Acara dhaup temanten ing Purwakarta, Jawa Barat salin wujud dadi kedadeyan kang ngegerake lan kebak dening rasa kamiwelasen. Cinetha, sang bapak saka temanten putri gemlethak tanpa daya sawise nampa pamilaran (kekerasan) saka oknum preman wewengkon kasebut jalaran ora gelem mbayar ‘uang keamanan’.

Tangise pasangan temanten lan jlerite para tamu undangan nalika kuwi banjur wimbuh swasana ora karu-karuwan. Kepriye ora? Acara sing kudune dadi momen suka-bagyane pamangku gati sakeluwarga malah dadi papan duhkita.
Kedadeyan kasebut sejatine mbabar perkara mirunggan bab ngrukti sesambungan sosial ing panguripane masarakat. Acara dhaup temanten sasuwene iki dipahami minangka papan pangruktine sesambungan sosial mungguh kulawarga, tangga-teparo, lan para kerabat. Mulane tumekane wong liya sajrone acara kasebut bakune kanggo ngrukti sesambungan sosial amrih tetep harmonis antarane pawongan siji lan liyane.
Kabeh suku ing saindenge Indonesia kudune wis ngecakake paham kang kaya ngene iki. Apamaneh mungguh suku Jawa. Slaras karo pamerange kabudayan Jawa miturut gagasane Koentjaraningrat sing ngenani Sistem Klasifikasi Simbolik ing buku Kebudayaan Jawa (1984), acara dhaup temanten klebu pepanthane sistem religi lan minangka bageyane nyurteni dhiri.
Wondene mungguh babagan pangruktine sesambungan sosial ing dhaup temanten dhasare pancen tuwuh saka anane karukunan. Bab iki wis suwe digagas dening Franz Magnis Suseno minangka paugeraning rukun (prinsip rukun) ing bukune kang asesirah Etika Jawa (1981) nerusake andharane Hildred Geertz.

Carane netepi paugeraning rukun kuwi klakon kanthi ngukuhake sikap rasa-pangrasa mring liyan. Suseno uga nyethakake yen tata cak-cakane paugeraning rukun bisa katindakake kanthi nyingkrihi tumindak ngganggu-gawe marang kaslarasan kang wis ana ing masarakat. Salah siji tumindak ngganggu-gawe kang bisa nyintrakani paugeraning rukun yaiku premanisme kaya dene kang kababar ing tulisan iki.
Premanisme lan Owah-Owahan sajrone Sesambungan Sosial
Anane premanisme sinartan karo tumindak pamilaran ing acara dhaup penganten nuduhake gegambaran bab owah-owahan kang dumadi sajrone sesambungan sosial. Premanisme ing konteks iki nyakup maneka tumindak kaya dene pamilaran nganti paripeksan kaya dene njaluk dhuwit kanthi meksa utawa pangincim. Praktek kaya ngene iki apa ya ing rejaning jaman iki isih lumrah dumadi ing maneka papan tur kanthi tatacara premanisme kang padha kaya ngene iki?
Yen ya, cetha lamun kehing kahanan, saorane ora akeh tur utawa babar pisan ora ana masarakat kang nampik premanisme. Tur ing kasunyatane, sadawane taun 2025, Satgas Premanisme Jawa Barat nyathet saorane ana 20 kasus premanisme kanthi maneka tataran pelanggaran. Angka iki nuduhake yen premanisme isih sok klakon tur gedhe gunggunge. Rasa wedi sarta pakulinan kang wis kawujud wiwit suwe agawe premanisme kaya-kaya dadi sega jangane masarakat saben dinane.
Kahanan kasebut bisa dipahami lumantar jlentrehane Emile Durkheim ing bukune kang judhule The Division of Labor in Society (1893). Durkheim nggambarake kahanan nalika pranataning bebrayan wis ora maneh dituhoni satemah sapa wae bisa tumindak tanpa nggatekake wewatesan kang satemene wis ana.
Nah ing kahanan kang kaya ngono kuwi, sesambungan sosial klakon tanpa ancas kang cetha lan saben pawongan nindakake apa wae kanthi ngugu karo karepe dhewe. Wusanane pangecake pranataning bebrayan dening masarakat bakal selot cures.
Gegambaran kasebut katon sajrone pangruktine sesaambungan sosial sing mbiyene dijaga kanthi bareng, ning saiki wis beda. Paugeraning rukun kang nengenake babagan harmoni wis kelangan daya kanggo nyirep konflik. Ruhara kang dumadi satengahe warga malah sok muncul lan sesambungan sosial wis ora maneh linandhesan dening guyubing warga. Saben wong sok nuruti butuhe dhewe tanpa pawitan keh tetimbangan.
Sauntara kuwi, gagasane Franz Magnis Suseno sajrone buku kang wis kasebutake sadurunge nandhesake lamun etika Jawa linandhesan dening rasa-pangrasa marang liyan. Ing padinan, bab kasebut bisa dicakake kanthi ampet nepsu kaya dene ora ngomong kasar ing sangarepe umum, ora mirang-mirangake wong liya, utawa pilih ngalah kanggo njaga karukunan bareng.
Sikap sing kaya ngono kuwi agawe wong mikir pindho sadurunge tumindak. Dene nalika rasa-pangrasa wiwit cures, pawongan dadi gampang nglakoni apa wae tanpa nenimbang kawusanane. Pamilaran kang dumadi ing acara dhaup temanten ing Purwakarta kasebut nuduhake yen gagale pangruktine sesambungan sosial dijalari dening curese rasa pangrasa.
Njaga Paugeraning Rukun kanggo Ngrukti Sesambungan Sosial
Kedadeyan ing Purwakarta nuwuhake piwulang wigati bab pentinge ngrukti sesambungan sosial sajrone pangripane masarakat. Tekanan ekonomi, saya akehe pengangguran, lan kacingkrangan dadi sebab-musabab kang njalari anane owah-owahan sajrone masarakat.
Luwih-luwih, Data Badan Pusat Statistik nuduhake lamun cacahe pengangguran ing Jawa Barat tembus angka 1,77 yuta wong ing taun 2025. Angka kasebut nuduhake tekanan sosial kang ora cilik sajrone panguripane masarakat. Sabageyan pawongan ing kahanan kaya ngono kuwi kanthi alamiah bakal nindakake cara-cara kang ora slaras karo pranataning bebrayan.
Kawusanan kang ditimbulake saka anane premanisme ora kandheg ing kono. Nanging bakal rumembet ing maneka aspek panguripan, klebu urusan ekoomi. Minangka cathetan, kanggo rata-ratane, data nuduhake lamun ICOR (Incremental Capital Output Ration) Indonesia ana ing angka 6,47, luwih dhuwur tinimbang negara-negara tangga teparo. Ateges, beya sajrone kegiyatan ekonomi mungguh masarakate awake dhewe isih dhuwur, klebu sing dijalari dening premanisme.
Satemah, beya tambahan kang disetorake kanggo ‘uang keamanan’ agawe sapa wae kudu ngetokake redana luwih saka sing samesthine. Kahanan iki bisa terus-terusan kambalan jalaran perkara sosial lan ekonomi padha magayutan.

Wondene kalungguhane aparat uga dadi bageyan wigati sajrone njejegake wewatesan kang cetha ing masarakat amrih ora ana tumindak premanisme apamaneh nganti pamilaran. Tumekane aparat asung pangayim marang masarakat lan uga mesthekake dene sesambungan sosial tetep jinaga. Upaya kasebut lumaku kairingan karo panguwate paham budaya kang sasuwene iki dadi lelandhesaning panguripane masarakat.
Semono uga, gagasane Emile Durkheim ing buku kang wis kasebutake ing ndhuwur ngelingake lamun urip bebarengan merlokake aturan kang dituhoni kanthi setii. Aturan kasebut kawujud lumantar katamtuan sing wis disarujuki bareng lan ing sikape masarakat saben dina. Nalika kekarone padha nglokro, sesambungan antarane pawongan siji lan liyane uga bakal katut kena akibate.

Acara dhaup temanten dadi papan ketemune pawongan siji lan liyan kanthi ancas ngrukti sesambungan sosial. Swasana kang tartib lan ajen-ingajenan agawe sapa wae rumangsa aman. Paugeraning rukun sejatine tuwuh lumantar tumindak kang prasaja wae, kaya dene ngregani pamangku gati, njaga ucapan, lan ora nggawe gegeran. Saka kono, kapercayane para warga bakal katut kabangun kanthi becik. (*)
Panulis: Ahmad Rizky Wahyudi



