Kiprahe Radhio lan TV Garuda Suriname Nguri-uri Basa Jawa

Cindy kandha warga keturunan Jawa ing Suriname saperangan gedhe isih nguri-uri basane leluhur. Nanging racake mung lancar caturan ngoko. Yen nganggo krama inggil, malah akeh sing ora mudheng. Wondene basa Indonesia, malah babar pisan ora dhong.
Cindy Radji (tengah), Managing Director RTV Garuda Suriname NV.

Pageblug Covid-19 kang mrantak saindenging donya katut mangaribawani kegiyatane Radhio lan TV Garuda Suriname  kang studhione mapan ana kutha Paramaribo. Cindy Radji, managing director-e stasiun televisi kasebut ngandharake, saploke virus corona ngrebda menyang tilas negara jajahane Walanda kuwi, program-program sing sipate ngundang pengisi acara menyang studhio kepeksa dijabel. Jadwal rutin sapatemon karo sutresna budaya Jawa, kanggo sauntara uga disuwak.

“Sing genah malih ora bisa sapatemon fisik,” ujare  Cindy nalika dhiskusi virtual kanthi tema Eksistensi Media Berbahasa Jawa Di Era Digital kang dianakake dening Radio Katolikana, Jumuah bengi (21/1). Kejaba Cindy Radji, dhiskusi daring mau uga ngundang Kukuh S.W saka Panjebar Semangat lan Wakil Ketua PWI Jawa Timur Mahmud Suhermono minangka pemateri.

TV Garuda mujudake stasiun televisi sing dikemonah Cindy Radji mbacutake ingkang rama, Tommy T. Radji, kang tinggal donya taun 2016 kepungkur. Giyarane mligi ngenani seni lan budaya Jawa. Basane penyiar uga nggunakake basa Jawa. Kejaba televisi, Cindy uga ngemonah Radhio Garuda sing giyarane uga mligi bab kabudayan Jawa. Kepara giyarane Radhio Garuda ngedhur 24 jam tanpa mandheg. Mbokmenawa ing tanah Jawa dhewe malah ora ana radhio sing giyaran 24 jam nganggo basa Jawa.

Ora bisa ngadani acara kumpul-kumpul kaya ing kahanan normal, njalari Cindy muter uteg amrih pandhemen seni lan budaya Jawa ing Negara Suriname umume lan kutha Paramaribo khususe, ora kelangan hiburan. Mula dheweke banjur ngakeh-akehi muter vidheo lagu-lagu abasa Jawa saka penyanyi-penyanyi Indonesia, kaya dene Didi Kempot, Mus Mulyadi, Sundari Sukoco lan liya-liyane.

“Kang paling disenengi generasi tuwa, klebu para pensiunan, iku musik kroncong lan gamelan. Uga wayang, kethoprak, dhagelan, sarta berita-berita saka Indonesia, utamane kang abasa Jawa,” ujare  generasi katelu saka keturunan Jawa ing Suriname mau.

Cindy kandha warga keturunan Jawa ing Suriname saperangan gedhe isih nguri-uri basane leluhur. Nanging racake mung lancar caturan ngoko. Yen nganggo krama inggil, malah akeh sing ora mudheng. Wondene basa Indonesia, malah babar pisan ora dhong. Mula TV Garuda banjur nggandheng JTV, stasiun televisi lokal Surabaya, masok program-program berita basa Suroboyoan, antara liya lumantar program acara Pojok Kampung lan Blakrakan. Ing Suriname dhestun basa Suroboyoan malah dipahami dening warga masyarakat.

Nanang Purwono, kang mandhegani program Blarakan, malah kober sanja menyang studhione RTV Garuda Suriname taun 2016 kepungkur. Tekane Nanang menyang TV Garuda mau mujudake ‘kunjungan balasan’ sawise Tommy Radji nekani studhione JTV setaun sadurunge saperlu kerja bareng ngenani ijol-ijolan program acara.  Nanang eram ndulu studhione RTV Garuda awit  kabeh wis sarwa digital. “Kanggo ukuran stasiun televisi, piranti-piranti ing RTV Garuda wis onjo banget,” kandhane Nanang marang Panjebar Semangat, Slasa (25/1).

Miturut Nanang pranakan Jawa ing Suriname racake ngelak hiburan lan kabar saka tanah Jawa. Ora mokal yen hiburan-hiburan kaya dene dhagelan Kirun Cs, Precil-Yudho, Ja Klithik – Ja Kluthuk, banget disenengi ing kana. Saliyane kuwi, yen ana wong Jawa sing teka, akeh anggota komunitas masyarakat keturunan Jawa sing nungsung kabar ngenani tanah Jawa. “Bali saka nekani studhione TV Garuda, aku diampirake menyang  omahe sesepuh komunitas keturunan Jawa. Aku dikon crita bab kahananing Jawa,” tuture Nanang.

Cindy Radji mratelakake basa Jawa ing Suriname ngadhepi ancaman cures yen generasi mudhane ora gelem memetri minangka basa tutur pandinan. Basa Jawa ing Surimane, miturut Cindy, sejatine padha populere karo basa Landa. Nanging akhir-akhir iki bocah-bocah enom luwih seneng caturan nganggo basa Landa.

Salah sijine cara amrih basa Jawa ora cures, miturut Cindy, yaiku kudu dikulinakake dienggo caturan ana lingkungan kulawarga. Cindy kandha dheweke wis nyoba nindakake cara iku kawit anake loro isih cilik-cilik. Nalika anak-anake sangsaya gedhe, kang mbarep wis atul ngomong Jawa. Nanging sing ragil isih kangelan ngucap  nadyan yen diajak kekandhan ngerti. “Tanpa dikulinakake, basa Jawa ing Suriname bisa kalindhih dening basa liyane, mligine basa  Landa,” ujare Cindy.

Tommy Radji

Cindy Radji nuturake, Radhio Garuda wiwit giyaran tanggal 20 Pebruari 1996, utawa 105 taun sawise rombongan sepisanan wong Jawa sing digawa Landa ndharat ana pelabuhan Paramaribo. Radhio Garuda didegake dening Tommy Radji, generasi kapindho saka wong Jawa ing Suriname mau. Tommy Radji mujudake pengusaha dol tinuku sepedha onthel. Dheweke duwe toko sepedha De Tweewieler, ana ibu kotane “cuwilan Jawa ing pucuk donya” mau.

Tommy Radji (nomer telu saka kiwa) karo Didi Kempot. Paraga loro kang gedhe labuh labete marang ngrembakaning basa Jawa kuwi wis katimbalan.
(foto repro)

Nadyan mung dodolan sepedha pancal, parandene usahane Tommy Radji iki klebu sukses. Jrone artikel asesirah Jual Sepeda Onthel untuk Biayai TV dan Radio Jawa ing koran Jawa Pos edisi 24 Agustus 2015, disebutake menawa bisnise Tommy Radji mau kepetung lancar. Sebab, sepedha pancal isih barang langka ing Suriname, mula banjur akeh uwong kang padha tuku alat transportasi kasebut menyang tokone Tommy.

Nadyan sawijining pebisnis, nanging Tommy Radji nduweni rasa tresna kang gedhe marang basa Jawa. Idhealismene marang samubarang kang gegayutan karo Jawa, dhuwur banget. Dheweke kepengin basa Jawa sangsaya ngrembaka ing Suriname. Mula kanthi dimodhali dhewe, Tommy Radji banjur ngedegake Radhio Garuda kang giyarane mligi basa Jawa. Program siarane uga dijenengi basa Jawa, upamane Warta Kesripahan, Kotak Lawas (pilihan pendengar) lan liya-liyane.

Miturut Cindy Radji, ora suwe sawise Radhio Garuda giyaran, pandhemene wis akeh banget. Giyaran kabudayan Jawa sarta lagu-lagu saka Indonesia dadi acara favorit. “Sing paling disenengi lagu-lagu campursari, utamane lagu-lagune Mas Didi Kempot lan Mus Mulyadi. Dene penyanyi basa Indonesia populer ing kene antara liya Is Haryanto lan Edy Silitonga,” ujare Cindy.

Patang taun sawise Radhio Garuda giyaran, Tommy Radji ngedegake TV Garuda. Padha karo Radhio Garuda, TV Garuda uga nggunakake basa Jawa ing giyaran-giyarane. Program-program acarane meh kabeh ngenani seni lan budaya Jawa. Amrih stasiun televisi kasebut cepet moncer, Tommy Radji ngundang penyanyi lan pelawak saka Indonesia. Ragad lan honore nekakake bintang tamu iku dicukupi dhewe. Salah sijine penyanyi sing kerep diundang menyang Suriname yaiku Didi Kempot, kang nalika kuwi durung pati populer ing Indonesia.

Ana negara kang mapan ing Benua Amerika iku Didi Kempot kawentar wiwit awale taun 2000. Konser-konsere, becik ing njero gedhong utawa ana lapangan tinarbuka, ajeg jejel riyel penonton. Saking kalokane, salah siji lagune Didi Kempot dienggo sarana kampanye dening partaine wong Jawa, D-Selikur (Demokrasi Abad 21), ing Pemilu 2005. Nalika dadi tamu ing program acara Kick Andy Metro TV taun 2019, Didi Kempot pratela menawa dheweke wis wira-wiri Indonesia – Suriname kaping 13. Presenter Kick Andy, Andy F. Noya, gedheg-gedheg. “Aku sepisan wae durung,” kandhane. Diakoni apa ora, kuncarane Didi Kempot ing Suriname merga asring tampil ana TV Garuda mau. Yen ing Indonesia “dhemam” Didi Kempot lagi kelakon taun 2019, ateges wong Jawa dhewe ketinggalan adoh karo Suriname jrone ngapresiasi. “Mas Didi Kempot pancen akeh banget penggemare ing Suriname,” ujare Cindy Radji ngenani maestro campursari kang tinggal donya dhek tanggal  5 Mei 2020 iku.

Panulis: Kukuh Setyo Wibowo

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 340

4 Comments

  1. Menawa aksara Jawa ing Suriname kepriyè, apa isih dianggo tulis tinulis basa Jawa sedulur Suriname ana kana, apa malah ora ana kang bisa maca aksara Jawa manéh?

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *