe warga Ponorogo ma-abad-abad lawase. Bab kuwi dadi bukti nyata sesambungan kang harmonis antarane musik, tari, lan mitologi jrone mawujudake nilai-nilai kreativitas kang luhur. Reyog Ponorogo, kandhane Fadli Zon, uga gambaran saka ajaran gotong royong. Awit ing njerone ana proses panggawene topeng dhadhak merak sing rumit, seni tari, sarta orkestrasi gamelan adhedhasar pakem.

Maneka versi ngenani asal-usul sejarahe reyog lan warok. Nanging kang paling populer ing masyarakat ana loro. Sepisan, critane Ki Ageng Kutu kang oncat saka Kraton Majapahit awit ora sarujuk Bhre Kertabumi (raja pungkasan) nggarwa putri saka Tiongkok. Nalurine Ki Ageng Kutu ngandhakake menawa ora suwe maneh Majapahit bakal ambruk. Kejaba tekaning ‘ancaman’ agama anyar sing digawa Raden Patah, kahanane njerone Majapahit dhewe wis bobrok merga akehing nayaka praja sing korupsi. Mula Ki Ageng Kutu banjur lunga menyang tlatah Wengker. Ing kana dheweke ngedegake paguron ngelmu kanuragan sarta kasampurnan kang saperangan gedhe siswane dumadi saka bocah-bocah enom. Ki Ageng Kutu ya Warok Surya Ngalam darbe gegayuhan bisa mbangkitake kajayaning Majapahit ing dina tembe.
Ngrumangsani kekuwataning Kademangan Kutu durung sababag kanggo ngraman, Ki Ageng Kutu banjur gawe pasemon arupa seni reyog. Ing kono ditampilake singa barong alias dhadhak merak minangka simbule Bhre Kertabumi sing nggugu karepe dhewe. Uga penari jathilan saka kalangan gemblak kang klemak-klemek nunggang jaranan minangka pasemoning prajurit Majapahit kang lembek. Kontras karo paraga warok andel-andele Kademangan Kutu sing sentosa sarta sekti.
Raja Kertabumi sing ora seneng disemoni kaya ngono wusana banjur ngirim wadya bala kanggo nggempur Kutu. Ing versi liya paraga kang dikirim Raja Majapahit ngendharat Ki Ageng Kutu mau aran Raden Katong. Nadyan Ki Ageng Kutu tinggal donya jroning gempuran mau, nanging seni reyog sing wis mbalung sungsum ing atine masyarakat mau ora dilarang waton critane diowahi kanthi nambahake kharakter paraga Klana Sewandana, Dewi Sanggalangit, lan Sri Genthayu.
Wondene crita versi resmi ngenani asal-usule reyog sing diakoni pamarentah yaiku bab Raja Ponorogo Klana Sewandana sing nglamar Dewi Ragil Kuning menyang Krajan Daha (Kediri), nanging ing tengah dalan dicegat dening Raja Singa Barong. Pendhereke Klana Sewandana kang dumadi saka Patih Bujang Ganong lan para warok iku campuh bandayuda lumawan wadya bala Singa Barong sing prajurite arupa singa lan merak. Kharaktere paraga-paraga jroning lelakon kuwi sabanjure diangkat menyang joged seni reyog.
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi






